A.
Kawruh Padhalangan
Sadaya ingkang sami
sinau padhalangan punika, langkung rumiyin prayoginipun kedh nyumerapi
paprincening kawruh padhalangan. Wondene sawatawis minangka ancering badhe kapratelakaken
kados kasbut ing ngandhap punika.
Kawruh padahalangan
kaperang dados 2 golongan, inggih punika Wadhah lan Isi.
Dene pratelanipun kados ing
ngandhap punika:
a.
Wadhah:
1.
Cepengan, Tanceban, tuwin sabet.
2.
Suluk-sulukan, Pathet, Sendhon, adha-adha.
3.
Basa/ tembung-tembung.
4.
Dhodhogan, tuwin keprakan.
b.
Isi:
1.
Antawacana/pilah-pilahaning suwanten.
2.
Sem/saged damel sengsem.
3.
Nges/ saged ngengingi raos/karaos.
4.
Nawung kridha/sambung rapet/sanggit.
5.
Sambegana lebda ing kawruh.
6.
Udanagara/traping unggah ungguh.
Kapaados cetha lan gampil panyinaonipun , bab-bab
kasbut nginggil, kapratelakaken paprincenipun kados ing ngandhap punika.
1.
Bab Cepengan
Ing ngriki perlu
katerangaken langkung rumiyin bab gapit wayang cempurit; perangan sangandhaping
suku wayang punika winastan rempag. Rempag
kaperang dados 4, nginggil piyambak
ingkang mawi geret-geret winastan picisan. Sangandhapipun/ ingkang legok winastan
lengkeh, ngandhapipun malih ingkang mbledhuk winastan genukan,
sangandhapipunngantos dumugi pethit winastan antup. Dene gapit kewan-kewan
tuwin ampyak punika limrahipun gepeng, inggih punika ingkang dados wawaton
panyepenging ringgit. Kadosta:
1)
Ringgit Putren; panyepenging ringgit putren
punika kedah nethit/wonten antup, patraping panyepeng kados ngasta gagang pen.
2)
Ringgit Bambangan/putran; panyepenging ringgit
bambangan/putran punika wonten perangan genukan, patraping panyepeng manawi
lampahing alon sami kados ringgit putren kasbut, nanging manawi lampahipun kasesa,
panyepengipun ngrenggep(nggegem).
3)
Ringgit tanggung; panyepengipun ringgit tanggung
punika wonten ing lengkeh, patraping panyepeng ngrenggep/nggegem.
4)
Ringgit dugangan ageng ngantos Ratu Denawa ageng;
panyepenging ringgit ageng punika wonten ing picisan, patraping panyepeng
ngrenggep/ngggem.
5)
Ringgit ampyak tuin kewan-kewan; panyepenging
ampyak tuwin kewan-kewan punika hanjagal, tegesipun asta ngantos nyepeng
palemahanipun wayang. Kajawi manawi kewanipun punika peksi, awi mbetahaken
aburan nginggil, mila panyepengipun ugi methit.
B.
Cepengan Ringgit Salebeting Lumampah
1.
Cepengan Ringgit Putren Salebeting Lumampah
Menawi
hanglampahaken ringgit putren salebeting raos mardika mongka irama tamban,
panyepenganipun kados kasebut perangan ing nginggil, dene panyepengan tudingan
wonten warni kalih :
1. Tudingan kalih-kalihipun kenging
karangkus dado setunggal.
2. Asta Ngajeng katekuk mangajeng, epek-epek
katempelaken sahandaping sabuk, asta wingking kapetha lambehan.
Manawi
lampahipun hangemu raos sungkawa, lampahipu alon semu tumungkul, asta ngajeng
kacenthelaken ing pundak wingking, asta wingking kaumbar (mboten lambehan).
Manawi
lampahipun ngemu raos kasesa
(sereng), lampahipun rikat patrapipun ngasta tudingan ugi warna kalih :
1. Asta ngajeng katekuk mangajeng, asta wingking katekuk mawingking, epek-epek kalih pisan katempelaken
sangandaping sabuk.
2. Asta kalih pisan (tudingan)karangkus dado
setunggal.
Dene
manawi ingkang kalampahaken putren lanyap. Tindak tuwin lambehanipun kapetha
radi rongeh. Manawi putren luruh, tindak tuwin lambehanipun kapetha alus.
2.
Lampahipun Ringgit Bambangan, Tuwin Ringgit Putran
a.
Manawi ingkang kalampahaken ringgit alusan, monka salebeting swasana mardika, lampahipun alon, asta ngajeng
katekuk mangajeng, epek-epek katempelaken sangandaping sabuk, asta wingking
kapetha lambean.
b. Manawi
ing salebeting swasana sisah/sedhih, lampahipun ugi alon, asta kalih pisah
lurus mangandhap, tudingan kalih pisan karangkus dados setunggal kalian rempag.
Tuwin epek-epeking asta ngajeng kachentelaken wonten sawingkinging
bangkekan/pundhak, asta wingking kaumbar semu tumungkul.
c.
Manawi lampahipun wonten salebeting swasanasereng/kasesa, asta
ngajeng katekuk mangajeng, asta wingking mathentheng, lampahipun rikat, nanging
inggih katingalan alusipun.
d. Manawi
ingkang kalampahake putran utawi/satriya lanyapan, ing salebeting swasana
mardika, asta wingking mathentheng, asta ngajeng kapetha lambehan, lampahipun
alon nagging semu rongeh.
e.
Manawi wonten ing salebeting swasana sisah/sedhih, sami kados
satriya alusan kasebut.
f.
Manawi ing salaebeting swasana sereng/kasesa/duka, asta ngajeng
saget katekuk mangajeng/mawingking, asta wingkig mathentheng, lampahipun rikat.
Ugi saget asta ngajeng kapetha ulap-ulapan, lajeng kalampahaken ugi rikat.
3.
Lampahan Ringgit Dugangan Tanggung
a.
Manawi lampahipun ing salebeting irama tamban/swasana mardika,
patrapipun asta: asta wingking mathentheng, asta ngajeng saget kaumbar/katekuk
mangajeng/ kapetha lambehan, lampahipun
mawi greg-greg kados tumapak ing siti.
b.
Manawi ing
salebeting irama seseg/ngemu raos sereng, lampahipun rikat, mboten mawi
greg-greg, patrapipun asta : asta wingking matentheng, asta ngajeng saget
kathekuk mangajeng/mawingking, ugi
kenging mawi ulap ulapan, lajeng kalampahaken rikat, semu kados dene
malumpat/kebet.
c.
Manawi wonten ing salebeting swasana sisah/sedih, patraping asta
kalih pisan kaumbar, lampahipun alon ugi mawi greg-greg.
4.
Lampahipun Ringgit Dugangan Ageng
Lampahipun Ringgit Dugangan ageng, ing salebeting swasana
mardika, sungkawa/sedih, irama tamban, sami kalian ringgit dugangan tanggung.
Namung ing salebeting irama sesek/sereng, sakedap-kedap ulap-ulapan, tuwin kados dene hangawe-awe, solahipun kajumbuhna
kaliyan wewujutan miwah wewateganipun.
Manawi ingkang kalampahaken ringgit dugangan gusen, utawi gusen siung, rehning
wewateganipun racakipun kathah ingkang angkara murka, tur ngendel-endelaken
kaprawiran miwah kasektenipun, mila lampahipun kedah katingala kasaripun tuwi
kadamela langkung rongeh.
5.
Lampahipun Harya Bratasena
Manawi nglampahaken Harya Sena salebeting irama tamban/ayak-ayakan
, mongka swasana mardika, kapetha gleyah2 mawi greg-greg, patrapipun asta : asta wingking mathentheng, asta ngajeng
katekuk mangajeng,
epek-epek asta ngajeng katarik mawingking meh gathuk kalian epek-epek asta
wingking.
Dene manawi lampahipun ngemu raos duka, tur irama
seseg/slepeg/sampak, lampahipun kapetha mlumpat-mlumpat/ kapetha mberung,
patraping asta : epek-epek kaklempakaken dados satunggal, dumunng sangajenging
pupu ngajeng.
Manawi lampahipun ngemu raos sungkawa, lampahipun alon kagambar
radi tumungkul, mawi greg-greg sakedhik, patapipun asta : asta wingking malang
kadhak, asta ngajeng cekap kaumbar kemawon.
6.
Lampahan
Ringgit Gecul
Manawi
lampahipun ing salebeting irama tamban/ayak-ayakan, mongka raos mardika,
lampahipun kadamel nguntrung, asta wingking malangkadhak, asta ngajeng karangkus/kaumbar.
