SILSILAH
WAYANG PURWA
Dukumentasi :
Sugiyarto
BAB I
SARASILAH PARA PARAGA WAYANG PURWA INGKANG ASRING KASRAMBAH ING
PAKELIRAN
A.
ABIYASA, urutan
saking:
1. Batara Guru, garwa Batari Uma Parwati peputra 9 : Batara Sambu,
Batara Brama, Batara Indra, Batara Bayu, Batara Wisnu, Batara Kala, Batara
Mahadewa, Batara Sukra, Batara Asmara.
2. Batara Brama, garwa Batari Saraswati Putra Batara Pancadewa,
pepurtra Batara Bremana, Batara Bremani, Dewi Bremaniyati, Batara Bramasatapa,
Ditya Pramercubrama, Dewi Brahmaniyari, Dewi Brahmaniwati, Dewi Brahmastuti.
3. Prabu Brahmanaraja 9Bremani), garwa Dewi Srihuna putra Prabu
Wisnupati, peputra Raden Tritrustha.
4. Brahmanasatapa inggih Tritrustha ing Gilingwesi garwa Dewi Wadati,
dewi Retna Rajatati, peputra Prabu Parikenan, Dewi Srini, dewi Jatiswara, Dewi
Satapi.
5. Prabu Parikenan garwa Dewi Bramaneki, putra Prabu Basurata ing
Wiratha, peputra Dewi Kaniraras, raden Kaneyasa inggih Manumayasa, Raden
Manonbawa, Raden Paridarma.
6. Maharsi Manumayasa ing Saptaharga, garwa Widadari Dewi Kaniraras,
kagantos nami Dewi Sumarwati inggih Dewi Retnawati, peputra Resi Sekutrem,
Bambang Srigati, Manumadewa lan Bambang Manungkara.
7. Maharsi Sekutrem ing Saptaharga, garwa Dewi Pujawati inggih Dewi
Nilawati putra Begawan Harunapa ing Pujangkara peputra Maharsi Sakri.
8. Maharsi Sakri ing Saptaharga, garwa Dewi Sakti inggih Dewi Sati
utawi Dewi Partini inggih Dewi Andrisiyanti putra Prabu Sektiwijaya peputra
Maharsi Palasara.
9. Maharsi Palasara ing Saptaharga, garwa:
a. Dewi Durgandini putra Prabu Basukethi ing Wiratha peputra Maharsi
Abiyasa.
b. Dewi Kekayi putra Prabu Kekaya ing Kicakapura peputra Raden
Kencaka, Raden Rupakenca, Raden Bimakica, Dewi Sutiksna.
c. Dewi Watari putra Resi Indradewa peputra Raden Rajamala lan Dewi
Rekhatawati.
10. Maharsi Abiyasa, garwa:
a.
Dewi
Ambika (warandhanipun Prabu Citragada), peputra Raden Dretarasta.
b.
Dewi
Ambalika (warandanipun Prabu Citrawirya), peputra Raden Pandhudewanata.
c.
Ampil,
peputra Raden yamawidura.
11. Prabu Pandhudewanata ing Ngastina, garwa:
a.
Dewi
Kunthi putra Prabu Kunthiboja ing Mandura, peputra Raden Puntadewa, Raden
Werkudara, Raden Hardjuna.
b.
Dewi
Madrim putra Prabu Mandrapati ing Mandraka, peputra Raden Nakula lan Raden
Sadewa.
12. Arjuna, garwa:
a.
Dewi
Wara Subadra, putra Prabu Basudewa ing Mandura peputra Raden Abimanyu.
b.
Dewi
Warasrikandhi, putra Prabu Drupada ing Pancala, boten peputra.
c.
Dewi
Rarasati putra Prabu Basudewa ing Mandura, peputra Raden Sumitra.
d.
Dewi
Sulastri pura Prabu Sasrasudarma ing pulorajapethi, peputra.
e.
Dewi
Ulupi, putra Resi Jayawilapaing Jasarata peputra Raden Irawan.
f.
Dewi
Dresanala putra Batara Brama peputra Bambang Wisanggeni.
g.
Dewi
Supraba (Widadari) peputra Bambang Prabakusuma.
h.
Dewi
Purnamasidhi putra begawan Sidikwacana ing Ngandongpurna peputra Bambang
Manonmanonton.
i.
Dewi
Manohara, putra Begawan Sidanggana ing Ngandongkencana peputra Endang Pergiwa
lan Endang Pergiwati.
j.
Dewi
Gandawati Putra Prabu Gandawarjaya ing Tasikmadu peputra Dewi Gandasari.
k.
Dewi
yatnya putra Prabu Gandawarjaya ing Tasikmadu peputra Dewi Darmastuti.
l.
Dewi
saking Gambir saketi, peputra Bambang Priyambada.
13. Abimanyu, garwa :
a.
Dewi
Siti Sundari, putra Prabu Kresna, boten peputra.
b.
Dewi
Utari, putra Prabu Matswapati ing Wiratha, peputra Prabu Parikesit.
B.
Abimanyu, mriksani
Abiyasa!
C.
Anantaboga, urutan saking
sang Hyang Wenang:
1.
Sang
Hyang Wenang, peputra Dewi Jati.
2.
Dewi
Jati kagarwa Batara Anantadewa peputra Batara Batara Anantanaga.
3.
Batara
Anantanaga, garwa, peputra Anantaboga.
4.
Batara
Anantaboga, garwa Batari Suparti, peputra Batari Nagagini, Batara Nagatatmala
lsp.
D.
Anggada, mriksani
Ardjunasasrabahu!
1.
Prabu
Dewanggana Maespati garwa Dewi Sri Darmani, putra Hyang Darmadewa, peputra
Raden Dewasana lan Raden dewatama.
2.
Prabu
Dewatama nata ing Anggrastina, garwa Dewi Kencanararas peputra Raden Gotama.
3.
