Tuesday, April 22, 2014

A.       Kawruh Padhalangan

Sadaya ingkang sami sinau padhalangan punika, langkung rumiyin prayoginipun kedh nyumerapi paprincening kawruh padhalangan. Wondene sawatawis minangka ancering badhe kapratelakaken kados kasbut ing ngandhap punika.
Kawruh padahalangan kaperang dados 2 golongan, inggih punika Wadhah lan Isi.
               Dene pratelanipun kados ing ngandhap punika:
a.       Wadhah:      
1.      Cepengan, Tanceban, tuwin sabet.
2.      Suluk-sulukan, Pathet, Sendhon, adha-adha.
3.      Basa/ tembung-tembung.
4.      Dhodhogan, tuwin keprakan.
b.      Isi:
1.      Antawacana/pilah-pilahaning suwanten.
2.      Sem/saged damel sengsem.
3.      Nges/ saged ngengingi raos/karaos.
4.      Nawung kridha/sambung rapet/sanggit.
5.      Sambegana lebda ing kawruh.
6.      Udanagara/traping unggah ungguh.

Kapaados cetha lan gampil panyinaonipun , bab-bab kasbut nginggil, kapratelakaken paprincenipun kados ing ngandhap punika.
1.      Bab Cepengan
Ing ngriki perlu katerangaken langkung rumiyin bab gapit wayang cempurit; perangan sangandhaping suku wayang punika winastan rempag. Rempag kaperang dados 4, nginggil  piyambak ingkang mawi geret-geret winastan picisan. Sangandhapipun/ ingkang legok winastan lengkeh, ngandhapipun malih ingkang mbledhuk winastan genukan, sangandhapipunngantos dumugi pethit winastan antup. Dene gapit kewan-kewan tuwin ampyak punika limrahipun gepeng, inggih punika ingkang dados wawaton panyepenging ringgit. Kadosta:
1)      Ringgit Putren; panyepenging ringgit putren punika kedah nethit/wonten antup, patraping panyepeng kados ngasta gagang pen.
2)      Ringgit Bambangan/putran; panyepenging ringgit bambangan/putran punika wonten perangan genukan, patraping panyepeng manawi lampahing alon sami kados ringgit putren kasbut, nanging manawi lampahipun kasesa, panyepengipun ngrenggep(nggegem).
3)      Ringgit tanggung; panyepengipun ringgit tanggung punika wonten ing lengkeh, patraping panyepeng ngrenggep/nggegem.
4)      Ringgit dugangan ageng ngantos Ratu Denawa ageng; panyepenging ringgit ageng punika wonten ing picisan, patraping panyepeng ngrenggep/ngggem.
5)      Ringgit ampyak tuin kewan-kewan; panyepenging ampyak tuwin kewan-kewan punika hanjagal, tegesipun asta ngantos nyepeng palemahanipun wayang. Kajawi manawi kewanipun punika peksi, awi mbetahaken aburan nginggil, mila panyepengipun ugi methit.

B.        Cepengan Ringgit Salebeting Lumampah

1. Cepengan Ringgit Putren Salebeting Lumampah

            Sedaya lampahing ringgit punika kaemper kaliyan wewujudanipun sarta wewatakanipun tuwin raosipun, dene pratelanipun mekaten :
Menawi hanglampahaken ringgit putren salebeting raos mardika mongka irama tamban, panyepenganipun kados kasebut perangan ing nginggil, dene panyepengan tudingan wonten warni kalih :
1.       Tudingan kalih-kalihipun kenging karangkus dado setunggal.
2.       Asta Ngajeng katekuk mangajeng, epek-epek katempelaken sahandaping sabuk, asta wingking kapetha lambehan.
Manawi lampahipun hangemu raos sungkawa, lampahipu alon semu tumungkul, asta ngajeng kacenthelaken ing pundak wingking, asta wingking kaumbar (mboten lambehan).
Manawi lampahipun ngemu raos kasesa (sereng), lampahipun rikat patrapipun ngasta tudingan ugi warna kalih :
1.       Asta ngajeng katekuk mangajeng, asta wingking katekuk mawingking, epek-epek kalih pisan katempelaken sangandaping sabuk.
2.      Asta kalih pisan (tudingan)karangkus dado setunggal.
Dene manawi ingkang kalampahaken putren lanyap. Tindak tuwin lambehanipun kapetha radi rongeh. Manawi putren luruh, tindak tuwin lambehanipun kapetha alus.
2.  Lampahipun Ringgit Bambangan, Tuwin Ringgit Putran

a.   Manawi ingkang kalampahaken ringgit alusan, monka salebeting swasana mardika, lampahipun alon, asta ngajeng katekuk mangajeng, epek-epek katempelaken sangandaping sabuk, asta wingking kapetha lambean.
b.  Manawi ing salebeting swasana sisah/sedhih, lampahipun ugi alon, asta kalih pisah lurus mangandhap, tudingan kalih pisan karangkus dados setunggal kalian rempag. Tuwin epek-epeking asta ngajeng kachentelaken wonten sawingkinging bangkekan/pundhak, asta wingking kaumbar semu tumungkul.
c.   Manawi lampahipun wonten salebeting swasanasereng/kasesa, asta ngajeng katekuk mangajeng, asta wingking mathentheng, lampahipun rikat, nanging inggih katingalan alusipun.
d.  Manawi ingkang kalampahake putran utawi/satriya lanyapan, ing salebeting swasana mardika, asta wingking mathentheng, asta ngajeng kapetha lambehan, lampahipun alon nagging semu rongeh.
e.   Manawi wonten ing salebeting swasana sisah/sedhih, sami kados satriya alusan kasebut.
f.    Manawi ing salaebeting swasana sereng/kasesa/duka, asta ngajeng saget katekuk mangajeng/mawingking, asta wingkig mathentheng, lampahipun rikat. Ugi saget asta ngajeng kapetha ulap-ulapan, lajeng kalampahaken ugi rikat.

3.  Lampahan Ringgit Dugangan Tanggung

a.    Manawi lampahipun ing salebeting irama tamban/swasana mardika, patrapipun asta: asta wingking mathentheng, asta ngajeng saget kaumbar/katekuk mangajeng/ kapetha lambehan, lampahipun mawi greg-greg kados tumapak ing siti.
b.   Manawi ing salebeting irama seseg/ngemu raos sereng, lampahipun rikat, mboten mawi greg-greg, patrapipun asta : asta wingking matentheng, asta ngajeng saget kathekuk  mangajeng/mawingking, ugi kenging mawi ulap ulapan, lajeng kalampahaken rikat, semu kados dene malumpat/kebet.
c.    Manawi wonten ing salebeting swasana sisah/sedih, patraping asta kalih pisan kaumbar, lampahipun alon ugi mawi greg-greg.
4.  Lampahipun Ringgit Dugangan Ageng

          Lampahipun Ringgit Dugangan ageng, ing salebeting swasana mardika, sungkawa/sedih, irama tamban, sami kalian ringgit dugangan tanggung. Namung ing salebeting irama sesek/sereng, sakedap-kedap ulap-ulapan, tuwin kados dene hangawe-awe, solahipun kajumbuhna kaliyan wewujutan miwah wewateganipun.
Manawi ingkang kalampahaken ringgit dugangan gusen, utawi gusen siung, rehning wewateganipun racakipun kathah ingkang angkara murka, tur ngendel-endelaken kaprawiran miwah kasektenipun, mila lampahipun kedah katingala kasaripun tuwi kadamela langkung rongeh.

5.  Lampahipun Harya Bratasena
          Manawi nglampahaken Harya Sena salebeting irama tamban/ayak-ayakan , mongka swasana mardika, kapetha gleyah2 mawi greg-greg, patrapipun asta :  asta wingking mathentheng, asta ngajeng katekuk  mangajeng, epek-epek asta ngajeng katarik mawingking meh gathuk kalian epek-epek asta wingking.
Dene manawi lampahipun ngemu raos duka, tur irama seseg/slepeg/sampak, lampahipun kapetha mlumpat-mlumpat/ kapetha mberung, patraping asta : epek-epek kaklempakaken dados satunggal, dumunng sangajenging pupu ngajeng.
Manawi lampahipun ngemu raos sungkawa, lampahipun alon kagambar radi tumungkul, mawi greg-greg sakedhik, patapipun asta : asta wingking malang kadhak, asta ngajeng cekap kaumbar kemawon.