Dene manawi wonten
ing salebeting irama seseg/lancaran/slepeg/sampak, lampahipun kadamela
gegeculan, liripun mawi jejogetan, ngentreg, jlalatan, kapetha gumujeng
latah-latah. Patrapipun asta : asta wingking malang kadhak, asta ngajeng
kapetha jejogetantuwin lambehan.
Dene manawi ingkang kalampahaken Harya Burisrawa ing salebeting
raos sedih/sungkawa, asta ngajeng
kacenthelaken sabuk wingking, asta wingking kaumbar.
7.
Lampahipun Ringgit Denawa
Manawi ingkang kalampahaken Denawa Ratu, Denawa Nem, tuwin Denawa ingkang
pangkat Patih, Pangeran/Harya, ing salebeting irama tamban/ayak-ayakan,
lampahipun alon mawi greg-greg, semu tumungkul, patraping asta kaumbar.
Langkung langkung ingkang kalampahaken punika Denawa Ratu, tur ngemu raos
gandrung, lampahipun mawi nolah-noleh sarta tansah nyuwanten anguda rasa.
Dene lampahipun denawa bala : Begal, Cakil, lss., ingang tamtu
wonten salebeting irama seseg/slepeg/sampak, lampahipun sarwa kasar, solahipun
kapetha ngulung-nglung, nyawur-nyawur, nyakoti lengenipun piyambak,
mendhek-mendhek lajeng mancolot kados lampahing sima, asta tansah kaebahaken,
sarwa mawi hanggero.
Dados terangipun sadaya lampahing ringgit kedah kaemper kalian
wujud wewatakanipun , miwah kawigatosanipun/perlunipun.
C.
Cepengan Ringgit Salebeting Perang
1.
Perangipun Ringgit Alusan Mengsah Alusan
a.
Panyepengnipun ringgit ingkang sisih tengen, asta ngajeng katekuk
mangajeng/mawingking, asta wingking mathentheng. Dene ringgit ingkang sisih
kiwa, asta kalih pisan
katekuk mawingking, panekukipun asta ngajeng angsal nlebet badan.
b.
Tandangipun : pundi ingkang kawawas langkung adreng,punika ingkang
kaesukaken langkung rumiyin/ ngroyok.
c.
Olahing Perang :
1)
Prapatan, kalajengaken jeblos.
2)
Perang asta, kalajengaken tanting-tinanting
3)
Cengkah, ingkal kadamel kawon lajeng kauncalaken.
Adu
boboting epek-epek:
1)
Papagan lajeng prapatan, kalajengaken jeblos,
2)
Dhodog-dhinodog, pundi ingkang badhe kadamel asor, tandangipun
kadamel saya kendho, lajeng kabanteng kauncalaken.
d.
Perang curiga : keris sami kaasta ing asta wingking, asta ngajeng
kenging kaumbar/karangkus, miturut kaprigelanipun ingkang nindakaken.
e.
Paprangan kasebut kenging ugi ngginakaken jemparing. Dene manawi
sektinipun, ugi kenging ngginakaken pangabaran. Ingkang winastan pangabaran
punika upaminipun : ringgit igkang badhe kadamel kawon, ngedalaken pangabaran
kados ; sawer, sima, ampak-ampak. Dene ringgit ingkang badhe kadamel
unggul/menang ugi lajeng hanimbangi; umpaminipun : dados garudha, Bantheng,
ngedalaken ringgit ageng kangge ambuncang ampak-ampak kasbut, lss.. wewatonipun
peranging ringgit alusan punika mboten kenging ndugang, langkunglangkung manawi
ringgit bokongan.
2.
Perangipun Ringgit Alusan Mengsah Ringgit Dugangan
Panyepenganing
ringgit alusan kados kasbut nginggil, panyepenganipun ringgit dugangan asta
kalih psan katekuk mawingking, manawi ringgit duganganipu wonte sisih kiwa asta
ngajeng lurus mangandap radi ngajeng/siap mrawasa.
Tandangipun; ringgit dugangan tansah ngesuk, solahipun
anggegila/damel miris, dene ringgit alusan kadamel anteng. Lampahing paprangan
ugi kawiwitan saking prapatan,kalajengaken jeblosan, lajeng titihan, mrawasa,
ngkang badhe kadamel kawon mrawasa langkung rumiyin.
Caranipun mrawasa : Ringgit dugangan, ndhodhog, nabok/nempiling,
nyaut, mbanting lajeng ngncalaken, manwi dganganipun punika mawi suing, temtu
mawi ngigit, ndugang.
Manawi ringgit alusan; ndodog,nempiling, njambak, njentusaken,
ngantem mawi asta wingking, mboten keging mbanting, sabab badanipun temtu kawon
ageng.
3.
Perangipun Ringgit Alusan Mengsah Denawa (Prang Sekar)
Ing sarehning satriya (alusan) temtu
rumaos karoban ing samukawisipun, mila perangipun mawi solahing silat, murih
mboten gampil kagrayang dening mengsahipun.
Satriya :
patraping asta sakawit asta wingking mathentheng, asta ngajeng katekuk
mangajeng, bilih samput wiwit mrawasa, asta kakalihipun lajeng kaumbar,
wigatosipun kangge nggendir, inggih gendiran punika kangge gambaring panangkis sarta
mrawasa sacaraning silat. (murih katingal trengginas lan trampil).
Satriya wonten
kiwa, denawa nonten tengen, solahipun denawa tansah anggegiro, kadosta: nyaut,
ngglundungi, nubruk, ngruket, ngebruki, ingkang sadaya kala wau supados
mengsahipun miris, nanging tanpa dugi prayogi.
Manawi
denawanipun cakil, satriyanipun tansah endha, ngantos mboten saged kaprayang,
sanadya denawa Cakil wau ngrenggep dedamel (keris), ewadene tetep mboten saged
ngengingi Satriya, malah kerisipun karebat dening satriya lajeng kasudukaken
dating Cakil ngantos dumugining pejah. Dene ingkang kangge mejahidenawa Begal,
limrahipun mawi jemparing.
4.
Perangipun Ringgit Dugangan Mengsah Dugangan
Patraping Panyepenganipun : ringgit ingkang sisih tengen asta
ngajeng katekuk mawingking, asta wingking mathentheng, ringgit ingkang sisih
kiwa asta kalih pisan katekuk mawingking, naming asta ngajeng angsal salebeting
badan.
Lampahing Paprangan :
Ringgit ingkang langkung rosa sarta langkung sereng, punika ingkang
ngesuk rumiyin/tansah ngoyok, menawi sampun sami tadhah, nanging lajeng
kakipataken, wangsulipun dados jeblosan, ingkang satunggal badhe mrawasa dipun
endhani lajeng dados dugang dinugan, kalajengaken prapatan. Manawi sampun sami
tanggonipun lajeng mrawasa pinrawasa, ugi saget banting-binanting,
buwang-binuwang, tebah-tinebah, tabok-tinabok. Manawi ingkang perang wau Harya
Gathutkaca mengsah Prabu Baladewa, R. Gathutkaca boten kenging nabok/nempiling,
inggil-inggilipun namung dumugi ing dhadha, katebak utawi kadhodhog, miwah
mbithi/ngantem wentis.
5.
Perangipun Ringgit Dugangan Mengsah Denawa.
Patraping Panyepenganipun :
Ringgit dugangan ; asta kalih pisan katekuk mawingking, utawi asta
ngajeng katekuk mangajeng. Dene denawa punika limrahipun astanipun namung
satunggal ngajeng, mila panekukipun boten kawatesan, liripun kenging mangajeng
kenging mawingking, kenging ugi lurus mangandhap, miturut kabetahanipun
Lampahing Paprangan:
Manawi ringgitipun dugangan punika: H. Sena, Pr. Baladewa, H.
gathutkaca, H. Seta, H. Setyaki, ringgit-ringgit kasbut tandangipun winastan
tanggon, mila boten puru kaesuk, nanging malah kosokwangsulipun. Dene manawi
ringgit duganganipun sanes kasbut nginggil, inggih pundi ingkang langkung
adreng/sereng ingkang ngesuk/nyokoy langkung rumiyin.
Denen solahipun denawa; anggegiro, nyawur-nyawur, nyruket, nyakot,
nubruk, ngebruki, ngglundungi, pikajengipun tansah damel giris miris.