Prabu
Gotama, lajeng mandhita wonten Gunungtunon , garwa Widadri Dewi Windradi,
peputra Dewi Anjani, Raden Subali, Raden Sugriwa.
4.
Resi
Subali, garwa Dewi Tara (Widadari), peputra Raden Anggada.
5.
Raden
Anggada.
E.
Anoman, mriksani
Anggada!
1. Resi Gotama.Dewi Anjani (garwa Batara Guru), peputra Anoman.
2. Anoman, peputra Trigangga (garwa Dewi Trijatha).
F.
Arjuna, mriksani
Abiyasa.
G.
Arjunapati, urutan saking :
1.
Wibisana,
mriksani Dasamuka! Garwa Dewi Triwati (Widadari) peputra Raden Bisawarna lan
Dewi Trijatha.
2.
Prabu
Bisawarna ing Singgela (garwa), peputra Raden Palguna.
3.
Raden
Palguna, peputra Prabu Palgunadi.
4.
Prabu
Palgunadi, garwa Dewi Anggrahini, putra Prabu Sudhana ing Gilingwesi, peputra
raden Arjunapati.
5.
Prabu
Arjunapati ing Sriwedari, garwa Dewi Citrahoyi, putra Prabu Citrahoya ing Parangguwa, peputra Raden Partanadi.
H.
Arjunasasrabahu, urutan
saking :
1.
Batara
Ismaya (Semar), garwa Batari Trenggani, peputra :
a.
Hyang
Bungkokan, Hyang Wrahaspati, Hyang Yamadipati, Hyang Chandra, Hyang Surya,
Hyang, Hyang Tamboro, Hyang Patuk, Hyang Kamajaya.
2.
Batara
Surya, peputra Rawiyatmaja ing Maespati.
3.
Prabu
Rawiyatmaja, garwa Dewi Ambararetna, putra Batara Kartika, peputra Raden Karaba
lan Dewi Ambarawati.
4.
Prabu
Karaba, garwa Dewi Banjarwulan, putra Hyang Swadhanitya, peputra Raden
Dewangkara lan Dewi Retnawirati.
5.
Prabu
Dewangkara, garwa Dewi Indrasmi putra Kumalasidhi ing Lokapala, peputra Raden
Dewanggana lan Raden Danuwasesa.
6.
Prabu
Dewanggana, garwa Dewi Sri Darwani, putra Hyang Darmadewa peputra Raden Dewasana lan raden Dewatama.
7.
Prabu
Dewasana, garwa Dewi Kencanawati peputra Raden Herjwadi lan Raden Wisanggeni.
8.
Prabu
Herjwadi, garwa Dewi Talibrata, putra Batara Guritna peputra Raden Partawirya.
9.
Prabu
Partawirya, garwa :
a. Dewi Danuwati, peputra Raden Arjunasasra,
b. Dewi Dumawati, peputra Raden Sasraatmaja.
10.
Prabu
Arjunasasra, garwa:
a.
Dewi
Citrawati, putra Prabu Citradarma ing Manggada.
b.
Dewi
Citralanggeni, putra Prabu Citrawasesa ing Tunjungpura.
c.
Dewi
Srinadi, putra Bagawan Jumanten, peputra Raden Trikala lan Raden Kalasekti.
·
Katerangan,
Prabu Danuwasesa ing Endrapura, kagungan putra-putri:
a.
Dewi
Danuwati, kagarwa dening Prabu Partawirya.
b.
Dewi
Danuresmi, kagarwa dening Prabu Swandani putranipun Resi Wisanggeni.
c.
Dewi
Danuretna, kagarwa Prabu Sumaliraja ing Ngalengka.
I.
Arimba lan Arimbi, sejarah
Pringgadani, urutan saking :
1. Batara Siwah, peputra Batara Siwahoya.
2. Batara Siwahoya, peputra Kuramba nata ing Pringgadani.
3. Prabu Kuramba, peputra Prabu Rambana.
4. Prabu Rambana, inggih prabu Rambaka.
5. Prabu Rambaka inggih Prabu tremboko, garwa Dewi Pujiastuti utawi
Dewi Malarsih, putra Resi Nagarangsang, peputra Prabu Arimba lan Dewi Arimbi.
6. Dewi Arimbi, garwa Raden Werkudara, peputra Raden Gatutkaca.
7. Raden gathutkaca, garwa Dewi Pergiwa, putra Raden Arjuna peputra
Raden Kacanaputra (Raden Sasikirana).
8. Prabu Kacanaputra, peputra Prabu Wirasena.
9. Prabu Wirasena.
J.
Baladewa, mriksani
Basudewa!
1. Prabu Basudewa, peputra Prabu Baladewa.
2. Prabu Baladewa, garwa Dewi Irawati, putra Prabu Salyapati ing
Mandraka, peputra raden Wisatha.
3. Raden Wisatha, boten Jumeneng nata, peputra Raden Hudara.
4. Prabu Hudara, inggih Prabu Wisaka, pepurtra Raden Wiraka.
5. Prabu Wiraka, peputra Raden Wirashta.
6. Prabu Wirastha.
K.
Basudewa, Sejarah Mandura, urutan saking:
1. Raden Pujigalawa, inggih Raden Ramabatlawa, putra Prabu Ramawijaya,
daup kaliyan Dewi Endrakumala utawi Dewi Indradi putra Raden Indrajid ing
Ngalengka peputra Raden Kunthiboja.
2. Prabu Kunthiboja, (nata Mandura ingkang kapisan), garwa Dewi
Indrasmi , putra Prabu Kiswaji ing Dwarawati Prawa, peputra Raden Basukunthi.
3. Prabu Basukunthi, inggih Prabu Prabu Kunthiboja II, garwa Dewi
Bandondari, putra Prabu Basukiswara ing Wiratha, peputra Raden Basudewa, Dewi
Kunti, Raden Rukma lan raden Ugrasena.
