REPUBLIK GORO-GORO
Lakon UBAN
Karya :Sugiyarto
2011
Dihalaman sekolah sehabis jam pelajaran selesai, Gareng, Petruk,dan Bagong sedang bercanda
Gareng :
(bernyanyi satu-satu aku sayang ibu)
Petruk :
(bernyanyi garuda pancasila)
Gareng :
Wah….truk, lagumu kok garuda pancasila akulah pendukungmu?
Petruk :
nasionalisme kok kang, mosok sebagai masyarakat Bangsa Indonesia yang baik dan benar menyanyikan mars dan himne PKI, kan yo mengko aku diarani tidak nasionalisme. Lha kowe mau nyanyi opo kang ?
Gareng :
aku sih mau nyanyi satu-satu aku saying ibu.. nostalgia wektu jaman isih SD
Petruk :
wong wis tuwo wae ndadak nyanyi lagune cah SD.. rak sangar.
Gareng :
lha terus sopo maning sing arep nyanyikke nak ora awake dewek truk? cah SD saiki yow is gak ono sing gelem, opo maneh apal. Opo kowe yo apal truk?
Petruk :
apal to yo.. tapi kuwi yo masa lalu kang…kang, bagong paling isih apal….wong isih imut imut
Gareng :
amit amit yo bener. Kok nganti nyahene bagong durung balik sekolah.. gurune kok yo betah men to ?
Petruk :
wah keliru kowe kang. Janjane gurune sing gak betah.
Gareng :
kook iso ?
Petruk :
sak umur-umur kang dalam SPI , Sejarah Persekolahan Islam, gak ono guru sing betah ngajar neng kelase bagong. Kowe ngerti dewe to kang, bagong kuwi piye ?
Gareng :
alah embuh..adikku sing siji kuwi pancen menyun utekke
Bagong masuk
Bagong :
(bernyanyi lagu susis)
Gareng :
eh gong.. lagumu kok ora mencerminkan seorang pelajar to?
Bagong :
apa..? aku nggak tau apa yang kamu omongin abang bagong.. pleace deh jangan panggil aku nama bagong … tapi panggil aku Alberto Alfariano Sontoloyo Bagong Sing Paling Pinter Sak Alam Ndonyo o.
Petruk :
guayamu kuwi lho gong.. bar mangan opo kowe mau gong? Kok bahasamu nganti mengkono kui?
Gareng :
bar mangan kitab rumus phytagoras paling truk..
Bagong :
abang petruk … (logat jakarte) aku ora mudeng bahasamu.. bukannya abang petruk ini anak bahasa ? pleace, if you speak with me have speaking nasional..! you know..!
Petruk :
aku kan cuman pengen melestarikan bahasa tradisional
Bagong :
wah… tidak nasionalis, bahasa tradisional itu kan tidak bisa dipakai buat bahsa nasional, bahasa persatuan.
Gareng :
justru sing ora nasionalisme kuwi awakmu gong… aku karo petruk mau wae nyanyi lagu nasionalisme kok gong… lha kowe?
Bagong :
abang, yang dinamakan lagu nasional yang bagaimana?
Gareng :
lagu sing nasionalisme kuwi yo .. yo ..yo… yo sing dikenal sak nasionalisme
Bagong :
apakah lagu susis itu tidak dikenal diseluruh nasional? Justru lagu susis itu malah terkenal dari sabang sampai merauke berjajar pulau-pulau
Gareng :
oalah… semprul, wedus prucul…
Petruk :
dumeh anak IPA , koncone pinter-pinter .. saiki omongane nggo bahasa langit
Bagong :
jelas, dan kalian berdua ini tidak tergolong dalam kindom kepinteran, karena pinter itu ada tanda-tandanya.
Petruk :
tanda-tandane pinter kui opo to gong ?
Bagong :
menurut buku induk kekekalan hokum kitab Al-jabbar karya Prof. Dr. Kyai Kanjeng Zainul Al-badri dan Dra. Nyai Gajah Fitria As-Suluri MM Jilid VII halaman 473 yang berbunyi. bahwa, salah satu tanda-tanda kepinteran adalah berjari 10. jadi dapat saya simpulkan, jika jarinya kurang atau lebih dari 10 maka tidak bisa disebut pintar.