Ringgit dugangan; caranipun mrawasa mengsah, nempiling, ndugang,
njambak lajeng kajentusaken, ngantem mawi asta wingking. Wondene kalh-kalihipun
kenging sami ngginakaken dedamel.
6.
Perangipun Denawa Mengsah Sami Denawa
Panyepenganipun ringgit :
Sami kados panyepenganipun denawa kasbut ngingil.
Solahipun paprangan:
Ugi sami kados solahipun denawa kasbut nginggil, nanging rehning
sami denawanipun, lajeng sami tubruk-tinubruk, tebak-tinebak, cakot-cinakoy,
ringkesipun tandangipun sami. Denen ingkang kadamel kasor/kawon,
telas-telasipun kabucal tebih.
7.
Perangipun Ringgit Putren Mengsah Putren
Perangipun rinngit
putren sami putren punika sami kaliyan perangipun ringgit alusan mengsah
alusan, nanging manawi sampun sami ruwetipun lajeng sami kuwel-kinuwel kados
dene gelut. Sanadyan manawi sami sektinipun, perangdedamel miwah pangabaran ugi
sami kaliyan ringgit alusan kasbut.
D.
Tancebing Gunungan/Kayon
Tancebing kayon punika
mawi wewaton ingkang baku; mituru kapercayaning batos, adhedhasar kawruh
kajiwan, kayon punika minangka pralambanging sagesangan, sami kalian
ringkesanipun balungan lakon kangge handhalang sadalu muput.
Patraping tancebanipun kayon :
a.
Saderengipun wiwit jejer; kayon tumanceb ing kadebog nginggil,
dumunung wonten ing tengah-tengahing gawang. Manawi sampun wiwit, kayon
kabedhol kaunus mangandhap alon-alon, kaendheg kaping kalih lajeng kaentas,
katancebake nutub pungkasaning sumpingan tengen, tumanceb ing kadebog ngandhap.
b.
Ing salebeting pathet 6 (nem).
Manawi kayon katancebake ing tengah-tengahing gawang, punika kangge
pratandha singgetaning adegan. Tumancabing wonten ing kadebog ngandhap dhoyong
mangiwa.
c.
Manawi kayonipun namung setunggal; ing salebetipun badhe prang
ampyak, kayon kapindhah katancebaken ing pungkasanng sumpingan kiwa, tumanceb
ing kadebog ngandhap, kangge nggambaraken margi risak, lajeng prang ampyak.
Dene sabibaring prang ampyak, salebeing pathet kedu, kayon taksih kalampahaken
ing pakeliran, saking gawang tengen mangiwa. Sareng kaliyan pangeliking pathet
kedu, kayon katancebaken ing gawang tengah, tumanceb ing kadebog ngandap,
dhoyong mangiwa.
d.
Manawi malik dhateng pathet 9 (sanga), sareng kaliyan wiwiting
pathet sanga wantah, kayon kabedhol katancebaken ing kadebog nginggil,kaleres
tengah-engahing gawang, kados nalika saderenging jejer. Salebeting pathet
sanga, manawi kangge singgetaning adegan, kayon dumunung ing tengah gawang
jejeg, tumanceb ing kadebog ngandhap.
e.
Wiwit angka-angkatan malik dhateng pathet manyura, kayo
katancebaken wonten ing kadebog ngandhap, tengah gawang dhoyong manengen.
f.
Tanceb kayon:
Pungkasaneng adegan; kayon katancebaken ing tengah tengahing
gawang, jejeg, ing kadebog nginggil, kiwa tengen tepining kayon, nutupi
paraupanipun ringgit ingkang kangge adegan pungkasan kasbut.
Katerangan:
Salebeting handhalang sadalu, kayon
boten kengingkaselehaken ing panggenan sanes, upaminipun; wonten ing
tumpukaning wayang-wayang sanesipun, kadosta: wonten salebeting kothak, wonten
sanginggiling tutup kothak, dados kayon kedah tumanceb ing kadebog (panggung).
Tumancebing kayon wonten ing kadebog nginggil; namung kaping tiga :
saderengipun wiwit jejer, malik dating pathet sanga utawi gara-gara, lan tanceb
kayon pungkasaning adegan.
Dhoyonging
kayon : pathet nem dhoyong mangiwa, pathet sanga jejeg lan pathet manyura
dhoyong manengen.
E.
Tanceban
Manawi badhe
nancebaken ringgit mongka wonten ing kadebog nginggil, punapa badhe jejagongan,
punapa badhe perang, punapa sami kemawon. Langkung rumiyin kedah dipun tingali
palemahanipun ringgit/ dlamakanipun punika temtu inggil ngajeng, mila kedah
kaangkaha waradin/runtut kalian palemahaning kelir, supados adegipun boten
katingal kendegeken/kendungkruken. Wondene caranipun hanancebaken; ringgit
perangan/bagean bangkekan manginggil, tuwin perangan sangajenging gapit, kedah
mepet kelir, nembe katancebaken. Denen manawi ringgit adhepan utawi badhe
katancebake ing kadebog ngandhap, punika kadamela ndungkruk, dlamakaning
ringgit kapara inggil wingking, carane nancebaken sami kados kasbut nginggil.
Ringgit ingkang
kangge jejer (jejer I), Dewa punapa Ratu, sabedholing jejer boten kenging
kaselehaken wonten kothak punapa dene sanginggiling tutup kothak, nanging kedah
katancebaken wonten ing kadebog ngandhap gawang tengen, sawingkingipun kayon
madhep manengen, langkung-langkung manawi ingkang kangge jejer punika Bathara
Guru, punika samikalian kayon, boten kenging kaselehaken sadhengah panggenan.
Tanceban wonten ing salebeting
pajagongan: ringgit ingkang tumanceb ing gawang tengen lan gawang kiwa, kedah
dipun letleti sakedhikipun 2 kilan antawis paraupanipun ringgit, kajawi ringgit
ingkang datengipun susulan, kadosta: Jejer Kahendran; sasampunipun rerembagan
lajeng nimbali Bathari Supraba. Jejer Dwarawati katamuan R. Nakula/Sadewa,
punapa H. Gathutkaca, tancebipun saged langkung celak. Makaten sasaminipun.
Tanceban tamu kalian
ingkang katamuan : ingkang katamuan tancebipun wonten ing gawang tengen, dene
ingkang mara tamu wonten gawang kiwa. Kajawi manawi tamunipun Bathara Guru,
ingkang katamuan kapindah dating gawang kiwa, tumanceb ing kadebog ngandhap.
Dene manawi tamunipun dewa sanesipun Bathara Guru sami kados tamu sasamining
titah kasbut nginggil.
F.
Udanagara Ing Tanceban
Ratu sami ratu:
manawi jejagongan kedah sami-sami tumanceb ing kadebog nginggil.
Ratu kaliyan dewa: ugi sami-sami tumanceb ing kadebog nginggil,
namung ratunipun semu tumungkul mawi ngapurancang.
Ratu kaliyan Pandhita: inggih sami wonten ing kadebog nginggil,
anging pandhitanipun kapetha ngaosi. Manawi pandhitanipun Begawan Abiyasa utawi
Maharesi Wara Bisma,
ratunipun ingkang langkung ngaosi.
Ratu lan para
Harya:
Ratu tetep wonten kadebog nginggil, Harya wonten ing kadebog
ngandhap ngapurancang. Kajawi :
1.
Harya Sena, wonten ing pundhi kemawon kedah wonten kadebog nginggil
sarta malangkadhak.
2.
Harya Seta, wonten Pandhawa miwah Korawa, kedah wonten ing kadebog
ngingil sarta malangkadhak.
3.
Harya Sangkuni, kaliyan Prabu Baladewa utawi Prabu Karna, sami-sami
wonten kadebog nginggil.
Ratu
kaliyan Dewa wonten ing teba:
Dewa
wonten ing kadebog nginggil, ratu wonten ing kadebog ngandhap ngapurancang.
Punapa dene para satriya tuwin sanes-sanesipun.
Pandhita
kaliyan Patih:
Manawi
Pandhitanipun B. Abiyasa utawi Resi Bisma, Patih tumanceb wonten ing kadebog
ngandhap ngapurancang. Denen manwi Pandhitanipun sanes kasbut, sami-sami
tumanceb ing kadebog nginggil.
Putra
Nata/Pangeranpati kaliyan patih:
Putra
Nata wonten ing kadebog nginggil gawang tengen, Patih ing kadebog ngandhap
gawang kiwa. Kajawi manawi Patih Harya Sangkuni lan korawa, tuwin Patih Kincaka
kaliyan Putra-putra Wiratha.
G.