4. Prabu Basudewa, garwa Dewi Rohini peputra Prabu Baladewa lan Raden
Narayana, garwa Dewi Badrahini putra Prabu Batlawa ing Manthili peputra Dewi
Wara Sembadra, garwa Dewi Maerah putra Begawan Bratasudarsana, peputra Raden
Kangsa nalika akcidra resmi dening Prabu Gorawangsa.
L.
Bomanarakasura, urutan
saking :
1. Batara Anantaboga, garwa Batarai Suparti peputra Dewi Pertiwi lsp.
2. Dewi Pertiwi kagarwa Prabu Kresna peputra Bambang Suteja inggih
Prabu bomanarakasura.
3. Prabu Bomanarakasura garwa Dewi Hagnyanawati, putra Prabu Hagnyana
ing Giantipura peputra Prabu Kiswaka inggih Prabu Kismaka.
4. Prabu Kismaka.
M.
Burisrawa, mriksani Salyapati!
N.
Dhanapati, inggih
Dhanaraja, sejarah Lokapala, urutan saking :
1. Batara Guru, mriksani Abiyasa.
2. Batara Sambu, peputra Batara Sambudhana.
3. Batara Sambudhana, peputra Prabu Hestijumali ing Lokapala.
4. Prabu Hestijumali, garwa Dewi majanawati, putra batara Kardhana
peputra Prabu Kumalasidhi.
5. Prabu Kumalasidhi inggih Prabu Kamulasidhi garwa Dewi Pawati, putra
Prabu Martikawaca ing Iman Imantaka, peputra dherudhana lan Dewi Indrasmi
(dampit).
6. Prabu dherudhana, garwa Dewi Retnasusetya, putra Hyang Caturwarna,
peputra Begawan Wasista lan Prabu Dhanurdhana.
7. Prabu Dhanurdhana, garwa Dewi Mintakaningsih putra Prabu Mintabasa
ing Atas Maruta, peputra Prabu Andanapati.
8. Prabu Andanapati, garwa Dewi Balwadari, peputra Raden Lokawana lan
Dewi Salokawati inggih Dewi Lokawati, inggih Dewi Lokati.
9. Dewi Lokati, kagarwa Resi Wisrawa putra Resi Patma, peputra Prabu
Dhanapati.
10. Prabu Dhanapati garwa Dewi Danuretna, Dewi Mayangsih (Widadari) lan
Dewi Mayangsari (Widadari) boten peputra.
O.
Dasamuka, sejarah
Ngalengka, urutan saking :
1.
Batara
Guru, mriksani Abiyasa!
2.
Batara
Brama, peputra Dewi Bremaniyudi.
3.
Dewi
Bremaniyudi kagarwa Prabu Banjaranjali ing Ngalengka, (putranipun Prabu
Hiranyakasipu), peputra Prabu Jatimurti.
4.
Prabu
Jatimurti, nata Ngalengka I, garwa Widadari Pandamsari (putranipun Batara
Kardhana, rajinipun Dewi Mayanawati
ingkang ginarwa Prabu Hestijumali), peputra Brahmanakudha.
5.
Prabu
Brahmanakudha, Brahmakudh, garwa :
a.
Dewi
Durniti putranipun Prabu martikawaca ing Iman Imantaka,
b.
Dewi
Srengganasari, putranipunHyang Agli, peputra Prabu Getasbanjaran (saking Dewi
Durniti).
6. Prabu Getasbanjaran, garwa :
a. Dewi Sarpini, putra Hyang Kowara, Ditya Maesasura lan Ditya
Lembusura.
b. Dewi Angrumini, putra Batara Surya, peputra Prabu Bramanatama lan
Dewi Bramanayekti.
7. Prabu Bramanatama, garwa Dewi Wirati, putranipun Prabu Dewangkara
ing Maespati, peputra Batara Dewamusara.
8. Prabu Dewamusara inggih Widamusara, garwa Dewi Kilatmaja, putra
Batara Sambo, peputra Sumali.
9. Prabu Sumali, garwa Dewi Danuretna putra Prabu Danuwasesa ing
Endrapura, peputra Dewi Sukesi.
10. Dewi Sukesi, garwa resi Wisrawa putra Resi Padma, peputra Prabu
Dasamuka, raden Kumbakarana, Dewi Sarpakenaka lan raden Wibisana.
11. Prabu Dasamuka, garwa Widadari Dewi Tari, peputra Raden Indrajit.
12. Raden Indrajit, garwa Dewi Indraningrum putranipun Batara Indra,
peputra raden Begaswara, Dewi Indradi utawi Endrakumala (kagarwa Raden
Ramabatlawa).
13. Prabu Begaswara, peputra Prabu Dasabau.
14. Prabu Dasabau.
P.
Dasarata, sejarah Ayodya,
urutan saking :
1.
Prabu
Singadik ing Binggala, peputra Wimasutjandra.
2.
Prabu
Wimasutjandra, garwa Dewi Tunjungbiru, putra Prabu Jilis ing Manggada, peputra
Raden Kusuma Resi, Raden Resikala, raden Banaputra, Raden Rawatmaja, Raden
Dasarata.
3.
Prabu
Dasarata, garwa :
a.
Dewi
Sukasalya utawi Dewi Ragu putra Prabu Banaputra, peputra Raden Ramalegawa.
b.
Dewi
Kekayi, putra Prabu Kusumaraja, peputra Raden Barata.
c.
Dewi
Sumitrawati utawi Dewi Wimbaningrum, peputra Raden Lesmana lan Raden Satrugna.
4.
Prabu
Ramalegawa inggih Prabu Ramawijaya, garwa Dewi Recan Shinta, putra Prabu Janaka
ing Manthili, peputra prabu Pujigalawa, inggih Prabu Ramabatlawa.
5.
Prabu
Pujigalawa, garwa Indrakusuma, putra Raden Indrajit, peputra Prabu Kunthiboja I
ing Mandura.