6.  Lampahan Ringgit Gecul
         Manawi lampahipun ing salebeting irama tamban/ayak-ayakan, mongka raos mardika, lampahipun kadamel nguntrung, asta wingking malangkadhak, asta ngajeng karangkus/kaumbar.
Dene manawi wonten ing salebeting irama seseg/lancaran/slepeg/sampak, lampahipun kadamela gegeculan, liripun mawi jejogetan, ngentreg, jlalatan, kapetha gumujeng latah-latah. Patrapipun asta : asta wingking malang kadhak, asta ngajeng kapetha jejogetantuwin lambehan.
Dene manawi ingkang  kalampahaken Harya Burisrawa ing salebeting raos sedih/sungkawa, asta ngajeng kacenthelaken sabuk wingking, asta wingking kaumbar.

7.  Lampahipun Ringgit Denawa

         Manawi ingkang kalampahaken Denawa Ratu, Denawa Nem, tuwin Denawa ingkang pangkat Patih, Pangeran/Harya, ing salebeting irama tamban/ayak-ayakan, lampahipun alon mawi greg-greg, semu tumungkul, patraping asta kaumbar. Langkung langkung ingkang kalampahaken punika Denawa Ratu, tur ngemu raos gandrung, lampahipun mawi nolah-noleh sarta tansah nyuwanten anguda rasa.
Manawi ing salebeting swasana sereng/duka , lampahipun rikat, polatanipn ndengangak, solahipun kados anggegiro/ngajrih-ajrihi,patraping asta tansah ebah-ebah kumitir.
Dene lampahipun denawa bala : Begal, Cakil, lss., ingang tamtu wonten salebeting irama seseg/slepeg/sampak, lampahipun sarwa kasar, solahipun kapetha ngulung-nglung, nyawur-nyawur, nyakoti lengenipun piyambak, mendhek-mendhek lajeng mancolot kados lampahing sima, asta tansah kaebahaken, sarwa mawi hanggero.
Dados terangipun sadaya lampahing ringgit kedah kaemper kalian wujud wewatakanipun , miwah kawigatosanipun/perlunipun.

C.       Cepengan Ringgit Salebeting Perang

1.            Perangipun Ringgit Alusan Mengsah Alusan

a.    Panyepengnipun ringgit ingkang sisih tengen, asta ngajeng katekuk mangajeng/mawingking, asta wingking mathentheng. Dene ringgit ingkang sisih kiwa, asta kalih pisan katekuk mawingking, panekukipun asta ngajeng angsal nlebet badan.
b.   Tandangipun : pundi ingkang kawawas langkung adreng,punika ingkang kaesukaken langkung rumiyin/ ngroyok.
c.    Olahing Perang :
1)   Prapatan, kalajengaken jeblos.
2)   Perang asta, kalajengaken tanting-tinanting
3)   Cengkah, ingkal kadamel kawon lajeng kauncalaken.
Adu boboting epek-epek:
1)   Papagan lajeng prapatan, kalajengaken jeblos,
2)   Dhodog-dhinodog, pundi ingkang badhe kadamel asor, tandangipun kadamel saya kendho, lajeng kabanteng kauncalaken.
d.   Perang curiga : keris sami kaasta ing asta wingking, asta ngajeng kenging kaumbar/karangkus, miturut kaprigelanipun ingkang nindakaken.
e.    Paprangan kasebut kenging ugi ngginakaken jemparing. Dene manawi sektinipun, ugi kenging ngginakaken pangabaran. Ingkang winastan pangabaran punika upaminipun : ringgit igkang badhe kadamel kawon, ngedalaken pangabaran kados ; sawer, sima, ampak-ampak. Dene ringgit ingkang badhe kadamel unggul/menang ugi lajeng hanimbangi; umpaminipun : dados garudha, Bantheng, ngedalaken ringgit ageng kangge ambuncang ampak-ampak kasbut, lss.. wewatonipun peranging ringgit alusan punika mboten kenging ndugang, langkunglangkung manawi ringgit bokongan.

2.            Perangipun Ringgit Alusan Mengsah Ringgit Dugangan

         Panyepenganing ringgit alusan kados kasbut nginggil, panyepenganipun ringgit dugangan asta kalih psan katekuk mawingking, manawi ringgit duganganipu wonte sisih kiwa asta ngajeng lurus mangandap radi ngajeng/siap mrawasa.
Tandangipun; ringgit dugangan tansah ngesuk, solahipun anggegila/damel miris, dene ringgit alusan kadamel anteng. Lampahing paprangan ugi kawiwitan saking prapatan,kalajengaken jeblosan, lajeng titihan, mrawasa, ngkang badhe kadamel kawon mrawasa langkung rumiyin.
Caranipun mrawasa : Ringgit dugangan, ndhodhog, nabok/nempiling, nyaut, mbanting lajeng ngncalaken, manwi dganganipun punika mawi suing, temtu mawi ngigit, ndugang.
Manawi ringgit alusan; ndodog,nempiling, njambak, njentusaken, ngantem mawi asta wingking, mboten keging mbanting, sabab badanipun temtu kawon ageng.

3.            Perangipun Ringgit Alusan Mengsah Denawa (Prang Sekar)
         Ing sarehning satriya (alusan) temtu rumaos karoban ing samukawisipun, mila perangipun mawi solahing silat, murih mboten gampil kagrayang dening mengsahipun.
Satriya : patraping asta sakawit asta wingking mathentheng, asta ngajeng katekuk mangajeng, bilih samput wiwit mrawasa, asta kakalihipun lajeng kaumbar, wigatosipun kangge nggendir, inggih gendiran  punika kangge gambaring panangkis sarta mrawasa sacaraning silat. (murih katingal trengginas lan trampil).
Tandanging danawa tansah ngesuk, nanging satriyanipun tansah ngendhani, miwah tansah ngulataken saparipolahing denawa, wigatos manawi katubruk saged endha, manawi panubrukipun angsal papan, lajeng kaduwa sarta kagendir, manawi kaancap dipun sarengi jotos, dhawahing denawa lajeng kajambak lan kajentusaken, lajeng kabucal dawah tebih. Manawi panyautipun denawa wau katingalngaya, dipun endhani ngantos liru papan(gawang).
Satriya wonten kiwa, denawa nonten tengen, solahipun denawa tansah anggegiro, kadosta: nyaut, ngglundungi, nubruk, ngruket, ngebruki, ingkang sadaya kala wau supados mengsahipun miris, nanging tanpa dugi prayogi.
Manawi denawanipun cakil, satriyanipun tansah endha, ngantos mboten saged kaprayang, sanadya denawa Cakil wau ngrenggep dedamel (keris), ewadene tetep mboten saged ngengingi Satriya, malah kerisipun karebat dening satriya lajeng kasudukaken dating Cakil ngantos dumugining pejah. Dene ingkang kangge mejahidenawa Begal, limrahipun mawi jemparing.
4.            Perangipun Ringgit Dugangan Mengsah Dugangan
Patraping Panyepenganipun : ringgit ingkang sisih tengen asta ngajeng katekuk mawingking, asta wingking mathentheng, ringgit ingkang sisih kiwa asta kalih pisan katekuk mawingking, naming asta ngajeng angsal salebeting badan.
Lampahing Paprangan :
Ringgit ingkang langkung rosa sarta langkung sereng, punika ingkang ngesuk rumiyin/tansah ngoyok, menawi sampun sami tadhah, nanging lajeng kakipataken, wangsulipun dados jeblosan, ingkang satunggal badhe mrawasa dipun endhani lajeng dados dugang dinugan, kalajengaken prapatan. Manawi sampun sami tanggonipun lajeng mrawasa pinrawasa, ugi saget banting-binanting, buwang-binuwang, tebah-tinebah, tabok-tinabok. Manawi ingkang perang wau Harya Gathutkaca mengsah Prabu Baladewa, R. Gathutkaca boten kenging nabok/nempiling, inggil-inggilipun namung dumugi ing dhadha, katebak utawi kadhodhog, miwah mbithi/ngantem wentis.

5.            Perangipun Ringgit Dugangan Mengsah Denawa.

Patraping Panyepenganipun :
Ringgit dugangan ; asta kalih pisan katekuk mawingking, utawi asta ngajeng katekuk mangajeng. Dene denawa punika limrahipun astanipun namung satunggal ngajeng, mila panekukipun boten kawatesan, liripun kenging mangajeng kenging mawingking, kenging ugi lurus mangandhap, miturut kabetahanipun
Lampahing Paprangan:
Manawi ringgitipun dugangan punika: H. Sena, Pr. Baladewa, H. gathutkaca, H. Seta, H. Setyaki, ringgit-ringgit kasbut tandangipun winastan tanggon, mila boten puru kaesuk, nanging malah kosokwangsulipun. Dene manawi ringgit duganganipun sanes kasbut nginggil, inggih pundi ingkang langkung adreng/sereng ingkang ngesuk/nyokoy langkung rumiyin.
Denen solahipun denawa; anggegiro, nyawur-nyawur, nyruket, nyakot, nubruk, ngebruki, ngglundungi, pikajengipun tansah damel giris miris.
Ringgit dugangan; caranipun mrawasa mengsah, nempiling, ndugang, njambak lajeng kajentusaken, ngantem mawi asta wingking. Wondene kalh-kalihipun kenging sami ngginakaken dedamel.