Sembahan
Bathara
Naradha dateng bathara
Guru, sembahipun sembah karna. Sembah karna punika asta wingking katempelaken
ing karna/kuping dipun sarengi manthuk.
Para Dewa dateng Bathara Guru; ngucubaken
asta ing embun-embunan, sarta lajeng ngaraspada/ngambung dlamakan, ugi kaliyan
nyembah.
Sadaya titah dateng para Dewa; semabah
grana mawi ngaras pada.
Ratu sami ratu manawi kawon sepuh sarta
kawon drajad, sembahipun sembah karna.
Ratu dateng Pandhita sanesipun B. Abiyasa
tuwin Resi Bisma, sembahipun sembah karna. Pandita dateng ratu ugi nyembah,
nanging boten ngaras pada.
Manawi para Pandhita raja, tuwin
Brahmananing praja, dhateng para Nata mawi sembah karna.
Pandhita
dateng para Dewa, nyembah nanging boten mawi ngaras pada, kajawi dhateng
bathara Guru.
Para Harya dhateng para Nata:
a.
Menawi ramanipun piyambak, sembah grana mawi ngaras pada.
b.
Manawi sanes ramanipun piyambak, cekap sembah grana/kuncuping asta
katempelaken ing pucuking grana/irung.
c.
Manawi ratunipun taksih waris, mongka kaprenah enem, cekap mawi
sembah karna. Upami: Harya Seta dhateng Prabu Puntadewa, H. Setyaki dhateng Pr.
Bomanarakasura, lss.
Satriya
sami satriya, kawon sepuh, mongka taksih waris/saderek, sembah grana boten mawi
ngaras pada.
Harya
sami harya; mimpang sepuh nanging kawon drajad, mawi sembah karna. Manawi
sami-sami, kangge njangkepi tata krami, ingkang dateng kantun ingkang sembah
karna.
Patih
dateng Rajaputra: manawi patihipun langkung sepuh, mongka taksih waris, mawi
sembah karna sang Rajaputra anggenipun ngancarani mawi asta kalih. Manawi
patihipun sanes waris, dateng sang rajaputra mawi sembah grana, nanging mboten
ngaras pada.
Patih
sami Patih; ajeng-ingajen, sami-sami sembah karna.
Patih
dhateng Pandhita ing pareden: cekap mawi sembah karna.
Satriya
dateng pandhita eyangipun piyambak: sembahipun sembah grana mawi ngaras pada.
Manawi dateng pandhita sanesipun , cekap nyembah boten mawi ngaras pada, ugi
kenging sembah karna.
H.
Sulukan
Sulukan punika kaperang dados 3 (tiga) :
1.
Pathetan : kangge
nggambaraken raos mardika, tuwin lega.
2.
Sendhon : kangge
nggambaraken raos tumalawung, sedhih, tuwin ugi kenging kangge nggambaraken
raos edi/endhah
3.
Ada-ada : kangge
nggambaraken sadaya raos sereng/duka/kasesa.
a.
Pathetan : pathetan
punika limrahipun kawasesa dening wanci, nanging ugi wonten ingkang kawasesa
dening ringgit
1.
Pathet Nem ageng : kangge
nyuluki jejeran, sabibaring gendhing.
2.
Pathet Nem wantah : kangge
nyuluki adegan-adegan ingkang mboten gadhah pathet piyambak, limrahipun
winastan srambahan.
3.
Pathet Nem jugag : kangge
nyuluki singgetaning imbal wacana, tuwin kangge sasuwuking ayak-ayakan.
4.
Pathet Sastradatan manyura ageng :
kangge adegan kedhatonan Dewi Banuwati. (kawasesa dening ringgit)
5.
Pathet Kedu : kangge
nyuluki sabibaring prang ampyak.
6.
Pathet Lasem :
kangge nyuluki adegan ratu sabrang alus/bagus. ( kawasesa dening ringgit)
7.
Pathe Lindur :
kangge nyuluki pungkasaning pathet 6, badhe malik dateng pathet sanga.
8.
Pathet 9 wantah : kangge
nyuluki malik pathet sanga sapisan, tuwin kangge srambahan.
9.
Pathet 9 ngelik : kangge nyuluki adegan sanga sapisan.
10. Pathet
9 jugag : ginanipun sami kaliyan
pathet 6 jugag.
11. Pathet
jingking : kangge nyuluki satriya
bokongan, sabibaring prang sekar, badhe lumampah malih.( kawasesa dening
ringgit)
12. Pathet
manyura wantah: kangge nyuluki wiwit malik dhateng pathet manyura, ugi kangge
srambahan.
13. Pathet manyura ngelik : kangge nyuluki adegan manyura, ingkang Prabu Kresna wonten.
14. Pathet
manyura jugag : ginanipun sami
kaliyan pathet jugag sanesipun.
b.
Sendhon
1.
Sendhon Manggalan/pananggalan, kangge nyuluki manawi badhe wonten
tamu ing salebeting jejer, (kalajengaken babak unjal). Tuwin kangge
nggambaraken raos emeng , ing salebeting jejer.
2.
Sendhon Kloloran, kangge nyuluki bedholan jejer.
3.
Sendhon Rencasih, kangge nyuluki sabibaring perang sekar, mligi
kangge R. Harjuna (kawasesa ing ringgit)
4.
Sendhon Abimanyu/Elayana : kangge nyuluki sabibaring perang sekar,
satriyaning jangkahan (kawasesa dening ringgit)
5.
Sendhon Sastradatan sanga, kangge nyuluki adegan Pr. Puntadewa ing
salebeting pathet sanga, ugi kenging kasambut kangge adegan putren, ingkang
ngemu raos sedhih/sungkawa.
6.
Sendhon tlutur, kange nyuluki sadaya adegan kang nandhang sungkawa,
sedhih, sakit lss.
7.
Sendhon Sastradatan Manyura, ginanipun sami kaliyan Sastradatan 9
kasbut.
c.
Ada-ada
1.
Ada-ada Girisa:
a.
Kangge nyambet sabibaring pathet nem ageng
b.
Kangge raos sereng ing salebeting jejer, ngantos dumugi adegan
paseban jawi.
c.
Kangge nyuluki adegan Denawa ratu
2.
Ada-ada Astakuswala alit, kangge nyuluki munduripun undhang paseban
jawi.
3.
Ada-ada Astakuswala Ageng, kangge nyuluki wangsul saking undhang
para wadya.
4.
Ada-ada Budhal mataraman, kangge medalipuin ingkang kaping 2
undhang budhalan.
5.
Ada-ada Gregetsaut 6, ada-ada gregetsaut nem wonten warni kalih,
ing punika jangkep, tuwin jugag. Denen ginanipun kangge nyuluki sadaya raos
sereng ,duka, kasesa, kaget, kalih-kalihipun punika anggenipun ngginakaken miturut
kabetahanipun. Manawi kasesa sanget ngginakaken ingkang jugag, denen manawi
boten, inggih ingkang wantah.
6.
Ada-ada sanga jengkep:
Kangge nyuluki
raos sereng ingkang boten patos kasesa, kadosta: satriya badhe mlebet wana,
Haryasena badhe lumampah, H. Gathutkaca badhe nggegana lss.
7.
Ada-ada sanga tengahan, kangge nyuluki sadaya raos sereng/kasesa.
Ugi kangge singgeaning rembag salebetingraos sereng/srambah.
8.
Ada-ada sanga jugag, ginanipun sami kaliyan ada-ada tengahan,
nanging langkung kasesa.
9.
Ada-ada Palaran, kangge nyuluki denawa begal ingkang nembe kawon,
ing salebeting perang sekar.
10. Ada-ada
manggalan/Girisa sanga, kangge nyuluki adegan denawa ratu, ing salebeting
pathet sanga
11. Ada-ada
tlutur, kangge nyuluki raos sisah. Ing salebeting swasana kasesa.
12. Ada-ada
Astakuswala sanga, kangge nyuluki manawi satriya badhe nglepasakn jemparing
dhateng denawa begal, salebeting perang sekar.
13. Ada-ada
manyura jangkep, kanggenipun sami kaliyan ada-ada sanga tengahan kasbut.
14. Ada-ada
manyura tengahan/srambahan, kanggenipun sami kaliyan ada-ada sanga tengahan kasbut.
15. Ada-ada
manyura jugag, kanggenipun sami kaliyan ada-ada sanga jugag kasbut.
16. Ada-ada
Tlutur Manyura, kanggenipunsami kaliyan ada-ada tlutur sanga kasbut.