Petruk :
contone?
Bagong :
babi jarinya 2, kucing jarinya 3, ayam ……. Jarinyaa.Karena kurang dari 10 , maka babi kucing dan ayam tidak bisa disebut pinter alias bodoh
Gareng :
nak kui bayi sing isih neng jero kandungan yo ngerti nek babi , kucing karo ayam kuwi bodoh. Lha nak uwong yo mesti pinter kabeh.
Petruk :
mergo drijine 10
Bagong :
belum tentu…tidak smua orang pinter seperti Alberto Alfariano Sontoloyo Bagongo Sing Paling Pinter Sak Alam Donyo o, karena aku berjari 10.
Gareng :
lho? Aku karo petruk yo drijine sepuluh. Berarti melu pinteer.
Bagong :
tidak bisa, aku punya jari genap 10 dan kalian tidak
Gareng :
piye ceritane gong, kok podo podo uwong drijine iso rak podo?
Bagong :
coba jariku dihitung
Gareng :
(menghuitung) 1,2,3,4,5,6,7,8,9,10 genap 10
Bagong :
coba kalu jari kalian! (menghitung) 1,2,3,4,5,6,7,8,9,. Tu kan… jari kalian cuman 9, jadi tergolong bodoh
Gareng :
(protes) ora iso, drijimu malah mung 7, (menghitung) 1,2,3,4,5,6,7 tok malahan
Bagong :
(emosi) kowe malah 6 (menerangkan) dua jempol dua kelingking, jadi (menghitung) 1,2,3,4,5,6
Petruk :
nak ngono, drijimu malah mung 4 (menerangkan) dua jempol dua kelingkin dua penuduh, jadi (menghitung) 1,2,3,4
Bagong :
semprul,… kowe malah rak duwe driji (menerangkan) dua jempol dua kelingking dua penuduh dua manis dua tengah, jadi gak duwe blasGareng : oalah, drijimu malah sewelas 1,2,3,4,5, terus 1,2,3,4,5,6 saiki 5+6 piro?
Bagong :
11 moh rak iso ngono, drijimu malah 21 (menerangkan) tangan 10 sikil 10
Gareng :
lha seng siji endi? Jare 21..
Bagong :
kuwi…
Petruk :
(memotong) Wis… Teori opo kuwi…pinter karo bodo kok iso diitung berdasarkan jumlah driji… nak kowe pencen pinter tenanan jajal tak bedek’i
Bagong :
that’s okay.. siapa takut..
Petruk :
sebutkan salah satu binatang amfibia… (bagong mau menjawab)
Gareng :
binatang apa yang enak dibuat masak suwike? (bagong mau menjawab)
Petruk :
mbahe kecebong? (bagong mau menjawab)
Gareng :
kewan seng dowu endoke ? (bagong mau menjawab)
Petruk :
bahasa Indonesianya frog? (bagong mau menjawab)
Gareng :
bahasa indonesiane kodok?
Bagong :
(memotong) stop!!! Kapan aku njawabnya? Jawabannya adalah KATAK!
Gareng :
lha pertanyaan liyane kok gak dijawab..?
Bagong :
jawabannya cukup satu saja
Gareng :
ngko sek… ! pertanyaane nganti 6 kok jawabane mung siji tok ik? Piye pertanggung jawabane kuwi?
Bagong :
(kepada penonton) ini buktinya kalau manusia jarinya gak genap 10 .. baik akan saya terangkan (menerangkan) pertanyaan pertama , sebutkan salah satu binatang amfibia…. Maka jawabannya ?
Petruk :
katak
Bagong :
pertanyaan kedua, binatang apa yang enak dibuat masakan swike? Maka jawabannya..?
Gareng :
katak
Bagong :
pertanyaan ketiga, mbahe kecebong..? maka jawabannya..?
Petruk :
katak
Bagong :
tepat sekali… pertanyaan keempat, kewan seng dowo endoke? Maka jawabannya?
Gareng :
katak
Bagong :
sip, pertanyaan kelima, bahasa Indonesianya frog? maka jawabannya?