6.
Prabu
Kunthiboja I ing Mandura.
Q.
Dewabrata, inggih Bisma,
Pandhita ing Talkandha. Sejarah Ngastina, urutan saking :
1.
Prabu
Hastimurti ing Ngastina (putra Prabu Basupati ing Wiratha), garwa Dewi
Basundari, peputra Wasanta.
2.
Prabu
Wasanta, peputra Raden Balika, raden Dewadi, Raden Sentanumurti.
3.
Prabu
Sentanumurti, garwa :
a. Dewi Gangga, peputra resi Dewabrata.
b. Dewi Durgandini utawi dewi Setyawati, putra Prabu Basukethi ing
Wiratha, peputra Raden Citragada lan Raden Citrasena.
4.
Raden
Dewabrata.
R.
Drestarastra, mriksani
Abiyasa! Sejarah Ngastina, urutan saking :
1.
Prabu
Abiyasa, garwa :
a. Dewi Ambika (warandhanipun Prabu Citragada), peputra Raden
Dretarasta.
b. Dewi Ambalika (warandanipun Prabu Citrawirya), peputra Raden
Pandhudewanata.
2.
Prabu
Drestarastra inggih Prabu Drestanagara utawi Prabu Drestarata, garwa Dewi
Gendari, putra Prabu Kisthawa ing Plasajenar, peputra, peputra Prabu Suyudana
(sata kurawa).
3.
Prabu
Suyudana, garwa Dewi Banowati , putra Prabu Salyapati ing Mandraka, peputra
Raden Lesmana lan Dewi Lesmanawati.
4.
Raden
Lesmana Mandrakumara.
S.
Drupada, inggih Prabu Sucitra, sejarah pancala, urutan
saking : (mriksanin Durna!)
1.
Resi
Druwasa, peputra Prabu Maruta ing Atasangin.
2.
Prabu
Maruta, peputra Prabu Drupara.
3.
Prabu
Drupara (Sucitra), ratu Panchala II. Nggentosi Prabu Gandabau, garwa Dewi
Gandawati, putra Prabu gandabayu, peputra Dewi Drupadi, Dewi Srikandhi, Raden
Drestajumena.
5.
Raden
Drestajumena inggih Raden Trusthajumena.
6.
Prabu
Trusthaka.
7.
Raden
Trusthawara.
T.
Durna, inggih
Kumbayana, sejarah Atasangin, urutan saking :
1. Batara Guru, mriksani Abiyasa!
2. Batara Bayu, peputra Hyang Sumarma
3. Batara Sumarma
4. Batara tantra
5. Batara Guritna
6. Prabu Retnasembawa, putra Batara Guritna, garwa Dewi Mandarawati,
putra Hyang Candra, peputra Raden Mintabasa.
7. Prabu Mintabasa, garwaDewi Bramaniyekti, putra Prabu Getasbanjaran,
peputra Raden Druwasa,Dewi Mintakawati, Dewi Mintakaningsih.
8. Prabu Druwasa, garwa Dewi
Durnityaswara, putra Prabu Jayasudikya ing Iman-Imantaka, peputra Endang
Balwadari, Bambang Basuki, Bambang Sengara.
9. Bambang Basuki, garwa Dewi Rasawulan, peputra Bambang Maruta.
10. Prabu Maruta, peputra Prabu Baratmadya.
11. Prabu Baratmadya, inggih Prabu Baratwa utawi Prabu Baratwaja, garwa
Prabu Padmawati, putra Begawan Singayuda, peputra Raden Kumbayana.
12. Raden Kumbayana, inggih Resi Durna, garwa Dewi Wilutama (Widadari) peputra
Raden Asawatama.
13. Raden Aswatama, peputra Dahyang Suwela.
14. Dahyang Suwela.
·
Keterangan
: manut mahabarata, Maharsi Durna daup kaliyan Dewi Krepi (Krepini).
U.
DJayadrata, urutan saking :
1.
Prabu
Srimahapunggung ing Purwacarita (ratu Purwacarita II), garwa :
a. Dewi Manis, putra Resi Kadhi
b. Dewi Wagmi, putra Batara Dhendha.
c. Dewi Darmasiti (Darmastiti)
2.
Prabu
Srimahawan inggih Wandhu, putra Raden Srigati (ratu Purwacarita VI), garwa
Laksmitawahini, putra Brahmaharsi, peputra Wahyana, Raden Winarya, Raden
Wandawa.
3.
Prabu
Sriwahana inggih Prabu Srikala inggih Prabu Wandawa, ratu Medhangkamulan VIII,
garwa Retna Hartati, peputra Resi Sakra.
4.
Resi
Sakra, peputra Raden Kisthira.
5.
Bambang
Kisthira, garwa Dewi Gagastini, putra Hyang Gagastana.
6.
Resi
Swakustha, peputra Bambang Kinthaka lan Kisthawa.
7.
Prabu
Kinthaka ing Sindura, salajengipun Ambegawan.
8.
Resi
Sapwani, inggih Sempani, pendhita ing Gitacala, peputra Raden jayadrata.
9.
Prabu
Jayadrata, ratu ing Banakeling utawi Sindura III, inggih Prabu Sinduraja,
Sindupati, Tirtanata, garwa Dewi Dursilawati, putra Prabu Drestastra ing
Ngastina, peputra Prabu Wisamuka.
10.
Prabu
Wisamuka, ratu Banakeling IV, peputra Prabu Sindurapati.
11.
Prabu
Sindurapati, ratu Banakeling IV.
V.
Gandawati lan Gandamana, sejarah Pancala, urutan
saking :
1. Prabu Gandabayu inggih Gandabau, inggih Suganda, nata Pancala I,
garwa Dewi Gandaresmi, Peputra Raden Gandamana lan Dewi Gandawati, kagarwa
dening Raden Sucitra jumeneng nata ing Pancala jejuluk Prabu Drupada.