17. Ada-ada
Greget saut, ingkang cakebanipun ngginakaken; manganjur
lakuning angin, salajengipun, mligi kangge nyuluki H. Werkudara badhe
lumampah/malumpat.
Denen tumindaking sedaya sulukan-sulukan kasbut nginggil, sanadyan sampun
wonten buku sulukan ingkang sampun mawi waton ing luk lan cengkokipun. Sarana
kaciretan noot titi laras, nanging pangetrapanipun kedah kajumbuhaken kaliyan
swasananing pakeliran. Upaminipun kadosta: ada-ada girisa kangge
nglajengaken/nyambet Pathet nem ageng, kaliyan Ada-ada girisa kangge
nggambaraken raos duka, anggenipun ngabani/ngucabaken tembung/basa,
3. x
x x x
x x x: (dhog dhog dhog dhog dhog), iramanipun
ajeg, pandhodhoganipun lirih, winastan ketegan.
Ginanipun: kangge mratelakaken/nedahaken raos
sereng, salebeting gongsa mendel.
4. xxxx
xxxx : ( dhogdhogdhogdhog dhogdhog),
iramanipun langkung sereng, kerep, nanging mboten ajeg, asring seseg sanget,
asring radi kendho sekedhik, tuwin seru lirihipun ogi boten ajeg, winastan
geteran.
Ginanipun:
-
Kangge nyerengi ada-ada
-
Kangge mratelakake nedahan rraos sereng , salebetipun gongsa mugel/dipun
iringi ungeling gongsa. Kadosta: lancaran, slepeg, tuwin sampak.
Ing ngriki badhe kapratelakaken sawatawis
lampah-lampahing dhodhogan. Murih cethanipun perlu ngginakaken kodhe-kodhe, supados
radi gampil mangertosi dunungipun dhodhogan wonten ing gendhing-gendhing
ingkang kangge ngiringi padhalangan.
X=dhog.
Xx=dhdhog (dhro. -= cek (keprak). T= kethuk. N=kenong. P=kempul.
G=gong .
. . .= petangan lampahing noot gendhing-gendhing.
Dhodhogan ayak-ayakan:
Ayak-ayakan nem, sanga, manyura, punika
dhodhoganipun sami kemawon, bedanipun; manwi ayak-ayakan manyura punika; G t N
t G t N t G salajengipun. Manawi ayak-ayakan Nem tuwin sanga; G t N t P t N t P
t N t P t dumugi pada lajeng Gong, makaten sapiturutipun ngantos suwuk.
Sasmita badhe ayak-ayakan :
G t N
t G(P)
x x x x
xxx x
Sasmita badhe ayak-ayakan:
t
N t P
t N t
P t N
t P t
N t
xx x
dasos terangipun bibar kenong sangajenging
gong lajeng kagedhog: dhdho-dhog; punika kangge sirep sadaya ayak-ayakan.
Dhodhogan suwuk ayak-ayakan :
t
N t P
t N t
P t N
t P t
N t G t N t P t N
t G.
X
xxx x xxx x x x x
x
Keterangan : kenong sangajenging gong kagedhog
satunggal, sareng kaliyan gong kagedhog 4 ( xxx x), sareng kaliyan kenong kagedhog
kaping 4 malih,sasampunipun mungel kempul /gong kagedhog pinjalan ngantos
dumugi kenong sangajenging gong suwuk. (P/Gx
x xx x0.
Dhodhogan nedha slepeg:
Xx xx
– G (dhdhog dhdhog cek G) lajeng kasambet keprakan sisiran : ---- ---- (
cekcekcek) salajengipun.
Dhodhogan sirep slepeg:
T
N t P
t N t
P t N
t P t
N t G
xx x
Rahning slepeg punika lampahipun kethuk,
kenong, kempul, tuwin Gong, meh sami kaliyan ayak-ayakan, namung iramanipun
langkung seseg, tikel kalihipun ayak-ayakan seseg, mila dhodhoganipun sirep
inggih dipun sirep inggih dipun wiwiti saking kenong sangajengipun kempul badhe
gong. (petanging irama thuthukanipun balungan ugi tikel kalihipun ayak-ayakan).
Dhodhogan suwuk slepeg:
Manggenipun dhodogan sareng kaliyan gong,
kagedhog /keprak pinjalan kaping 3 (nyela irama)
T N
t P t
N t P t N
t P t
N t G
t N t
P t N
t P t G
x
x x
Dhodhogan nedha sampak:
X x
- G (dhog hog cek G) lajeng kesambet keprakan
sisiran, sami kaliyan slepeg. Wondene sirepanipun ugi sami kaliyan slepeg.
Dhodhogan suwuk sampak:
Dununging dhodhogan/keprakan wonten sabibaring
gong, kagedhog/kakeprak kaping 3. Upaminipun : G x x x (G - - -)
Bab Dhodhogan ladrang miwah Gendhing-gendhing,
sanadyan sampun wonten bukunipun ingkang jangkep ngewrat dhodhogan tuwin
gendhingipun, ing ngriki boten ketang ancer-ancer sawatawis ugi badhe
kapratelakaken.
Dhodhogan Ladrangan:
Langkung rumiyin kedah mangertos ingkang winastan
ladrang punika, saben setunggal kenong tamtu wonten wolung (8) thuthukan
balungan, saben setunggal gongan wonten sekawan (4) kenongan). Dados
dhodhoganipun ladrang punapa kemawon, sami. Murih radi cetha dununging
dhodhogan kados kasbut ing ngandhap punika.
Dhodhogan badhe buka: kados sampun kacetha ing nginggil, inggih punika: xx x
(dho dhog), lajeng buka.
. t . .
. t . N
. t .
P . t . N
. t . P .
t . N
x x x
x xxxxxxxxxxxxxxx
. t . P . t . G
xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx
. t . .
.
t .
N
xxxxxxxxxxxxxxx xx x
. t . P
.
t .
N
. t . P . t
. N
. t . P . t
. G
|
Katerangan:
Kenong kalih kagedhog 1 (satunggal), kalih
thuthukan kgedhog malih 1 (satunggal), kalih thuthukan malih (sareng kaliyan
kempul) kagedhog kaping 3 (tiga) , lajeng geteran ngantos dumugi sawingkinging
kempul kagedhog sirepan (dhdho dhog), telas telasaning dho dhog sareng kalyan
kethuk sangajenging kenong 1 (satunggal).
. t . .
. t . N
. t .
P . t . N
x
. t . P .
t . N
x x x
x xxxxxxxxxxxxxx
. t . P . t . G
xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx
. t . .
.
t .
N
xxxxxxxxxxx xx x
. t . P
. t .
N
x
. t . P . t
. N
x x
x xxx
. t . P . t
. G
x xx xxx
x
|
Dhodhogan suwuk alus:
Katerangan:
Dhodhogan ladrang suwuk alus punika dipun
wiwiti sami kaliyan dhodhogan sirep, kalajengaken; sareng kenong 2 kagedhog
satunggal, sareng kempul kagedhog kaping 3, sareng kaliyan kenong 3 kagedhog
kaping 4 (xxx x), sareng kaliya kempul kagedhog rangkep ( xx ), sareng
kethuk sangajenging gong kagedhog malih kaping 4 ( xxx x ) gong.
Dhodhogan suwuk gropak:
Ugi dipun wiwiti kados denen dhodhogan sirep,
ingkang badhe namung bagean ngandhap.
. t . .
. t . N
. t .
P . t . N
. t . P .
t . N
x x x
x xxxxxxxxxxxxxxx
. t . P . t . G
xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx
. t . .
.
t .
N
xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx
. t . P
.
t .
N
xxxxxxx x x x x
. t . P . t
. N
x x x x
. t . P . t
. G
x x
|
Dhre dhog dhog dhog dhog dhog dhog
Nanging kedah hangengeti bilih ladrang punika
boten tamtu namung satunggal utawi kalih cengkok, mila suwukipun sampun ngantos
wonten ing panggenan cengkok ngelik.
I.
Gendhing
Gending punika wonten warni 2, inggih punika gendhing,
tuwin ketawang gendhing.
Inkang dipun wastani gendhing punika; sekawan kenongan
wonten satunggal gong. Dene ketawang gendhing punika; kalih kenongan wonten
satunggal gong, nanging ugi wonten gendhing ingkang asring kaginakaken wonten
ing padhalangan, 5 kenongan= 1 gong, inggih punika gendhing amjemuk.