6.            Perangipun Denawa Mengsah Sami Denawa

Panyepenganipun ringgit :
Sami kados panyepenganipun denawa kasbut ngingil.
Solahipun paprangan:
Ugi sami kados solahipun denawa kasbut nginggil, nanging rehning sami denawanipun, lajeng sami tubruk-tinubruk, tebak-tinebak, cakot-cinakoy, ringkesipun tandangipun sami. Denen ingkang kadamel kasor/kawon, telas-telasipun kabucal tebih.

7.            Perangipun Ringgit Putren Mengsah Putren

         Perangipun rinngit putren sami putren punika sami kaliyan perangipun ringgit alusan mengsah alusan, nanging manawi sampun sami ruwetipun lajeng sami kuwel-kinuwel kados dene gelut. Sanadyan manawi sami sektinipun, perangdedamel miwah pangabaran ugi sami kaliyan ringgit alusan kasbut.

D.       Tancebing Gunungan/Kayon

        Tancebing kayon punika mawi wewaton ingkang baku; mituru kapercayaning batos, adhedhasar kawruh kajiwan, kayon punika minangka pralambanging sagesangan, sami kalian ringkesanipun balungan lakon kangge handhalang sadalu muput.
Patraping tancebanipun kayon :
a.          Saderengipun wiwit jejer; kayon tumanceb ing kadebog nginggil, dumunung wonten ing tengah-tengahing gawang. Manawi sampun wiwit, kayon kabedhol kaunus mangandhap alon-alon, kaendheg kaping kalih lajeng kaentas, katancebake nutub pungkasaning sumpingan tengen, tumanceb ing kadebog ngandhap.
b.         Ing salebeting pathet 6 (nem).
Manawi kayon katancebake ing tengah-tengahing gawang, punika kangge pratandha singgetaning adegan. Tumancabing wonten ing kadebog ngandhap dhoyong mangiwa.
c.       Manawi kayonipun namung setunggal; ing salebetipun badhe prang ampyak, kayon kapindhah katancebaken ing pungkasanng sumpingan kiwa, tumanceb ing kadebog ngandhap, kangge nggambaraken margi risak, lajeng prang ampyak. Dene sabibaring prang ampyak, salebeing pathet kedu, kayon taksih kalampahaken ing pakeliran, saking gawang tengen mangiwa. Sareng kaliyan pangeliking pathet kedu, kayon katancebaken ing gawang tengah, tumanceb ing kadebog ngandap, dhoyong mangiwa.
d.      Manawi malik dhateng pathet 9 (sanga), sareng kaliyan wiwiting pathet sanga wantah, kayon kabedhol katancebaken ing kadebog nginggil,kaleres tengah-engahing gawang, kados nalika saderenging jejer. Salebeting pathet sanga, manawi kangge singgetaning adegan, kayon dumunung ing tengah gawang jejeg, tumanceb ing kadebog ngandhap.
e.       Wiwit angka-angkatan malik dhateng pathet manyura, kayo katancebaken wonten ing kadebog ngandhap, tengah gawang dhoyong manengen.
f.        Tanceb kayon:
Pungkasaneng adegan; kayon katancebaken ing tengah tengahing gawang, jejeg, ing kadebog nginggil, kiwa tengen tepining kayon, nutupi paraupanipun ringgit ingkang kangge adegan pungkasan kasbut.
        Katerangan:
        Salebeting handhalang sadalu, kayon boten kengingkaselehaken ing panggenan sanes, upaminipun; wonten ing tumpukaning wayang-wayang sanesipun, kadosta: wonten salebeting kothak, wonten sanginggiling tutup kothak, dados kayon kedah tumanceb ing kadebog (panggung). Tumancebing kayon wonten ing kadebog nginggil; namung kaping tiga : saderengipun wiwit jejer, malik dating pathet sanga utawi gara-gara, lan tanceb kayon pungkasaning adegan.
Dhoyonging kayon : pathet nem dhoyong mangiwa, pathet sanga jejeg lan pathet manyura dhoyong manengen.

E.     Tanceban

         Manawi badhe nancebaken ringgit mongka wonten ing kadebog nginggil, punapa badhe jejagongan, punapa badhe perang, punapa sami kemawon. Langkung rumiyin kedah dipun tingali palemahanipun ringgit/ dlamakanipun punika temtu inggil ngajeng, mila kedah kaangkaha waradin/runtut kalian palemahaning kelir, supados adegipun boten katingal kendegeken/kendungkruken. Wondene caranipun hanancebaken; ringgit perangan/bagean bangkekan manginggil, tuwin perangan sangajenging gapit, kedah mepet kelir, nembe katancebaken. Denen manawi ringgit adhepan utawi badhe katancebake ing kadebog ngandhap, punika kadamela ndungkruk, dlamakaning ringgit kapara inggil wingking, carane nancebaken sami kados kasbut nginggil.
         Ringgit ingkang kangge jejer (jejer I), Dewa punapa Ratu, sabedholing jejer boten kenging kaselehaken wonten kothak punapa dene sanginggiling tutup kothak, nanging kedah katancebaken wonten ing kadebog ngandhap gawang tengen, sawingkingipun kayon madhep manengen, langkung-langkung manawi ingkang kangge jejer punika Bathara Guru, punika samikalian kayon, boten kenging kaselehaken sadhengah panggenan.
         Tanceban wonten ing salebeting pajagongan: ringgit ingkang tumanceb ing gawang tengen lan gawang kiwa, kedah dipun letleti sakedhikipun 2 kilan antawis paraupanipun ringgit, kajawi ringgit ingkang datengipun susulan, kadosta: Jejer Kahendran; sasampunipun rerembagan lajeng nimbali Bathari Supraba. Jejer Dwarawati katamuan R. Nakula/Sadewa, punapa H. Gathutkaca, tancebipun saged langkung celak. Makaten sasaminipun.
         Tanceban tamu kalian ingkang katamuan : ingkang katamuan tancebipun wonten ing gawang tengen, dene ingkang mara tamu wonten gawang kiwa. Kajawi manawi tamunipun Bathara Guru, ingkang katamuan kapindah dating gawang kiwa, tumanceb ing kadebog ngandhap. Dene manawi tamunipun dewa sanesipun Bathara Guru sami kados tamu sasamining titah kasbut nginggil.