2. Dewi Gandawati kagarwa Prabu Drupada.
3. Trusthajumena
W. Gendara lan Gendari, mriksani
Jayadrata! Urutan saking :
1. Resi Swakustha, peputra Kisthawa.
2. Prabu Kisthawa ing Plasajenar I, garwa Dewi Kesru, Prabu Swarka ing
Timpuru peputra Raden Gendara, Dewi Gendari, Raden Suman, Raden Warsaya.
3. Raden Gendara, Dewi Gendari, Raden Suman, Raden Warsaya.
·
Keterangan
: Prabu Gendara, nata Plasajenar. Dewi gendari, kagarwa dening Prabu
Drestharastra ing Ngastina, peputra 100 cacahipun.
X.
Guru, sejarah kahyangan, urutan saking :
1. Hyang Nurcahya
2. Hyang Nurasa
3. Hyang Wenang (lan Hyang Darmajaka)
4. Hyang Tunggal (lan Dewi Jati)
5. Hyang Guru lan Hyang Ismaya (Semar)
Y.
Hartahetu, mriksani
Jayadrata!, urutan saking :
1. Sriwahana, inggih Prabu
Wahana, nata Medangkamulan VIII, garwa Dewi Retna Hartati, putra Nata Wipara,
peputra Hartahetu, Hetudarma, Darmasarana.
2. Prabu Hartahetu, inggih Prabu Maeswara, mbegawan ing Andongsari,
garwa Dewi Retnadi, peputra Dewi Danarti, Srikanwa, Srikani.
3. Prabu Srikanwa, garwa Dewi Juni, putra Prabu Kapila. Peputra, Dewi
Retnawati lan Raden Sudhayu.
4. Prabu Sri Sudhayu, nata Medangkamulan IX, peputra Raden Sadana,
Raden Shadaka, Dewi Srini.
5. Dewi Srini, kagarwa Prabu Sudhana ing Gilingwesi, peputra Dewi
Renggawati, kagarwa Raden Burisrawa.
Z.
Ismaya, mriksani Guru!, urutan saking :
1. Hyang Tunggal lan Dewi Jati.
2. Batara Ismaya, sedherek sepuhipun Batara Guru, garwa Batari
Trenggani, peputra Hyang Bungkokan, Hyang Wrahaspati, Hyang Yamadipati, Hyang
Chandra, Hyang Surya, Hyang Kuwera, Hyang Tamburu, Hyang Patuk lan Hyang
Kamajaya.
AA.
Kanekaputra, inggih Naradha,
urutan saking :
1. Hyang Nurasa.
2. Hyang Darmajaka.
3. Hyang Caturkanaka, putra Hyang Dremaji, garwa Sri Laksmita Wahini,
peputra Batara Kanekaputra.
4. Hyang Kanekaputra
BB.
Kangsa, sejarah
Dwarawati, urutan saking :
1. Batara Wisnu, putra Batara Guru, garwa Dewi Sri, peputra Harnapurna.
2. Harnapurna, putra Batara Wisnu, nata Iman-imantaka I,garwa dewi Sri
Sawitri inggih Endang Mastura, putra Begawan Masturi ing Hardi Sarandipa,
peputraTriwigati, Wisnungkara, Simparawan, Mayangkara.
3. Ditya Mayangkara peputra Kunjarakresna.
4. Ditya Kunjarakresna ing Dwarawati.
5. Prabu Mercukalakresna,
6. Prabu Kresnabujangga, garwa Dewi Mandararesmi saking Mandraka,
Ppeutra Prabu Kresnamandrawa lan Prabu Kurandhageni, garwa Retna Dwirandini,
peputra Prabu Karnamandra.
7. Prabu Kresnamandrawa (lan Prabu Kurandhageni ing Giridasar).
8. Prabu Gorawangsa, (lan Prabu Gorakresna, inggih Yudakalakresna ing
Dwarawati).
9. Kangsa, putra Prabu Gorawangsa kaliyan Dewi Maerah. Garwa Prabu
Basudewa ing Mandura).
10. Prabu Purucana.
CC.
Kardhana, mriksani
Dasarata! Sejarah Ayodya, urutan saking :
1. Prabu Dasarata,
2. Raden Barata, putra Prabu Dasarata kaliyan Dewi Kekayi.
3. Prabu Baratdana ing Mandrapura, putra Prabu Barata kaliyan Dewi
Antrakewulan (Larawangen).
4. Prabu kardhana, putra Prabu Barata.
5. Mriksani Salyapati!
DD.
Karna, mriksani
Basudewa! Urutan saking :
1. Prabu Basukunthi, putra Prabu Kunthiboja, garwa Dewi Bandonsari,
putra Prabu Basukiswara, peputra Raden Basudewa, Dewi Kunthi, Raden Rukma,
Raden Ugrasena.
2. Dewi Kunthi, inggih Dewi Prita.
3. Karna, inggih Suryaputra. (putra Dewi Kunthi kaliyan Batara Surya),
garwa Dewi Surtikanthi, putra Prabu Salya ing Mandraka, peputra Raden
Warsasena, Raden Warsakusuma.
4. Raden Warsakusuma
EE.
Karpa, Resi Krepa,
urutan saking :
1.
Batara
Wisnu.
2.
Prabu
Gajahoya ing Malawa, peputra Prabu Surata.
3.
Prabu
Surata, peputra Prabu Hasrama.
4.
Prabu
Hasrama, garwa Dewi Basuwati, putra Prabu Basukesthi, peputra Raden Pilama.
5.
Raden
Pilama ing Timpuru.
6.
Prabu
Prawa,
7.
Prabu
Swarka (lan Prabu Paruwa ing Ngawu-awu)
8.
Prabu
Puruaji (lan Dewi Kesru) ratu ing Timpuru. Garwa Dewi Janapati, putra Hyang
Janapada, peputra Dewi Karpini lan raden Kerpa (Karpa).