Kalih-kalihipun punika ingkang alit piyambak saben 1 kenongan wonten 16
thuthukan balungan, ingkang kalebet gendhing tengahan; 1 kenongan wonten 32
thuthukan.
Dene ingkang winastan gendhing ageng, saben 1 kenongan
wonten 64 thuthukan balungan. Ingkang kasebat thuthukan balungan punika wonten
ing kawruh Gendhing winastan lampah, dados gendhing ..... lampah 16, lampah 32
tuwin 64. Namung ingkang kaginakaken wonten ing pedhalangan punika limrahipun
lampah 16 tuwin lampah 32. Kadosta: gendhing lampah 16; Titipati, Majemuk,
gambirsawit, Renyep, lsp. Ketawang gendhing lampah 16; kabor, Kawit,
Gandhakusuma, lss. Dene lampah 32 limrahipun namung ketawang gendhing. Sabab manawi ngginakaken gendhing-gendhing
ageng wekdalipun kedhangon, lajeng ngirangi renggeping pakeliran.
Dene ingkang kangge wawaton dhodhoganipun punika, sadaya
mendhet saking gendhing lampah 16.
Dhodhogan badhe buka: sami kaliyan ladrang; xx x.
Dhodhogan sirep:
. . . . . . . . . . . . . . . .
(N 1)
. . . . . . . . . . . . . . . .
(N 2)
x
. . . . . . . . . . . . . . . .
(N 3)
x
. . . . . . . . . . . . . . . .
(G)
X x x x xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx
. . . . . . . . . . . . . . . .
(N 1)
Xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx xx x
. . . . . . . . . . . . . . . .
(N 2)
. . . . . . . . . . . . . . . .
(N 3)
. . . . . . . . . . . . . . . .
(G)
|
Katerangan:
Dunungipun dhodhogan kados kasbut nginggil, inggih
punika; sareng kaliyan kenong 2 kagedhog 1 (dhog), lajeng sareng kaliyan kenong
3 kagedog malih (dhog), 4 thuthukan kagedog malih 1 (dhog), 4 thuthukan malih
kagedhog kaping 3 (dhog dhog dhog), kalajengaken nitir (geteran) ngantos dumugi
sangajenging kenong 1 kirang 2 thuthukan kagedhog sirep (dho dhog).
Manawi ketawang Gendhing, Kenaong1 punika kaanggepa kados
kenong 3 Gendhing, dununging dhodhogan sirep sami kemawon kemawon kaliyan
kasbut nginggil. Terangipun dhodhogan Gendhing miwah ketawang Gendhing punika namung satunggal warni, hawewaton
petanging thuthukan balungan. Manawi ketawang gendhing lampah 32, kenong 1 sami
kaliyan Kenong 2 Gendhing, makaten sapiturutipun.
Miturut wewaton lami/kina, gendhing-gendhing ingkang
kangge nabuhi/ngiringi pedhalangan punika boten kenging minggah ciblon, nanging
kedah minggah kendhang, utawai minggah ladrang. Wondene suwukipun ugi warni
kalih, inggih punika suwuk alus utawi suwuk gropak. Manawi minggah dados
ladrang, dhodhoganipun suwuk, sampun kacetha wonten dhodhogan suwuk ladrang
kasbut nginggil.
Dhodhogan suwuk alus:
. . . . . . . . . . . . . . . . (N1) . . . . . . . . . . . . . . . .
(N2) x . . . . . . . . . . . . . . . .
(N3)
x . . . . . . . . . . . . . . . .
(G) xxx x xx
xxx x
|
Katerangan:
Ngajengaken kenong 2 kirang 4 thuthukan kagedhog 1,
sareng kaliyan kenong 3 kagedhog malih 1, wolung thuthukan malh kagedhog kaping 4 (xxx x), sekawan
thuthukanmalih kagedhog rangkep (xx), kalih thuthukan malih kagedhog kaping
sakawan ( xxx x) . G.
Dhodhogan suwuk gropak:
. . . . . . . . . . . . . . . . (N1) . . . . . . . . . . . . . . . .
(N2) x . . . . . . . . . . . . . . . .
(N3)
Xxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxxx xx x x x . . . . . . . . . . . . . . . .
(G) x x x x x x
|
Katerangan:
Minangka ater-ater, sangajenging kenong 2kirang 4
thuthukan, kagedhog 1, saninaring kenong lajeng nitir (nggeter) ngantos dumugi
sangajenging kenong 3 kirang 4 thuthukan . kagedhog gropak ladrang. Murih gampilipun
panyinau, kedah apal saestu dhateng ungeling dhodhogan gropak punika, uger
sampun apal saestu mangka leres wiwitipun ndhodhog , salajengipun temtu leres.
Inggih punika:
Dhre
dhog dhog dhog
Dhog dhog dhog dhog
Dhog dhog
Makaten lampah-lampahing dhodhogan ingkang kedah sinanu
dening para pamarsudi Padhalangan.
Dhodhogan sirep ladrang:
t .
t N t
P t N t P
t N t
P t G salajengipun.
xx x
Dhodhogan suwuk:
t . t
N t P t N
t P t
N t P
t G suwuk
x x x
xx x
katerangan:
Lancaran puniak 1 gongan namung selarik, manggenipun
dhodhogan kados tuladha kasbut nginggil, ungeling dhodhogan sirep: dhdho dhog.
Suwuk: dhog dhog dhog dhdhog.
Bab Keprakan:
Ing ngajeng sampun katerangaken bilih keprakan punika
sami kaliyan dhodhogan, namung tansah liru-lambang, namung wonten bedaning
nami; manawi dhohdhogan winastan geteran, manawi keprakan winastan sisiran.
Patraping pangeprak:
Lenggahing sila tumpang, suku tengen sanginggiling polok
tumumpang ing pupu kiwa, sanginggiling dhengkul, pusuking ejmpol sisi
tengen kaangkaha kaleres
tengah-tengahing keprak bagean ngandhap. Manawi nyisit/ sisiran tuwin
singgetan/gantosipun dhodhogan, cekap mawi pucuking jempolan. Denen manwi
kangge titihan miwah dhateng saha pangentasing ringgit saking kelir, sisiran
kapathet rumiyin lajeng kajejak sami dlamakan sawingkinging dariji, nanging ugi
namung mawi kekiyataning ugel-ugel suku kemawon, wigatos sampun ngantos
kaseron.
Dumugi semanten menggah paprincenipun ing golongan WADAH.
Mila winastan wadhah; uger sampun hanguwaosi saget nindakaken sadaya ingkang
kapratelaken kasbut, kenging winastan sampun saged handalang.
Denen kawruh-kawruh sanesipun, ingkang kengge hanjiwan/i
panggesangan pakeliran, badhe kapratelakaken wonten ing golongan ISI. Sanadyan
namung nama lowung, tinimbang boten wonten ancer-anceripun tumraping para
pamarsudi padhalangan ingkang kawitan, ing mriki ugi badhe keterangaken
kaprincenipun ing bab ISI.
BAB ISI
A. Antawacana (Pilah-pilahanig suwanten)
Antawacana
punika asalipun saking bas sansekerta, inggih punika : Anta; tegesipun wantes,
wac/wacana tegesipun ucap. Dados jawinipun ucap ingkang kawatesan/ucap ingkang
kawengku:
1. Wujud
a. Handhedasar paraupan.
-
Paraupan tumungkul/ndingkluk, swantenipun ageng
-
Paraupan lanyap/nglangak, suwantenipun alit.
b. Handhedasar mripatan.
-
Mripatan liyep, suwantenipun arum.
-
Mripatan kedhelen, suwantenipun antep semu santak.
-
Mripatan thelengan, suwantenipun antep mawi gregel.
-
Mripatan plelengan, suwantenipun sora/seru.
c. Handhedasar cangkeman.
-
Cangkeman salitan, suwantenipun empuk.
-
Cangkeman gusen/gusen siung,
suwantenipun santak.
-
Cangkeman rangah/denawa, suwantenipun mbrabas.
Katerangan:
Mripatan liyep, kadosta : Kresna, Harjuna, Karna, Samba, lss.
Cangkeman salitan,
kadosta: Kresna, Baladewa, Werkudara, Setyaki, lss.
Mripatan Kedhelen,
kadosta: Baladewa, Setyaki, Seta, Udawa, lss.
Mripatan thelengan,
kadosta: Werkudara, gathutkaca, Kurupati, lss.
Mripatan plelengan,
kadosta: Dasamuka, Indrajit, Dursasana, lss.
Cangkeman gusen/gusen
siung, kadosta : Dursaana, Pragota, Dasamuka.