F.     Udanagara Ing Tanceban
        
         Ratu sami ratu: manawi jejagongan kedah sami-sami tumanceb ing kadebog nginggil.
Ratu kaliyan dewa: ugi sami-sami tumanceb ing kadebog nginggil, namung ratunipun semu tumungkul mawi ngapurancang.
Ratu kaliyan Pandhita: inggih sami wonten ing kadebog nginggil, anging pandhitanipun kapetha ngaosi. Manawi pandhitanipun Begawan Abiyasa utawi Maharesi Wara Bisma, ratunipun ingkang langkung ngaosi.
Ratu lan para Harya:
Ratu tetep wonten kadebog nginggil, Harya wonten ing kadebog ngandhap ngapurancang. Kajawi :
1.      Harya Sena, wonten ing pundhi kemawon kedah wonten kadebog nginggil sarta malangkadhak.
2.      Harya Seta, wonten Pandhawa miwah Korawa, kedah wonten ing kadebog ngingil sarta malangkadhak.
3.      Harya Sangkuni, kaliyan Prabu Baladewa utawi Prabu Karna, sami-sami wonten kadebog nginggil.
Ratu kaliyan Dewa wonten ing teba:
Dewa wonten ing kadebog nginggil, ratu wonten ing kadebog ngandhap ngapurancang. Punapa dene para satriya tuwin sanes-sanesipun.
Pandhita kaliyan Patih:
Manawi Pandhitanipun B. Abiyasa utawi Resi Bisma, Patih tumanceb wonten ing kadebog ngandhap ngapurancang. Denen manwi Pandhitanipun sanes kasbut, sami-sami tumanceb ing kadebog nginggil.
Putra Nata/Pangeranpati kaliyan patih:
Putra Nata wonten ing kadebog nginggil gawang tengen, Patih ing kadebog ngandhap gawang kiwa. Kajawi manawi Patih Harya Sangkuni lan korawa, tuwin Patih Kincaka kaliyan Putra-putra Wiratha.
G.    Sembahan
               Bathara Naradha dateng bathara Guru, sembahipun sembah karna. Sembah karna punika asta wingking katempelaken ing karna/kuping dipun sarengi manthuk.
      Para Dewa dateng Bathara Guru; ngucubaken asta ing embun-embunan, sarta lajeng ngaraspada/ngambung dlamakan, ugi kaliyan nyembah.
      Sadaya titah dateng para Dewa; semabah grana mawi ngaras pada.
      Ratu sami ratu manawi kawon sepuh sarta kawon drajad, sembahipun sembah karna.
      Ratu dateng Pandhita sanesipun B. Abiyasa tuwin Resi Bisma, sembahipun sembah karna. Pandita dateng ratu ugi nyembah, nanging boten ngaras pada.
      Manawi para Pandhita raja, tuwin Brahmananing praja, dhateng para Nata mawi sembah karna.
       Pandhita dateng para Dewa, nyembah nanging boten mawi ngaras pada, kajawi dhateng bathara Guru.
      Para Harya dhateng para Nata:
a.       Menawi ramanipun piyambak, sembah grana mawi ngaras pada.
b.      Manawi sanes ramanipun piyambak, cekap sembah grana/kuncuping asta katempelaken ing pucuking grana/irung.
c.       Manawi ratunipun taksih waris, mongka kaprenah enem, cekap mawi sembah karna. Upami: Harya Seta dhateng Prabu Puntadewa, H. Setyaki dhateng Pr. Bomanarakasura, lss.
Satriya sami satriya, kawon sepuh, mongka taksih waris/saderek, sembah grana boten mawi ngaras pada.
Harya sami harya; mimpang sepuh nanging kawon drajad, mawi sembah karna. Manawi sami-sami, kangge njangkepi tata krami, ingkang dateng kantun ingkang sembah karna.
Patih dateng Rajaputra: manawi patihipun langkung sepuh, mongka taksih waris, mawi sembah karna sang Rajaputra anggenipun ngancarani mawi asta kalih. Manawi patihipun sanes waris, dateng sang rajaputra mawi sembah grana, nanging mboten ngaras pada.
Patih sami Patih; ajeng-ingajen, sami-sami sembah karna.
Patih dhateng Pandhita ing pareden: cekap mawi sembah karna.
Satriya dateng pandhita eyangipun piyambak: sembahipun sembah grana mawi ngaras pada. Manawi dateng pandhita sanesipun , cekap nyembah boten mawi ngaras pada, ugi kenging sembah karna.
H.    Sulukan

Sulukan punika kaperang dados 3 (tiga) :
1.      Pathetan           : kangge nggambaraken raos mardika, tuwin lega.
2.      Sendhon          : kangge nggambaraken raos tumalawung, sedhih, tuwin ugi kenging kangge nggambaraken raos edi/endhah
3.      Ada-ada           : kangge nggambaraken sadaya raos sereng/duka/kasesa.

a.       Pathetan           : pathetan punika limrahipun kawasesa dening wanci, nanging ugi wonten ingkang kawasesa dening ringgit
1.      Pathet Nem ageng   : kangge nyuluki jejeran, sabibaring gendhing.
2.      Pathet Nem wantah : kangge nyuluki adegan-adegan ingkang mboten gadhah pathet piyambak, limrahipun winastan srambahan.
3.      Pathet Nem jugag   : kangge nyuluki singgetaning imbal wacana, tuwin kangge sasuwuking ayak-ayakan.
4.      Pathet Sastradatan manyura ageng            : kangge adegan kedhatonan Dewi Banuwati. (kawasesa dening ringgit)
5.      Pathet Kedu            : kangge nyuluki sabibaring prang ampyak.
6.      Pathet Lasem           : kangge nyuluki adegan ratu sabrang alus/bagus. ( kawasesa dening ringgit)
7.      Pathe Lindur           : kangge nyuluki pungkasaning pathet 6, badhe malik dateng pathet sanga.
8.      Pathet 9 wantah      : kangge nyuluki malik pathet sanga sapisan, tuwin kangge srambahan.
9.      Pathet 9 ngelik        :  kangge nyuluki adegan sanga sapisan.
10.  Pathet 9 jugag         : ginanipun sami kaliyan pathet 6 jugag.
11.  Pathet jingking        : kangge nyuluki satriya bokongan, sabibaring prang sekar, badhe lumampah malih.( kawasesa dening ringgit)
12.  Pathet manyura wantah: kangge nyuluki wiwit malik dhateng pathet manyura, ugi kangge srambahan.
13.   Pathet manyura ngelik      : kangge nyuluki adegan manyura, ingkang Prabu Kresna wonten.
14.  Pathet manyura jugag        : ginanipun sami kaliyan pathet jugag sanesipun.

b.      Sendhon         
1.      Sendhon Manggalan/pananggalan, kangge nyuluki manawi badhe wonten tamu ing salebeting jejer, (kalajengaken babak unjal). Tuwin kangge nggambaraken raos emeng , ing salebeting jejer.
2.      Sendhon Kloloran, kangge nyuluki bedholan jejer.
3.      Sendhon Rencasih, kangge nyuluki sabibaring perang sekar, mligi kangge R. Harjuna (kawasesa ing ringgit)
4.      Sendhon Abimanyu/Elayana : kangge nyuluki sabibaring perang sekar, satriyaning jangkahan (kawasesa dening ringgit)
5.      Sendhon Sastradatan sanga, kangge nyuluki adegan Pr. Puntadewa ing salebeting pathet sanga, ugi kenging kasambut kangge adegan putren, ingkang ngemu raos sedhih/sungkawa.
6.      Sendhon tlutur, kange nyuluki sadaya adegan kang nandhang sungkawa, sedhih, sakit lss.
7.      Sendhon Sastradatan Manyura, ginanipun sami kaliyan Sastradatan 9 kasbut.

c.       Ada-ada
1.      Ada-ada Girisa:
a.       Kangge nyambet sabibaring pathet nem ageng
b.      Kangge raos sereng ing salebeting jejer, ngantos dumugi adegan paseban jawi.
c.       Kangge nyuluki adegan Denawa ratu
2.      Ada-ada Astakuswala alit, kangge nyuluki munduripun undhang paseban jawi.
3.      Ada-ada Astakuswala Ageng, kangge nyuluki wangsul saking undhang para wadya.
4.      Ada-ada Budhal mataraman, kangge medalipuin ingkang kaping 2 undhang budhalan.
5.      Ada-ada Gregetsaut 6, ada-ada gregetsaut nem wonten warni kalih, ing punika jangkep, tuwin jugag. Denen ginanipun kangge nyuluki sadaya raos sereng ,duka, kasesa, kaget, kalih-kalihipun punika anggenipun ngginakaken miturut kabetahanipun. Manawi kasesa sanget ngginakaken ingkang jugag, denen manawi boten, inggih ingkang wantah.
6.      Ada-ada sanga jengkep:
Kangge nyuluki raos sereng ingkang boten patos kasesa, kadosta: satriya badhe mlebet wana, Haryasena badhe lumampah, H. Gathutkaca badhe nggegana lss.
7.      Ada-ada sanga tengahan, kangge nyuluki sadaya raos sereng/kasesa. Ugi kangge singgeaning rembag salebetingraos sereng/srambah.
8.      Ada-ada sanga jugag, ginanipun sami kaliyan ada-ada tengahan, nanging langkung kasesa.
9.      Ada-ada Palaran, kangge nyuluki denawa begal ingkang nembe kawon, ing salebeting perang sekar.
10.  Ada-ada manggalan/Girisa sanga, kangge nyuluki adegan denawa ratu, ing salebeting pathet sanga
11.  Ada-ada tlutur, kangge nyuluki raos sisah. Ing salebeting swasana kasesa.
12.  Ada-ada Astakuswala sanga, kangge nyuluki manawi satriya badhe nglepasakn jemparing dhateng denawa begal, salebeting perang sekar.
13.  Ada-ada manyura jangkep, kanggenipun sami kaliyan ada-ada sanga tengahan kasbut.
14.  Ada-ada manyura tengahan/srambahan, kanggenipun sami kaliyan ada-ada  sanga tengahan kasbut.
15.  Ada-ada manyura jugag, kanggenipun sami kaliyan ada-ada sanga jugag kasbut.
16.  Ada-ada Tlutur Manyura, kanggenipunsami kaliyan ada-ada tlutur sanga kasbut.
17.  Ada-ada Greget saut, ingkang cakebanipun ngginakaken; manganjur lakuning angin, salajengipun, mligi kangge nyuluki H. Werkudara badhe lumampah/malumpat.