9.
Resi
Karpa lan Dewi Karpini (Krepini).
·
Keterangan
:
a.
Dewi
Kesru kagarwa Prabu Kisthawa ing Plasajenar, peputra Gendara lsp.
b.
Prabu
Paruwa, peputra Begawan Carya.
c.
Begawan
Carya, daup kaliyan Dewi Sudhiki, putra Prabu Sudhaka, peputra Dewi Renggani.
d.
Dewi
Renggani kagarwa Raden Sadewa ing Ngamarta.
FF.Kurandhageni, mriksani Kangsa, urutan saking :
1.
Prabu
Kresnabujangga.
2.
Prabu
Kurandhageni ing Girikadhasar, utawi Tirtakandhasan, peputra Kartapiyoga lan Jayaparta.
3.
Prabu
Jayaparta, nata ing Tirtakandhasan, peputra Dewi Wanulaksmi, kagarwa Raden
Rukmarata, peputra Dewi Mandarwati.
4.
Dewi
Mandarwati, kagarwa Raden Sanga-sanga.
GG.
Kurawa, mriksani
Abiyasa! Urutan saking :
1.
Prabu
Abiyasa,.
2.
Prabu
Drestarastra, garwa Dewi Gendari, putra Prabu Kisthawa ing Plasajenar, peputra
satus (Sata Kurawa). Turunanipun Raden Kuru (Drestarastra inggih Raden Kuru)
3.
Kurawa
satus.
HH.
Maesasura, mriksani
Dasamuka!
II.
Mandararya, sejarah
Gendara, mriksani Abiyasa, urutan saking :
1.
Prabu
Parikenan, garwa Dewi Bramaneki, putra Prabu Basurata ing Wiratha, peputra Dewi
Kaniraras, Raden Kaneyasa inggih Manumayasa, Raden Manonbawa, Raden Paridarma.
2.
Bambang
Manonbawa, ambegawan Raden Maneriya.
3.
Prabu
Maneriya ing Gendara, nata Gendara I.
4.
Prabu
Mandararya, nata Gendara II.
5.
Prabu
Kiswara, inggih Prabu Supala (Suprala), nata Gendara III.
JJ. Matswapati,
sejarah Wiratha, urutan saking :
1.
Batara
Wisnu, peputra Prabu Basurata, Prabu Gajahoya, Ditya Harnapurna.
2.
Prabu
Basurata, inggih Prabu Srinadha, nata Wiratha, garwa Dewi Brahmaniyuta, peputra
Raden Brahmaneka, Dewi Brahmaneki.
3.
Prabu
Basupati, inggih Brahmaneka, nata Wiratha II, garwa :
a. Dewi Indradi, peputra Basumurti, Raden Basukesthi, Raden Basusena.
b. Dewi Wasuwati, putra Hyang Dewanjali.
c. Dewi Kisawara, putra Brahmastuti.
d. Dewi Awanti.
4.
Prabu
Basumurti (lan Basukesthi lan Basusena), nata Wiratha III, garwa Dewi
Jatiswara, putra Prabu Brahmanasatapa, peputra Raden Basukiswara.
5.
Prabu
Basukiswara, inggih Basutara, nata Wiratha V. (dampit Kaliyan Dewi Basutari),
garwa :
a.
Dewi
Retnadi, putra Begawan Hartahetu.
b.
Dewi
Retnawastu, peputra Raden basukesthi, Raden Kinthaka, Raden Basukestu, Dewi
Bandondari, Raden Basundara.
6.
Prabu
Basukethi (lan Basukesthu) inggih Prabu Basukiswara II, nata Wiratha VI, garwa
:
a.
Dewi
Danarti, putra Prabu Partana, mboten peputra.
b.
Dewi
Andrika, putra Begawan Nirmalacipta, peputra Dewi Durgandini lan Raden
Durgandana (dampit0 utawi Matswa.
7.
Prabu
Matswapati, nata Wiratha VII, inggih Matsyapati, inggih Prabu Durgandana, garwa
Dewi Rekhatawati, putra Dewi Kekayi kaliyan Prabu Palasara, peputra Raden Seta,
Raden Wratsangka, Raden Utara, Dewi Utari.
8.
Raden
Seta, Raden Wratsangka, Raden Utara, Dewi Utari.
·
Keterangan
: Raden Basusena, jumeneng nata Gajahoya, inggih Ngastina (Hastina) jejuluk
Prabu Hastimurti.
KK.
Niwatakawaca, sejarah
Iman-imantaka, urutan saking :
1. Batara Wisnu.
2. Harnapurna, putra Batara Wisnu, nata Iman-imantaka I, garwa Dewi
Sri Sawitri, inggih Endang Mastura, putra Bagawan Masturi ing Hardi Sarandipa,
peputra Triwigati, Wisnungkara, Simparawan, Mayangkara.
3. Prabu Simparawan, nata Iman-imantaka II, peputra,
4. Prabu Martikawaca, nata Iman-imantaka III, peputra Ditya
Mityakardha.
5. Prabu Mityakardha, nata Iman-imantaka IV, garwa Dewi Kanaka, putra
Prabu Swarka, peputra Ditya Niladadikawaca.
6. Ditya Niladadikawaca, nata Iman-imantaka V, garwa :
a.
Dewi
Nityaswara, putra Hyang Swadanityas.
b.
Dewi
Setyawati.
7. Prabu Jayasudikya, nata Iman-imantaka VI, peputra Raden Durnita,
Dewi Durnityaswara.
8. Prabu Niwatakawaca, inggih Prabu Nirbita, putra Prabu Jayasudikya,
nata Iman-imantaka VIII. Garwa :
a.
Dewi
Prabasini (Widadari)
b.
Dewi
Warsasini (Widadari) putra Prabu Niradhakawaca.