Cangkeman rangah, kadosta: sadaya para Denawa ingkang
untunipun katingal mrangas.
2. Raos :
a. Raos Mardika ;
suwantenipun suwanten dhasar.
b. Raos suka ;
suwantenipun gemrecek, sasap alit.
c. Raos duka ;
suwantenipun groyok, sasp alit, antep.
d. Raos sungkawa/roga; suwantenipun mindhak
ageng, kendho, ampang.
Katerangan:
Ringgit punika kagambara kados-dene tiyang gesanglimrah
punika, limrahipun tiyang gesang temtu nate ngalami 4 prakawis kasbut ngingil,
kadosta:
Raos mardika ; manawi pinuju boten wonten
bab-bab/prakawis saking nglebet tuwin sajawining piyambakipun, ingkang boten
perlu dados pwnggalihan, suwantenipun suwanten dhasar/bektan.
Raos duka ; manawi pinuju wonten bab-bab/prakawis ingkang tumuju dhateng
piyambakipun, satemah nuwahaken raos muring/nesu/duka.
Raos suka : manawi pinuju wonten bab-bab/prakawis ingkang cocok kaliyan piyambakipun,
satemah nuwahaken raos seneng, bingah, gumbira/suka.
Raos sungkawa : manawi pinuju kataman sedhih, sisah, tuwin sakit.
3. Watak/hambeg :
a. Hambeg senapati, suwantenipun antep.
b. Hambeg Pinandhita/sepuh, suwantenipun
lelah/alon.
c. Hambeg miyur suwantenipun ampang.
Katerangan:
Ingkang winastan hambeg senapati punika; tetungguling
prajurit, tuwin sadaya ingkang anggadhahi raos tanggel jawab ing samukawis.
Kadosta upaminipun: Prabu Karna kaliyan R. Samba; nglangak ndingklukipun sami,
mripatipun ugi sami liyepan, cangkemipun ugi sami salitanipun, nanging Prabu
Karna Senapati ageng, Raden Samba namung putran limrah, ingkang tanggel
jawabipin ing samukawis . kawon kaliyan Prabu Karna . mila suwantenipun
sanadyan sami alitipun, kadamel langkung antep Prabu Karna.
Prabu Kurupati kaliyan Raden Gathutkaca;
paraupan,mripatan, tuwin cangkemanipun ugi sami, nanging Prabu Kurupati tansah kenging
pambujukipun Patih Sengkuni, Pandhita Durna, lss. Mila suwantenipun lajeng
boten kadamelantep. Namung ampangipun suwanten ageng ingkang mesthinipun mawi
gregel, lajeng kadamel melung. Manawi Harya Gathutkaca tetep antep mawi gregel,
mekaten sapiturutipun.
Ingkang winastan hambeg pinandhita punika; inggih para
Pandhita tuwin ingkang sampun kadunungan watak kasepuhan. Kadosta: Salya,
baladewa Kresna lss. Mila manawi Prabu Kresna pinuju jejagongan kaliyan prabu
Karna, suwantenipun Prabu Kresna kadamel langkung lelah. Prabu Matswapati ugi
kadamel langkung lelah.
Denen ingkang winastan hameg miyur/lemeran punika;
ingkang gampil kenging pengaruh, ugi ingkang kirang raos tanggel jawabipun ing
bab punapa kemawon, tuwin ingkang gadhah watak jirehan. Ngengingi Prabu
Kurupati kasbut nginggil, anggenipun gadhah watak puguh punika sasampunipun
ngajengaken perang Bharatayudha. Saderengipun amung tansah ing pambujuk.
4. Runtutipun
kaliyan larasing gongsa :
Rehning
ingkang saged kangge damel gantos gumantosing swasana gesanging pakeliran
punika kawasesa dening laras runtuting gongsa, mila ing ngriki damel wawaton:
sadaya suwantenipun ringgit ingkang kalebet suwanten ageng , ringgit punika;
kakung unapa putren, punapa denawa, katetpaken wonten ing laras 2 (gulu).
Kajawi:
-
Denawa Ratu, wonten ing laras 1
-
Raden Harjuna wonten ing salebeting pathet 9, ugi laras 1, dene wonten ing
pathet 6 tuwin pathet manyura, tetep wonten ing laras 2.
-
Harya Werkudara wonten ing laras 6 (nem) ageng.
Sadaya carita; mangka dhasaripun ugi katetepaken wonten
ing laras 2, wondene minggah-minggahipun miturut swasananing pakeliran. Namung
wontening carita janturan jjer, b oten kenging minggah mandhap, kedah tetep
wonten laras 2, nanging sampun ngantos mbengengeng. Denen caranipun kedah
tansah ngengeti pedhotaning ukara miwah titik komanipun, wigatos kangge ngetapaken sumelehing carita
salebetipun kaliyan antawacana kasbut.
Suwantenipun ringgit putren:
Antawacananipun
ringgit putren kedah bed kaliyan putran, sanadyan ageng aliting suwanten sami,
nanging kedah saget mbedakaken. Caranipun langkung rumiyin kedah mangertosi
sabab-sababipun. Putri punika limrahipun boten gadhah kala-manjing, mila manawi
nyuwantenaken ringgit putren sampun ngantos kawoworan suwantening tenggorokan,
sabab manawi ngantos kawoworan suwantening tenggorokan lajeng karaos dados
suwanten kakung. Suwanten putri punika limrahipun langkung alus tuwin ampang,
abab boten kawoworan suwantenng tenggorokan. Dados manawi ngucapaken ringgit
putren punika, kedah namung wonten sangajenging/sajawining tenggorokan, kepara
kedaling suwanten (tekanan swara) kawedalaken medal bolongan grana ingkang
aking nglebet.
Dene
pocapan suwantening ringgit-ringgit ingkang boten kalebat ing kawruh antawacana
kasbut, cekap kapepatut kawewangun,
liripun; wangunipun ringgit punika kados pundi, patutipun suwanten kajumbuhaken
kaliyan wujudipun, ingkang dados pathokan paraupanipun wayang, malahan
sasaget-saget hangembaa paraupanipun wayang ingkang kaucapaken punika, dados
saget trep kaliyan kawujudanipun.
Teori
kawruh antawacana punika katingalipun gampil, nanging tumindakipun/praktekipun
tuhu angel, mbetahaken latian-latihan ingkang yektos, mangka boten saged
kasesa, ugi mbetahaken wekdal ingkang dangu. Kadosta upaminipun: wara Sumbadra
jejagongan kaliyan Harya Gathutkaca, Raden Abimanyu tuwin Harya Brajadenta
punapa harya Brajamusti, mangka sadaya
kalawau suwantenipun laras 2, kedah saged mbedakaken suwanten setunggal
tuwin setunggalipun. Malih; adegan Wiratha: Prabu Matswapati kahadep
putra-putra, harya Seta, raden Utara, Raden Wratsangka, tuwin Patih Nirbita,
sadaya wau paraupanipun sami, mripatanipun, miwah cangkemanipun ugisami,temtu
kemawon antawacananipun inggih sami,mangka kedah saged mbedakaken. Lajeng kados
pundi caranipun kawawas saking luhur andhaping darajat, miwah hambeg
wewatakanipun. Ingkang hambegipun menep/anteng suwantenipun langkung antep
alon. Wonten ancer-ancer sawatawis ; jejagonganipun ringgit ingkang suwantenipun ageng ami ageng ,
ingkang langkung ngaosi suwantenipun langkung ageng, nanging sesaget-saget
dhasaripun laras tetep, ingkang langkung
ageng punika kedalipun miwah sumelehing tembung. Manawi jejagonganipun ringgit
ingkang suwantenipun alit sami alit; ingkang ngaosi sasap alit, namung suwanten
alit punika boten katamtokaken jumbuhipun kaliyan larsing gongsa, dados
langkung gampil.
Antawacana
punika ingkang perlu kalatih kedalipun/tekanan swara, kadosta: suwanten putri
sampun kapratela ing nginggil. Suwanten enteng/ampang, kedapun/tekananipun
wonten sangajenging tenggorokan. Suwanten sedheng/tengah, kedalipun/tekananipun
dumugi tenggorokan. Suwanten antep, kedalipun/tekananipun dumugi salebeting
tenggorokan. Mila sinau antawacana boten kenging namung kabatos, kedah
kaucapaken wetah miturut kabetahanipun.