Denen tumindaking sedaya sulukan-sulukan kasbut nginggil, sanadyan sampun wonten buku sulukan ingkang sampun mawi waton ing luk lan cengkokipun. Sarana kaciretan noot titi laras, nanging pangetrapanipun kedah kajumbuhaken kaliyan swasananing pakeliran. Upaminipun kadosta: ada-ada girisa kangge nglajengaken/nyambet Pathet nem ageng, kaliyan Ada-ada girisa kangge nggambaraken raos duka, anggenipun ngabani/ngucabaken tembung/basa,























































































        3.        x  x  x  x  x  x  x: (dhog dhog dhog dhog dhog), iramanipun ajeg, pandhodhoganipun lirih, winastan ketegan.
Ginanipun: kangge mratelakaken/nedahaken raos sereng, salebeting gongsa mendel.
4.       xxxx xxxx : ( dhogdhogdhogdhog  dhogdhog), iramanipun langkung sereng, kerep, nanging mboten ajeg, asring seseg sanget, asring radi kendho sekedhik, tuwin seru lirihipun ogi boten ajeg, winastan geteran.
Ginanipun:
-          Kangge nyerengi ada-ada
-          Kangge mratelakake nedahan rraos sereng , salebetipun gongsa mugel/dipun iringi ungeling gongsa. Kadosta: lancaran, slepeg, tuwin sampak.
Ing ngriki badhe kapratelakaken sawatawis lampah-lampahing dhodhogan. Murih cethanipun perlu ngginakaken kodhe-kodhe, supados radi gampil mangertosi dunungipun dhodhogan wonten ing gendhing-gendhing ingkang kangge ngiringi padhalangan.
X=dhog.  Xx=dhdhog (dhro. -= cek (keprak). T= kethuk. N=kenong. P=kempul. G=gong  .  .  .  .= petangan lampahing noot gendhing-gendhing.
Dhodhogan ayak-ayakan:
Ayak-ayakan nem, sanga, manyura, punika dhodhoganipun sami kemawon, bedanipun; manwi ayak-ayakan manyura punika; G t N t G t N t G salajengipun. Manawi ayak-ayakan Nem tuwin sanga; G t N t P t N t P t N t P t dumugi pada lajeng Gong, makaten sapiturutipun ngantos suwuk.
Sasmita badhe ayak-ayakan :
          G   t   N   t   G(P)
x x x x       xxx      x
Sasmita badhe ayak-ayakan:
t   N  t  P  t  N  t  P  t  N  t  P  t  N  t 
                                                    xx x
dasos terangipun bibar kenong sangajenging gong lajeng kagedhog: dhdho-dhog; punika kangge sirep sadaya ayak-ayakan.
Dhodhogan suwuk ayak-ayakan :
t   N   t   P   t   N  t  P  t  N  t  P  t  N  t  G     t  N    t   P    t  N  t  G.
                                                        X     xxx x  xxx x    x x  x
Keterangan : kenong sangajenging gong kagedhog satunggal, sareng kaliyan gong kagedhog 4 ( xxx x), sareng kaliyan kenong kagedhog kaping 4 malih,sasampunipun mungel kempul /gong kagedhog pinjalan ngantos dumugi kenong sangajenging gong suwuk. (P/Gx  x  xx  x0.
Dhodhogan nedha slepeg:
  Xx xx – G (dhdhog dhdhog cek G) lajeng kasambet keprakan sisiran : ---- ---- ( cekcekcek) salajengipun.
Dhodhogan sirep slepeg:
T  N  t  P  t  N  t  P  t  N  t  P  t  N  t  G
                                     xx   x  
Rahning slepeg punika lampahipun kethuk, kenong, kempul, tuwin Gong, meh sami kaliyan ayak-ayakan, namung iramanipun langkung seseg, tikel kalihipun ayak-ayakan seseg, mila dhodhoganipun sirep inggih dipun sirep inggih dipun wiwiti saking kenong sangajengipun kempul badhe gong. (petanging irama thuthukanipun balungan ugi tikel kalihipun ayak-ayakan).
Dhodhogan suwuk slepeg:
Manggenipun dhodogan sareng kaliyan gong, kagedhog /keprak pinjalan kaping 3 (nyela irama)
      T  N  t  P  t  N  t  P  t  N  t  P   t   N  t  G  t  N   t  P  t  N  t  P  t  G
                                                                    x  x       x
Dhodhogan nedha sampak:
      X  x  -  G  (dhog hog cek G) lajeng kesambet keprakan sisiran, sami kaliyan slepeg. Wondene sirepanipun ugi sami kaliyan slepeg.
Dhodhogan suwuk sampak:
Dununging dhodhogan/keprakan wonten sabibaring gong, kagedhog/kakeprak kaping 3. Upaminipun : G x x x (G - - -)
Bab Dhodhogan ladrang miwah Gendhing-gendhing, sanadyan sampun wonten bukunipun ingkang jangkep ngewrat dhodhogan tuwin gendhingipun, ing ngriki boten ketang ancer-ancer sawatawis ugi badhe kapratelakaken.
Dhodhogan Ladrangan:
Langkung rumiyin kedah mangertos ingkang winastan ladrang punika, saben setunggal kenong tamtu wonten wolung (8) thuthukan balungan, saben setunggal gongan wonten sekawan (4) kenongan). Dados dhodhoganipun ladrang punapa kemawon, sami. Murih radi cetha dununging dhodhogan kados kasbut ing ngandhap punika.
Dhodhogan badhe buka: kados sampun kacetha ing nginggil, inggih punika: xx x (dho dhog), lajeng buka.

.        t    .      .          .            t               .                N
.       t       .    P        .            t               .                N
.       t    .       P        .            t               .                N
        x           x      x     x      xxxxxxxxxxxxxxx
.       t      .      P        .            t               .                G
xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx
.       t    .       .          .            t               .                N
xxxxxxxxxxxxxxx            xx         x
.        t    .      P        .            t               .                N
.       t    .       P        .             t              .                N
.       t      .      P        .             t              .                G


Dhodhogan sirep (kajantur):
Katerangan:
Kenong kalih kagedhog 1 (satunggal), kalih thuthukan kgedhog malih 1 (satunggal), kalih thuthukan malih (sareng kaliyan kempul) kagedhog kaping 3 (tiga) , lajeng geteran ngantos dumugi sawingkinging kempul kagedhog sirepan (dhdho dhog), telas telasaning dho dhog sareng kalyan kethuk sangajenging kenong 1 (satunggal).     

.        t    .      .          .            t               .                N
.       t       .    P         .            t               .                N
                                                                               x
.       t    .       P         .            t               .                N
       x            x   x    x           xxxxxxxxxxxxxx   
.       t      .      P         .            t               .                G
xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx
.       t    .       .          .            t               .                N
xxxxxxxxxxx      xx          x
.        t    .      P         .            t               .                N
                                                                               x
.       t    .       P         .             t              .                N
                     x   x   x                                          xxx
.       t      .      P         .             t              .                G
x                   xx                      xxx       x              

Dhodhogan suwuk alus:
Katerangan:
Dhodhogan ladrang suwuk alus punika dipun wiwiti sami kaliyan dhodhogan sirep, kalajengaken; sareng kenong 2 kagedhog satunggal, sareng kempul kagedhog kaping 3, sareng kaliyan kenong 3 kagedhog kaping 4 (xxx x), sareng kaliya kempul kagedhog rangkep ( xx ), sareng kethuk sangajenging gong kagedhog malih kaping 4 ( xxx x ) gong.




Dhodhogan suwuk gropak:
Ugi dipun wiwiti kados denen dhodhogan sirep, ingkang badhe namung bagean ngandhap.


.        t    .      .          .            t               .                N
.       t       .    P        .            t               .                N
.       t    .       P        .            t               .                N
        x           x   x   x           xxxxxxxxxxxxxxx
.       t      .      P        .            t               .                G
xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx
.       t    .       .          .            t               .                N
xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx
.        t    .      P        .            t               .                N
xxxxxxx       x      x            x                                x
.       t    .       P        .             t              .                N
       x    x      x                      x
.       t      .      P        .             t              .                G
  x                     x
Dene ungelipun dhodhogan gropak punika :
Dhre dhog dhog dhog dhog dhog dhog
Nanging kedah hangengeti bilih ladrang punika boten tamtu namung satunggal utawi kalih cengkok, mila suwukipun sampun ngantos wonten ing panggenan cengkok ngelik.