9. Prabu Niradhakawaca, nata Iman-imantaka IX.
10. Prabu Dwarakawaca.
11. Prabu Dwayana.
LL.
Pandawa, mriksani
Abiyasa, urutan saking :
1.
Resi
Abiyasa.
2.
Prabu
Pandhudewanata, nata Ngastina VII.
a. Dewi Kunthi, inggih Kunthi Nalibrata, putra Basukunthi, peputra
Puntadewa, Werkudara, Permadi.
b. Dewi madrim, putra Prabu Mandrapati ing Mandraka, peputra Nakula
lan Sadewa.
3.
Puntadewa,
garwa Dewi Drupadi, putra Prabu Drupada ing Pancala, peputra Raden Pancawala.
4.
Raden
Pancawala, garwa Dewi Pergiwati.
MM.
Parikesit, mriksani
Abiyasa! Sejarah Ngastina.
NN.
Ramabargawa, mriksani
Arjunasasrabahu! urutan saking :
1.
Resi
Wisanggeni, garwa Dewi Nityaswara, peputra kembar Raden Swandhani lan Raden
Ramabargawa, inggih Resi Jumadagni.
2.
Raden
Ramabargawa inggih resi Jumadagni.
OO.
Salyapati, sejarah
Mandraka, mriksani Abiyasa! Urutan saking :
1.
Resi
Manumayasa ing Saptaharga, garwa Widadari Dewi Kaniraras, peputra Resi
Sekutrem, Bambang Sriyanti, Manumadewa lan Bambang Manungkara.
2.
Bambang
Sriyanti, garwa Dewi Prawita (Pawitra), putra Brahmanadewa, peputra Dewi
Hartati, Raden Hartadriya.
3.
Dewi
Hartati, kagarwa Prabu Kardhana, jumeneng nata Mandraka, jejuluk Prabu
Mandrakiswara (mriksani Kardhana), peputra Prabu Mandradipa.
4.
Prabu
Mandradipa, nata Mandraka II, garwa Dewi Sri Warna, peputra Prabu Sengara ing
Atas Angin, peputra Raden Mandrapati lan Dewi Mandararesmi (putra dampit).
5.
Prabu
Mandrapati inggih Prabu Naradatta, nata Mandraka III, garwa Dewi Retnawati,
putra Sri Kanwa, peputra Raden Narasoma lan Dewi Madrim.
6.
Prabu
Salya (Narasoma) nata Mandraka IV, garwa Dewi Setyawati (Pujawati) , putra
Begawan Bagaspati ing Argabelah, peputra Dewi Erawati, Dewi Surtikanti, Dewi
Banowati, Raden Burisrawa, Raden Rukmarata.
7.
Raden
Burisrawa ing Pambutulan, garwa Dewi Renggawati, putra Begawan Sudhana, peputra
Raden Kiswara.
8.
Prabu
Kiswara.
9.
Prabu
Sandhaka.
10.
Prabu
Subakarti.
PP.Sangkuni, mriksani Gendara!
QQ.
Sentanu, mriksani
Dewabrata!
RR.
Sarpakenaka, mriksani
Dasamuka ing Ngalengka, urutan saking:
1. Resi Wisrawa, garwa Dewi Sukesi.
2. Dewi Sarpakenaka, kagarwa Ditya Karadhusana.
3. Widyaruni.
4. Prabu Kiswaraja ing Madhendha.
5. Prabu Wijitparswa
6. Prabu Praswata
7. Dirgaratmisesa.
SS. Srikandhi,
mriksani Drupada!
TT.
Subali, mriksani
Anggada!
UU.
Sudhayu, mriksani
Harhetu!
VV.
Sumantri, mriksani
Arjunasasrabau, urutan saking :
1.
Resi
Wisanggeni, putra Prabu Dewasana, garwa Dewi Nityaswara, peputra Resi Swandani
lan Ramabargawa.
2.
Resi
Swandani, peputra Raden Sumantri (patih Suwanda ing Maespati) lan Raden Sokasrana.
WW. Trijatha,
mriksani Dasamuka! Urutan saking :
1.
Begawan
Wisrawa.
2.
Wibisana,
garwa Dewi Triwati (widadari), peputra Raden Bisawarna, Dewi Trijatha.
3.
Dewi
Trijatha, kagarwa Resi Jembawan, peputra Jembawati.
4.
Dewi
Jembawati, kagarwa Prabu Kresna ing Dwarawati, peputra Raden Samba.
5.
Raden
Samba inngih Wisnubrata, garwa Dewi Yatnyawati, putra Prabu Kertayatnya,
peputra Raden Dwara.
XX. Werkudara,
mriksani Abiyasa, urutan saking :
1. Prabu Pandhudewanata.
2. Werkudara, garwa :
a.
Dewi
Nagagini, putra Batara Anantaboga, peputra Anantareja.
b.
Dewi
Arimbi, putra Prabu Rambaka inggih Prabu Trembaka ing Pringgadani, peputra
Raden Gatutkaca.
c.
Dewi
Urangayu, putra Hyang Baruna, peputra Raden Anantasena.
3. Prabu Gatutkaca garwa Dewi Pergiwa, putra Raden Harjuna kaliyan
Dewi Manuhara, peputra Prabu Kacanaputra.
4. Prabu Kacanaputra, peputra prabu Wirasena.
5. Prabu Wirasena.
YY.
Wibisana, mriksani
Dasamuka!
ZZ.Wisrawa, mriksani Dhanapati, urutan saking :
1. Prabu Dherudhana, peputra Resi Wasistha.
2. Resi Wasista Pandhita ing Anggapura, garwa Dewi Mintakawati, putra
Prabu Baratdhaka, Dewi Puspawati putra Hyang Caturbuja, peputra Resi Wisrawa,
Resi Pulastha, Resi Padma.
·
Keterangan
: Resi Wisrawa anggarwa :
a.
Dewi
Kokati, peputra Prabu Dhanapati.
b.