Antawacana
punika boten namung kaetrapaken wonten ing pocapan kemawon, sanadyan carita ugi
kawasesa ing antawacana. Sabab carita punika inggih kawengku ing raos 4
prakawis kados kasbat nginggil, dados carita inggih kedah jumbuh kaliyan
raosing pakeliran. Mila ngantos wonten bebasan; basa/ukara lan antawacana iku
upama mangsi lan pene. Sanadyan mangsine apik (antawacanane sae), nanging yen
pene rusak (antawacananipun awon) tulisane ora bisa cetha (raosipun boten
kacepeng). Upaminipun: nyaritakaken ringgit sedhih, mangka salebeting ayak-ayak
tlutur, antawacananipun boten kajumbuhaken kaliyantlutur, namung pokok seru
cetha, inggih lajeng ical raosipun sedhih/tlutur punika, satemah pakeliranipun
kenging winastan pejah makaten sasaminipun. Terangipun carita tuwin pocapan
punika sadaya kawengku ing antawacana, inggih antawacana punika ingkang saged
mujudaken tulis/gambar ingkang kados nyatu wonten ing pakeliran (gesanging
pakeliran).
B.
Sem
Ingkang winastan sem punika tegesipun sengsem; dalang
kedah saged damel sengsemipun ingkang sami mriksani, menggih caranipun:
a. Manwi pinuju hadegan/ringgggit jejagongan,
angrembag pinanggih ing nalar, basanipun runtut, antawacananipun leres, kadosta
upaminipun : Jejer Dwarawati, Prabu Kresna badhe kagungan damel mantu;
kagambarna kados denen priyagung ingkang ngasta panguwasa mangka badhe kagungan
damel mantu, sampun temtu kemawon ingkang sami cecaketan kepennngin badhe
rerencang miturut kesagedanipun piyambak-piyabak. Pangmbating rembag pamtahing
pakaryan-pakaryan, inggih kagambara kados tiyang ingkang badhe gadhah damel
mantu saestu.
b. Manawi ngrembag bab papeerangan, inggih kagambara
pamatahing Senapati ingkang dados tetungguling yudha, pranataning gelar, para
wadya ingkang majeng perang, makaten sapiturutipun.
c. Langkung-langkung manawi nggambaraken
pepanggihan ringgit priya lan wanita ingkang nembe kasmaran; inggih kagambara
kadosdene raosing mudha ingkang nendheng kataman gandrung kaliyan satunggaling
wanita.
d. Manawi nyaritakaken tuwin ngucapaken ringit
sisah; dhalang kedah saged hangraosaken sapinten kandel tipising sisahipun,
kedah karaos wonten ing dalangipun. Manawi yektos saged makaten, sampun temtu
ingkang sami mriksani lajeng katarik raospun welasan, malah wonten ingkang
ingkang tumut nangis.
e.
Manawi nggambaraken kawontenan, kadosta: nyaritakaken wana ageng dalasan
isen-isenipun. Salebetipun dhalang carita, ing salebeting dhadha kedah sampun
isi gambar wana ageng kasbut, dados ingkang kaucapaken punika, tuhu nyata
wonten ing piyambakipun. Ageng-agenging kajeng, rungkuting gegrumbulan, gawat
angkering wana, lampahing kewan-kewan, gegremetan, iber-iberan, lsp. Dados
dhalang inggih kedah gadhah kawruh/bab wana alasan. Makaten ugi manawi
nyaritrakaken edining patamanan; weninging toya balumbang, dalah isen-isenipun,
pangrakiting sesekaran ingkang kangge rerngganing patamanan, witwitan miwah
kajeng-kanjeng ingkang saged damel edum royoming patamanan, lsp. Basanipun
milih basa ingkang edi, ukaranipun runtut, tumandukipun dateng tiyang ingkang
sami midhangetaken sanadyan kelir punika wanranipun pethak, nanging temtu
lajeng thukul gegambaraning cipta kados sumerap patamanan saestu.
Dhalang ugi kedhah saged nggambar pategilan
miwah pasabinan, kadosta: kawontenanning tetaneman, tumandhangipun ingkang saminambut
kardi, rajakaya ingkang kangge makarya, karuutaken kaliyan laras iramaning
gendhing.
Ugi kedah saged hanggambaraken kawontenaning
karang padesan: ing bab pasang rakiting bale wisma, rampaking pager-pager
gasiking margi-margi lsp. Wigatosing kangge nambahi edining raos pakeliran,
saged damel sengsemipun ingkang sami midhangetaken, satemah tuwah raosipun
kepengin mujudaken padhusunan ingkang sae, kados gegambaran critanipun ki
dhalang. Makaten sapiturutipun.
Dados terangipun dhalang punika sami kaliyan
tukang hanggambar, namung panggambaran mawi basa/ukara miwah solah. Mila
handhalang punika kedhah wetah, sadaya saranduning badan tuwin raosipun mligi
umuju dhateng pakeliran. Manawi saged makaten, tamtu saged damel sengsemipun
ingkang sami mriksani tuwin mirengaken.
C. Nges
Menggah
ingkang dipun wastani Nges punika, yektosipun amung mor-misah kemawon kaliyan
sem kasbut nginggil, namung nges punika mligi ngengingi raosa batos. Ing
nginggil sampun katerangaken, handhalang punika kedah wetah, liripun sarira
kedah saras, pikiran mligi tumuju dhateng pakeliran, tuwin raos kedah hening.
Jalaran badhe ngrembag bab-bab ingkang wigatos tumraping kebatosan. Pramila
manawi wonten saranduning badan ingkang kirang samekta, anjalari kirang weninging raos, satemah kirang patitis manawi
ngrembag bab kebatosan. Pepacuhipu dhalang boten kenging hangrembag salah
satunggaling bab ingkang piyambakipun kirang trewaca, sabab manawi mekaten
malah hanguciwani. Tegesipun boten kenging namung tiru-tiru kemawon, sadaya
kala wau kedhah tanggel jawab wonten ing piyambakipun.
D. Nawung Kridha
Nawung Kridha saking tembung Nawung lan
Kridha, tegesipun; Nawung=ngemu/ngandhung/kridha=solah, ingkang pikajengipun;
prigel. Denen prigel punika prigel ing samukawis, kadosta: prigel nyolahaken
ringgit, ing bab tanceban, nglampahaken ringgit, tuwin paperangan kanthi
wawaton uda nagara.
Prigel olah bas, tumrap ing carita miwah pocapan,
pamilihing basa runtuting ukara ingkang cocok kaliyan raosing/swasananing
pakeliran. Kadosta: manawi nyaritakaken ringgit ingkang ageng-ageng, baanipun
miliha tembung ingkang kedaling aksaranipun anteb-anteb. Upaminipun: ha, da,
dha, ja,ga, ba. Kosok wangsulipun manawi ingkang dipun caritakaken /ucapaken
ringgit alit-alit, putren, putran, sasaminipun, inggih miliha tembung-tembung
kedaling aksaranipun entheng, dados cocok kaliyan pawayangipun. Manawi damel
lelucon sampuh lekoh-lekoh sanget, malah ingkang mirengaken karaos isin, nadyan
ingkang gawe lelucon eca kemawon, sokur manawi saged lelucon punika hangemu
suraos pendhidhikan, punika langkung utami, sabab ingkang saged nggumujengaken
punika boten namung bab lekoh kemawon, nanging saking luwesing pakecapan,
limrahipun winastan cucut. Dados terangipun prigeling olah basa punika
naminipun ; luwes utawi cucut.
Prigel hangracik rembag wonten ing adhegan-adegan.
Kadosta, ngrembag bab kulawarga, ngrembag bab gegayuhan, ngrembag bab
paperangan, ngrembag bab kautaman lss. Supados ngantos kados salimrahing tiyang
gesang punika ingkang nembe ngrembag salah satunggaling bab ingkang perlu
karembag. Limrahipun prigel wonten ing pangrembaging bab punika winastan
sambung rapet.
Ugi kedah prigel hangulur miwah ngrungket cacriyosan /dedongengan /babad,
ingkang lajeng kadhapuk dados lampahan/ lakon kangge handhalang sadalu.
Kadosta, padhapuking adhegan-adhegan wiwit jejer ngantos dumugi tanceb kayon,
kedah runtut kados dene alimrahing padhalangan sadalu. Upaminipun; jejer sasaged-saged
miliha nagarinipun Narendra ingkang kalebet alusan, (limrahipun winastan nagari
ing tanah jawi), boten kenging nagarining yaksa tuwi narendra brawokan, makaten
salajengipun. Inggih prigel cara padhapuking lampahan/adegan-adegan kasbut
winastan sanggit.
0 comments:
Post a Comment