     




I.        Gendhing

Gending punika wonten warni 2, inggih punika gendhing, tuwin ketawang gendhing.
Inkang dipun wastani gendhing punika; sekawan kenongan wonten satunggal gong. Dene ketawang gendhing punika; kalih kenongan wonten satunggal gong, nanging ugi wonten gendhing ingkang asring kaginakaken wonten ing padhalangan, 5 kenongan= 1 gong, inggih punika gendhing amjemuk. Kalih-kalihipun punika ingkang alit piyambak saben 1 kenongan wonten 16 thuthukan balungan, ingkang kalebet gendhing tengahan; 1 kenongan wonten 32 thuthukan.
Dene ingkang winastan gendhing ageng, saben 1 kenongan wonten 64 thuthukan balungan. Ingkang kasebat thuthukan balungan punika wonten ing kawruh Gendhing winastan lampah, dados gendhing ..... lampah 16, lampah 32 tuwin 64. Namung ingkang kaginakaken wonten ing pedhalangan punika limrahipun lampah 16 tuwin lampah 32. Kadosta: gendhing lampah 16; Titipati, Majemuk, gambirsawit, Renyep, lsp. Ketawang gendhing lampah 16; kabor, Kawit, Gandhakusuma, lss. Dene lampah 32 limrahipun namung ketawang gendhing.  Sabab manawi ngginakaken gendhing-gendhing ageng wekdalipun kedhangon, lajeng ngirangi renggeping pakeliran.
Dene ingkang kangge wawaton dhodhoganipun punika, sadaya mendhet saking gendhing lampah 16.

Dhodhogan badhe buka: sami kaliyan ladrang; xx x.
Dhodhogan sirep:

.        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        . (N 1)
.        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        . (N 2)
                                                                                                                                              x
.        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        . (N 3)
                                                                                                                                              x
.        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        . (G)
                            X                                   x       x       x       xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx
.        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        . (N 1)
Xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx          xx     x
.        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        . (N 2)
.        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        . (N 3)
.        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        . (G)
 























Katerangan:
Dunungipun dhodhogan kados kasbut nginggil, inggih punika; sareng kaliyan kenong 2 kagedhog 1 (dhog), lajeng sareng kaliyan kenong 3 kagedog malih (dhog), 4 thuthukan kagedog malih 1 (dhog), 4 thuthukan malih kagedhog kaping 3 (dhog dhog dhog), kalajengaken nitir (geteran) ngantos dumugi sangajenging kenong 1 kirang 2 thuthukan kagedhog sirep (dho dhog).
Manawi ketawang Gendhing, Kenaong1 punika kaanggepa kados kenong 3 Gendhing, dununging dhodhogan sirep sami kemawon kemawon kaliyan kasbut nginggil. Terangipun dhodhogan Gendhing miwah ketawang  Gendhing punika namung satunggal warni, hawewaton petanging thuthukan balungan. Manawi ketawang gendhing lampah 32, kenong 1 sami kaliyan Kenong 2 Gendhing, makaten sapiturutipun.
Miturut wewaton lami/kina, gendhing-gendhing ingkang kangge nabuhi/ngiringi pedhalangan punika boten kenging minggah ciblon, nanging kedah minggah kendhang, utawai minggah ladrang. Wondene suwukipun ugi warni kalih, inggih punika suwuk alus utawi suwuk gropak. Manawi minggah dados ladrang, dhodhoganipun suwuk, sampun kacetha wonten dhodhogan suwuk ladrang kasbut nginggil.

Dhodhogan suwuk alus:

   .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .       . (N1)   .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .       . (N2)                                                                                                            x                                      .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .       . (N3)
                                                                                                                                                x   .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .       . (G)                                                                   xxx     x                          xx            xxx     x
 












Katerangan:
Ngajengaken kenong 2 kirang 4 thuthukan kagedhog 1, sareng kaliyan kenong 3 kagedhog malih 1, wolung thuthukan  malh kagedhog kaping 4 (xxx x), sekawan thuthukanmalih kagedhog rangkep (xx), kalih thuthukan malih kagedhog kaping sakawan ( xxx x) . G.

Dhodhogan suwuk gropak:

   .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .       . (N1)   .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .       . (N2)                                                                                                            x                                      .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .       . (N3)
   Xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx             xx     x       x         x       .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .        .       .   . (G)          x       x       x                 x                          x                          x










Katerangan:
Minangka ater-ater, sangajenging kenong 2kirang 4 thuthukan, kagedhog 1, saninaring kenong lajeng nitir (nggeter) ngantos dumugi sangajenging kenong 3 kirang 4 thuthukan . kagedhog gropak ladrang. Murih gampilipun panyinau, kedah apal saestu dhateng ungeling dhodhogan gropak punika, uger sampun apal saestu mangka leres wiwitipun ndhodhog , salajengipun temtu leres. Inggih punika:
  
Dhre dhog dhog          dhog
Dhog dhog dhog         dhog
Dhog               dhog

Makaten lampah-lampahing dhodhogan ingkang kedah sinanu dening para pamarsudi Padhalangan.

Dhodhogan sirep ladrang:

            t  .  t  N  t  P  t  N  t  P  t  N  t  P  t  G salajengipun.
                                            xx    x
Dhodhogan suwuk:

t  .  t  N  t  P  t  N  t  P  t  N  t  P  t  G suwuk
x    x      x      xx    x

katerangan:
Lancaran puniak 1 gongan namung selarik, manggenipun dhodhogan kados tuladha kasbut nginggil, ungeling dhodhogan sirep: dhdho dhog. Suwuk: dhog dhog dhog dhdhog.

Bab Keprakan:
Ing ngajeng sampun katerangaken bilih keprakan punika sami kaliyan dhodhogan, namung tansah liru-lambang, namung wonten bedaning nami; manawi dhohdhogan winastan geteran, manawi keprakan winastan sisiran.

Patraping pangeprak:
Lenggahing sila tumpang, suku tengen sanginggiling polok tumumpang ing pupu kiwa, sanginggiling dhengkul, pusuking ejmpol sisi tengen  kaangkaha kaleres tengah-tengahing keprak bagean ngandhap. Manawi nyisit/ sisiran tuwin singgetan/gantosipun dhodhogan, cekap mawi pucuking jempolan. Denen manwi kangge titihan miwah dhateng saha pangentasing ringgit saking kelir, sisiran kapathet rumiyin lajeng kajejak sami dlamakan sawingkinging dariji, nanging ugi namung mawi kekiyataning ugel-ugel suku kemawon, wigatos sampun ngantos kaseron.
Dumugi semanten menggah paprincenipun ing golongan WADAH. Mila winastan wadhah; uger sampun hanguwaosi saget nindakaken sadaya ingkang kapratelaken kasbut, kenging winastan sampun saged handalang.
Denen kawruh-kawruh sanesipun, ingkang kengge hanjiwan/i panggesangan pakeliran, badhe kapratelakaken wonten ing golongan ISI. Sanadyan namung nama lowung, tinimbang boten wonten ancer-anceripun tumraping para pamarsudi padhalangan ingkang kawitan, ing mriki ugi badhe keterangaken kaprincenipun ing bab ISI.