Dewi
Sukesi, peputra Prabu Dasamuka, lsp.
BAB II
PARA NARENDRA INGKANG JUMENENG
A.
Jaman Dewaraja ngantos jaman sak derengipun Pandawa.
1.
Astina, inggih Gajahoya
:
a. Hatimurti
b. Wasanta
c. Sentanumurti
d. Citranggada
e. Citrasena
f.
Abiyasa
g. Pandhudewanata
h. Drestarastra
i.
Suyudana
j.
Puntadewa
k. Parikesit
l.
Yudayana
m. Gendrayana
2.
Atasangin :
a. Retnasembawa
b. Mintabasa
c. Resi Druwasa
d. Basuki
e. Maruta
f.
Baratmaja
(Bapakipun Resi Durna)
3.
Dwarawati :
a. Kunjanakresna
b. Mercukalakresna
c. Kresnabujangga
d. Kresnamandrawa
e. Yudakalakresna inggih Gorakresna
f.
Kresna,
Narayana
4.
Gendara :
a. Maneriya
b. Mandararya
c. Kisrawa
5.
Gilingaja , kadadosan
saking nagari mendhanggili :
a. Budhawaka,
b. Brahmakedhali
c. Dewaesa
d. Hiranyarudra inggih Jakapuring
e. Sitawaka
f.
Watugunung
·
Keterangan
: wiwit Prabu Watugunung nagari Gilingaja kagantos Gilngwesi.
6.
Gilingwesi, kadadosan saking Gilingaja :
a. Watugunung
b. Brahmanaraja
c. Brahmanasatapa
d. Parikenan inggih Brahma Am
e. Dhanadewa
f.
Dhanardhana
g. Dhanaraja
h. Sudhana
i.
Yudhana
j.
Tuhuwasesa
(Weskudara)
k. Yudhana (wangsul malih)
l.
Suwedhara
m. Suwarga
n. Praswawati
7.
Ima-imantaka :
a. Harnapurna
b. Simparawan
c. Martikawaca
d. Mityakardha
e. Niladadikawaca
f.
Jayasudikya
g. Niwatakawaca
h. Niradhakawaca
8.
Mandura :
a. Ramabatlawa
b. Kunthiboja I
c. Basukunthi inggih Kunthiboja II
d. Basudewa
e. Baladewa
f.
Hudara
g. Wirastha
9.
Mandraka :
a. Mandrakiswara inggih Mandrakumara
b. Mandradipa
c. Mandrapati
d. Salyapati
e. Nakula lan Sadewa
f.
Kisrawa
(putranipun Raden Burisrawa)
10. Malawa
:
a. Cedhaka
b. Surata inggih Gajahoya
c. Hasrama
11. Medhangga
:
a.
Surapati
(Batara Indra)
12. Medhanggalungan
:
a.
Sindhula
inggih Gotaka
13. Medhanggili
:
a.
Sundha
14. Medhanggora
:
a.
Bima
(Batara Bayu)
15. Medhangkamulan
:
a. Mahadewabudha (Batara Guru)
b. Maharaja Berawa
c. Budhakresna
·
Keterangan
: wiwit Prabu Budhakresna, Medangkamulan kagantos nami Purwacarita
16. Medhangprawa
:
a. Maharaja Maldewa
b. Srinadha, lajeng kagantos nami Nagari Wiratha, jejuluk Prabu
Basurata
17. Medangpura
:
a. Maharaja Balya
b. Budhawaka
18. Ngawu-awu
:
a.
Kusthawa,
penamping Ngastina
19. Pangombakan
:
a. Dipacandra
b. Yamawidura
20. Pancala
(Cempalaradya, Pancalaradya):
a. Gandabau, inggih Gandabayu
b. Drupada
c. Trusthaka, putranipun Raden Trustajumena
d. Trustawara
21. Plasajenar :
1)
Kisthawa
2)
Gendara
3)
Warsaya
22. Pringgandani
:
a. Kuramba
b. Rambana
c. Rambaka, inggih Trembaka
d. Arimba
e. Gathutkaca
f.
Kacanaputra
g. Wirasena
23. Purwacarita :
a. Budhakalakresna, mriksani Medangkamulan !
b. Pakukuhan inggih Sri Mahapunggung I
c. Kandhidawa
d. Srigati, inggih Sri Mahapunggung II
e. Sri Mahawan
f.
Srikula
g. Basupati
24. Tabelasuket :
a. Partawijaya
b. Partana
25. Wiratha
:
a.
Basurata,
inggih Srinadha, mriksani Medangprawa
b.
BasupatiBasukeshti
c.
Basukiswara
d.
Basukethi
e.
Matswapati
B.
Jamanipun Pandhawa
1.
Astina, mriksani A
2.
Amarta :
a. Yudhistira
b. Drupada (makili bibar Baratayuda)
3.
Angga :
a.
Anggapati
4.
Banakeling inggih Sindura :
a. Sapwani
b. Jayadrata
c. Wisamuka
5.
Batarewata inggih Girikadasar :
a. Kurandageni
b. Jayaparta
6.
Dwarawati : mriksani A
7.
Gilingwesi : mriksani A
8.
Iman-imantaka : mriksani
A
9.
Kumbina :
a.
Rukmaka
10.
Lesanpura :
a. Setyajid
b. Setyaki
c. Sanga-sanga
11.
Mandura : mriksani A
12.
Ngawangga :
a. Karnamandra
b. Karna, inggih Suryaputra
13.
Pancala, mriksani A
14.
Pringgandani: mriksani A
15.
Plasajenar : mriksani A
16.
Manthili :
a.
Janaka
17.
Manggada :
a. Wasista
b. Jisis
c. Citradarma
d. Citranggada
18.
Pancawati : mriksani Ayodya
19.
Timpuru :
a.
Purnaji
inggih Endraji
0 comments:
Post a Comment