BAB ISI

A.    Antawacana (Pilah-pilahanig suwanten)
Antawacana punika asalipun saking bas sansekerta, inggih punika : Anta; tegesipun wantes, wac/wacana tegesipun ucap. Dados jawinipun ucap ingkang kawatesan/ucap ingkang kawengku:

1.      Wujud
a.       Handhedasar paraupan.
-                  Paraupan tumungkul/ndingkluk, swantenipun ageng
-                  Paraupan lanyap/nglangak, suwantenipun alit.
b.      Handhedasar mripatan.
-                 Mripatan liyep, suwantenipun arum.
-                 Mripatan kedhelen, suwantenipun antep semu santak.
-                 Mripatan thelengan, suwantenipun antep mawi gregel.
-                 Mripatan plelengan, suwantenipun sora/seru.
c.       Handhedasar cangkeman.
-                 Cangkeman salitan, suwantenipun empuk.
-                 Cangkeman gusen/gusen  siung, suwantenipun santak.
-                 Cangkeman rangah/denawa, suwantenipun mbrabas.
               Katerangan:
               Mripatan liyep, kadosta        : Kresna, Harjuna, Karna, Samba, lss.
               Cangkeman salitan, kadosta: Kresna, Baladewa, Werkudara, Setyaki, lss.
               Mripatan Kedhelen, kadosta: Baladewa, Setyaki, Seta, Udawa, lss.
               Mripatan thelengan, kadosta: Werkudara, gathutkaca, Kurupati, lss.
               Mripatan plelengan, kadosta: Dasamuka, Indrajit, Dursasana, lss.
               Cangkeman gusen/gusen siung, kadosta : Dursaana, Pragota, Dasamuka.
Cangkeman rangah, kadosta: sadaya para Denawa ingkang untunipun katingal mrangas.
2.      Raos :
a.       Raos Mardika         ; suwantenipun suwanten dhasar.
b.      Raos suka               ; suwantenipun gemrecek, sasap alit.
c.       Raos duka               ; suwantenipun groyok, sasp alit, antep.
d.      Raos sungkawa/roga; suwantenipun mindhak ageng, kendho, ampang.
Katerangan:
Ringgit punika kagambara kados-dene tiyang gesanglimrah punika, limrahipun tiyang gesang temtu nate ngalami 4 prakawis kasbut ngingil, kadosta:
Raos mardika ;  manawi pinuju boten wonten bab-bab/prakawis saking nglebet tuwin sajawining piyambakipun, ingkang boten perlu dados pwnggalihan, suwantenipun suwanten dhasar/bektan.
Raos duka ; manawi pinuju wonten bab-bab/prakawis ingkang tumuju dhateng piyambakipun, satemah nuwahaken raos muring/nesu/duka.
Raos suka : manawi pinuju wonten bab-bab/prakawis ingkang cocok kaliyan piyambakipun, satemah nuwahaken raos seneng, bingah, gumbira/suka.
Raos sungkawa : manawi pinuju kataman sedhih, sisah, tuwin sakit.
3.      Watak/hambeg :
a.       Hambeg senapati, suwantenipun antep.
b.      Hambeg Pinandhita/sepuh, suwantenipun lelah/alon.
c.       Hambeg miyur suwantenipun ampang.
Katerangan:
Ingkang winastan hambeg senapati punika; tetungguling prajurit, tuwin sadaya ingkang anggadhahi raos tanggel jawab ing samukawis. Kadosta upaminipun: Prabu Karna kaliyan R. Samba; nglangak ndingklukipun sami, mripatipun ugi sami liyepan, cangkemipun ugi sami salitanipun, nanging Prabu Karna Senapati ageng, Raden Samba namung putran limrah, ingkang tanggel jawabipin ing samukawis . kawon kaliyan Prabu Karna . mila suwantenipun sanadyan sami alitipun, kadamel langkung antep Prabu Karna.
Prabu Kurupati kaliyan Raden Gathutkaca; paraupan,mripatan, tuwin cangkemanipun ugi sami, nanging Prabu Kurupati tansah kenging pambujukipun Patih Sengkuni, Pandhita Durna, lss. Mila suwantenipun lajeng boten kadamelantep. Namung ampangipun suwanten ageng ingkang mesthinipun mawi gregel, lajeng kadamel melung. Manawi Harya Gathutkaca tetep antep mawi gregel, mekaten sapiturutipun.
Ingkang winastan hambeg pinandhita punika; inggih para Pandhita tuwin ingkang sampun kadunungan watak kasepuhan. Kadosta: Salya, baladewa Kresna lss. Mila manawi Prabu Kresna pinuju jejagongan kaliyan prabu Karna, suwantenipun Prabu Kresna kadamel langkung lelah. Prabu Matswapati ugi kadamel langkung lelah.
Denen ingkang winastan hameg miyur/lemeran punika; ingkang gampil kenging pengaruh, ugi ingkang kirang raos tanggel jawabipun ing bab punapa kemawon, tuwin ingkang gadhah watak jirehan. Ngengingi Prabu Kurupati kasbut nginggil, anggenipun gadhah watak puguh punika sasampunipun ngajengaken perang Bharatayudha. Saderengipun amung tansah ing pambujuk.
4.    Runtutipun kaliyan larasing gongsa :
                        Rehning ingkang saged kangge damel gantos gumantosing swasana gesanging pakeliran punika kawasesa dening laras runtuting gongsa, mila ing ngriki damel wawaton: sadaya suwantenipun ringgit ingkang kalebet suwanten ageng , ringgit punika; kakung unapa putren, punapa denawa, katetpaken wonten ing laras 2 (gulu). Kajawi:
-          Denawa Ratu, wonten ing laras 1
-          Raden Harjuna wonten ing salebeting pathet 9, ugi laras 1, dene wonten ing pathet 6 tuwin pathet manyura, tetep wonten ing laras 2.
-          Harya Werkudara wonten ing laras 6 (nem) ageng.
Sadaya carita; mangka dhasaripun ugi katetepaken wonten ing laras 2, wondene minggah-minggahipun miturut swasananing pakeliran. Namung wontening carita janturan jjer, b oten kenging minggah mandhap, kedah tetep wonten laras 2, nanging sampun ngantos mbengengeng. Denen caranipun kedah tansah ngengeti pedhotaning ukara miwah titik komanipun,  wigatos kangge ngetapaken sumelehing carita salebetipun kaliyan antawacana kasbut.
Suwantenipun ringgit putren:
            Antawacananipun ringgit putren kedah bed kaliyan putran, sanadyan ageng aliting suwanten sami, nanging kedah saget mbedakaken. Caranipun langkung rumiyin kedah mangertosi sabab-sababipun. Putri punika limrahipun boten gadhah kala-manjing, mila manawi nyuwantenaken ringgit putren sampun ngantos kawoworan suwantening tenggorokan, sabab manawi ngantos kawoworan suwantening tenggorokan lajeng karaos dados suwanten kakung. Suwanten putri punika limrahipun langkung alus tuwin ampang, abab boten kawoworan suwantenng tenggorokan. Dados manawi ngucapaken ringgit putren punika, kedah namung wonten sangajenging/sajawining tenggorokan, kepara kedaling suwanten (tekanan swara) kawedalaken medal bolongan grana ingkang aking nglebet.
            Dene pocapan suwantening ringgit-ringgit ingkang boten kalebat ing kawruh antawacana kasbut, cekap kapepatut  kawewangun, liripun; wangunipun ringgit punika kados pundi, patutipun suwanten kajumbuhaken kaliyan wujudipun, ingkang dados pathokan paraupanipun wayang, malahan sasaget-saget hangembaa paraupanipun wayang ingkang kaucapaken punika, dados saget trep kaliyan kawujudanipun.
            Teori kawruh antawacana punika katingalipun gampil, nanging tumindakipun/praktekipun tuhu angel, mbetahaken latian-latihan ingkang yektos, mangka boten saged kasesa, ugi mbetahaken wekdal ingkang dangu. Kadosta upaminipun: wara Sumbadra jejagongan kaliyan Harya Gathutkaca, Raden Abimanyu tuwin Harya Brajadenta punapa harya Brajamusti, mangka sadaya  kalawau suwantenipun laras 2, kedah saged mbedakaken suwanten setunggal tuwin setunggalipun. Malih; adegan Wiratha: Prabu Matswapati kahadep putra-putra, harya Seta, raden Utara, Raden Wratsangka, tuwin Patih Nirbita, sadaya wau paraupanipun sami, mripatanipun, miwah cangkemanipun ugisami,temtu kemawon antawacananipun inggih sami,mangka kedah saged mbedakaken. Lajeng kados pundi caranipun kawawas saking luhur andhaping darajat, miwah hambeg wewatakanipun. Ingkang hambegipun menep/anteng suwantenipun langkung antep alon. Wonten ancer-ancer sawatawis ; jejagonganipun ringgit  ingkang suwantenipun ageng ami ageng , ingkang langkung ngaosi suwantenipun langkung ageng, nanging sesaget-saget dhasaripun  laras tetep, ingkang langkung ageng punika kedalipun miwah sumelehing tembung. Manawi jejagonganipun ringgit ingkang suwantenipun alit sami alit; ingkang ngaosi sasap alit, namung suwanten alit punika boten katamtokaken jumbuhipun kaliyan larsing gongsa, dados langkung gampil.
            Antawacana punika ingkang perlu kalatih kedalipun/tekanan swara, kadosta: suwanten putri sampun kapratela ing nginggil. Suwanten enteng/ampang, kedapun/tekananipun wonten sangajenging tenggorokan. Suwanten sedheng/tengah, kedalipun/tekananipun dumugi tenggorokan. Suwanten antep, kedalipun/tekananipun dumugi salebeting tenggorokan. Mila sinau antawacana boten kenging namung kabatos, kedah kaucapaken wetah miturut kabetahanipun.
            Antawacana punika boten namung kaetrapaken wonten ing pocapan kemawon, sanadyan carita ugi kawasesa ing antawacana. Sabab carita punika inggih kawengku ing raos 4 prakawis kados kasbat nginggil, dados carita inggih kedah jumbuh kaliyan raosing pakeliran. Mila ngantos wonten bebasan; basa/ukara lan antawacana iku upama mangsi lan pene. Sanadyan mangsine apik (antawacanane sae), nanging yen pene rusak (antawacananipun awon) tulisane ora bisa cetha (raosipun boten kacepeng). Upaminipun: nyaritakaken ringgit sedhih, mangka salebeting ayak-ayak tlutur, antawacananipun boten kajumbuhaken kaliyantlutur, namung pokok seru cetha, inggih lajeng ical raosipun sedhih/tlutur punika, satemah pakeliranipun kenging winastan pejah makaten sasaminipun. Terangipun carita tuwin pocapan punika sadaya kawengku ing antawacana, inggih antawacana punika ingkang saged mujudaken tulis/gambar ingkang kados nyatu wonten ing pakeliran (gesanging pakeliran).
B.    Sem

Ingkang winastan sem punika tegesipun sengsem; dalang kedah saged damel sengsemipun ingkang sami mriksani, menggih caranipun:
a.       Manwi pinuju hadegan/ringgggit jejagongan, angrembag pinanggih ing nalar, basanipun runtut, antawacananipun leres, kadosta upaminipun : Jejer Dwarawati, Prabu Kresna badhe kagungan damel mantu; kagambarna kados denen priyagung ingkang ngasta panguwasa mangka badhe kagungan damel mantu, sampun temtu kemawon ingkang sami cecaketan kepennngin badhe rerencang miturut kesagedanipun piyambak-piyabak. Pangmbating rembag pamtahing pakaryan-pakaryan, inggih kagambara kados tiyang ingkang badhe gadhah damel mantu saestu.
b.      Manawi ngrembag bab papeerangan, inggih kagambara pamatahing Senapati ingkang dados tetungguling yudha, pranataning gelar, para wadya ingkang majeng perang, makaten sapiturutipun.
c.       Langkung-langkung manawi nggambaraken pepanggihan ringgit priya lan wanita ingkang nembe kasmaran; inggih kagambara kadosdene raosing mudha ingkang nendheng kataman gandrung kaliyan satunggaling wanita.
d.      Manawi nyaritakaken tuwin ngucapaken ringit sisah; dhalang kedah saged hangraosaken sapinten kandel tipising sisahipun, kedah karaos wonten ing dalangipun. Manawi yektos saged makaten, sampun temtu ingkang sami mriksani lajeng katarik raospun welasan, malah wonten ingkang ingkang tumut nangis.
e.                   Manawi nggambaraken kawontenan, kadosta: nyaritakaken wana ageng dalasan isen-isenipun. Salebetipun dhalang carita, ing salebeting dhadha kedah sampun isi gambar wana ageng kasbut, dados ingkang kaucapaken punika, tuhu nyata wonten ing piyambakipun. Ageng-agenging kajeng, rungkuting gegrumbulan, gawat angkering wana, lampahing kewan-kewan, gegremetan, iber-iberan, lsp. Dados dhalang inggih kedah gadhah kawruh/bab wana alasan. Makaten ugi manawi nyaritrakaken edining patamanan; weninging toya balumbang, dalah isen-isenipun, pangrakiting sesekaran ingkang kangge rerngganing patamanan, witwitan miwah kajeng-kanjeng ingkang saged damel edum royoming patamanan, lsp. Basanipun milih basa ingkang edi, ukaranipun runtut, tumandukipun dateng tiyang ingkang sami midhangetaken sanadyan kelir punika wanranipun pethak, nanging temtu lajeng thukul gegambaraning cipta kados sumerap patamanan saestu.
Dhalang ugi kedhah saged nggambar pategilan miwah pasabinan, kadosta: kawontenanning tetaneman, tumandhangipun ingkang saminambut kardi, rajakaya ingkang kangge makarya, karuutaken kaliyan laras iramaning gendhing.
Ugi kedah saged hanggambaraken kawontenaning karang padesan: ing bab pasang rakiting bale wisma, rampaking pager-pager gasiking margi-margi lsp. Wigatosing kangge nambahi edining raos pakeliran, saged damel sengsemipun ingkang sami midhangetaken, satemah tuwah raosipun kepengin mujudaken padhusunan ingkang sae, kados gegambaran critanipun ki dhalang. Makaten sapiturutipun.
Dados terangipun dhalang punika sami kaliyan tukang hanggambar, namung panggambaran mawi basa/ukara miwah solah. Mila handhalang punika kedhah wetah, sadaya saranduning badan tuwin raosipun mligi umuju dhateng pakeliran. Manawi saged makaten, tamtu saged damel sengsemipun ingkang sami mriksani tuwin mirengaken.

C.    Nges

            Menggah ingkang dipun wastani Nges punika, yektosipun amung mor-misah kemawon kaliyan sem kasbut nginggil, namung nges punika mligi ngengingi raosa batos. Ing nginggil sampun katerangaken, handhalang punika kedah wetah, liripun sarira kedah saras, pikiran mligi tumuju dhateng pakeliran, tuwin raos kedah hening. Jalaran badhe ngrembag bab-bab ingkang wigatos tumraping kebatosan. Pramila manawi wonten saranduning badan ingkang kirang samekta, anjalari kirang  weninging raos, satemah kirang patitis manawi ngrembag bab kebatosan. Pepacuhipu dhalang boten kenging hangrembag salah satunggaling bab ingkang piyambakipun kirang trewaca, sabab manawi mekaten malah hanguciwani. Tegesipun boten kenging namung tiru-tiru kemawon, sadaya kala wau kedhah tanggel jawab wonten ing piyambakipun.

D.    Nawung Kridha
    Nawung Kridha saking tembung Nawung lan Kridha, tegesipun; Nawung=ngemu/ngandhung/kridha=solah, ingkang pikajengipun; prigel. Denen prigel punika prigel ing samukawis, kadosta: prigel nyolahaken ringgit, ing bab tanceban, nglampahaken ringgit, tuwin paperangan kanthi wawaton uda nagara.
Prigel olah bas, tumrap ing carita miwah pocapan, pamilihing basa runtuting ukara ingkang cocok kaliyan raosing/swasananing pakeliran. Kadosta: manawi nyaritakaken ringgit ingkang ageng-ageng, baanipun miliha tembung ingkang kedaling aksaranipun anteb-anteb. Upaminipun: ha, da, dha, ja,ga, ba. Kosok wangsulipun manawi ingkang dipun caritakaken /ucapaken ringgit alit-alit, putren, putran, sasaminipun, inggih miliha tembung-tembung kedaling aksaranipun entheng, dados cocok kaliyan pawayangipun. Manawi damel lelucon sampuh lekoh-lekoh sanget, malah ingkang mirengaken karaos isin, nadyan ingkang gawe lelucon eca kemawon, sokur manawi saged lelucon punika hangemu suraos pendhidhikan, punika langkung utami, sabab ingkang saged nggumujengaken punika boten namung bab lekoh kemawon, nanging saking luwesing pakecapan, limrahipun winastan cucut. Dados terangipun prigeling olah basa punika naminipun ; luwes utawi cucut.
Prigel hangracik rembag wonten ing adhegan-adegan. Kadosta, ngrembag bab kulawarga, ngrembag bab gegayuhan, ngrembag bab paperangan, ngrembag bab kautaman lss. Supados ngantos kados salimrahing tiyang gesang punika ingkang nembe ngrembag salah satunggaling bab ingkang perlu karembag. Limrahipun prigel wonten ing pangrembaging bab punika winastan sambung rapet.

Ugi kedah prigel hangulur miwah ngrungket cacriyosan /dedongengan /babad, ingkang lajeng kadhapuk dados lampahan/ lakon kangge handhalang sadalu. Kadosta, padhapuking adhegan-adhegan wiwit jejer ngantos dumugi tanceb kayon, kedah runtut kados dene alimrahing padhalangan sadalu. Upaminipun; jejer sasaged-saged miliha nagarinipun Narendra ingkang kalebet alusan, (limrahipun winastan nagari ing tanah jawi), boten kenging nagarining yaksa tuwi narendra brawokan, makaten salajengipun. Inggih prigel cara padhapuking lampahan/adegan-adegan kasbut winastan sanggit.