Petruk :
katak
Bagong :
of course … pertanyaan terakhir, bahasa Indonesiane kodok? Maka jawabannya adalah?
Gareng :
katak
Bagong :
betul sekali… hahahahahaha
Petruk :
(berbisik) kang, bagong saiki kok pinter yo? Buktine kabeh pertanyane mau iso dijawab kanti bener, ayo podo merguru neng bagong kang, men melu pinter..
Gareng :
iyo truk, ngerti ono sing luwih pinter karo awake dewe, yo opo salahe njaluk warah, ora ketango luwih seko awake dewe .. sing penting ilmune..
Petruk :
bener kang, mumpung awake dewe meh ngadepi UBAN
Gareng :
UBAN kuwi opo truk?
Petruk :
UBAN kok opo…UBAN kuwi Ujian Bareng Akhir Nasional.. pengganti UN utowo UAN
Gareng :
oalah…. Mben tahun kok digonta-ganti jenenge, tapi tetep podo wae .. nak nilaine kurang seko 5,5 tetp ora lulus, kasus siswi bernama Bunga mati bunuh diri gara-gara diejek temannya karena dia tidak lulus UN…ngono kok angger tahun..
Petruk :
nak kuwi aku gak peduli kang, sing penting saiki piye carane awake dewe iki bisa lulus besok, lha… saiki kuncine ono neng Bagong sing saiki dadi wong terlanjur pinter, mbok yao..kang-kangmu iki ditulari pintere….!
Bagong :
hahahahaha gampang, tapi ada syaratnya…Gareng : opo gong?
Bagong :
syaratnya.. jika kalian berdua lulus, maka harus mengikut sertakan saya sebagai siswa yang lulus.. setuju?
Gareng dan petruk :
setuju….
Bagong :
bagus, apa yang dapat saya bantu?
Petruk :
gong….kowe ngerti dewe, menawa sasi ngarep iki bakal dianakke UBAN, saiki kan SKMe kan 5,5
Gareng :
kok nganti awake dewe ora iso entuk niali sakmono, kuwi berarti awake dewe ora biso lulus, nak wis ora lulus, berarti kan awake dewe ora biso neruske kuliah neng IAIN Walisongo Semarang….alah keceplosan
Bagong :
padahal untuk mencapai 5,5 itu sangat sulit…
Gareng :
mergo kuwi gong, piye solusine?
Gareng :
gampang….caranya Cuma satu,yaitu…menDukun
Petruk :
maksudmu piye gong?
Bagong :
cara yang paling efektif inovatif kreatif efektif dan menyenangkan ya memang seperti itu..orang-orang pintar yang ada di DPR juga seperti itu kok,,wong yang pinternya sekelas mereka saja masih menDukun…jadi kita harus menirunya…supaya ikut pinter, seperti mereka
Gareng :
saiki dukune sopo gong?
Bagong :
pak de Togog
Petruk :
pak de Togog kuwi dukun opo gong? Dukun bayi?Bagong : jangan sembarangan…dikutuk jadi katak nanti…pak de Togog Tejomantri, S.D.I. , Sarjana Dukun Islam adalah satu-satunya dukun di dunia yang
sudah mendapatkan sertifikat halal dari MUI.
Gareng :
wah berarti wis propesional..wong nduweni sertipikat barang.
Petruk :
kapan kiro-kirone dewe iso nemoni pak de Togo S.D.I. kuwi gong?
Bagong :
sekarang juga bisa… lha kira-kira kalian mau minta apa?
Gareng :
nak aku yo koyo umume cah sekolah nak meh ujian…aku meh ngisikke pulpen,,,dadi nak pas nggarap, pulpene mlaku dewe
Petruk :
kesuwen gong..nak aku langsung njaluk kunci jawaban.
Bagong :
kalian itu tidak kredibel, terlalu separatis, dan argumentatif.. kalau aku langsung minta lulus.
Gareng :
sak muni-munimu gong.. seng penting awake dewe tekan kono, lha supayane biso cepet tekan kudune lagu satu-satu aku sayang ibu.
Petruk :
ora seru kuwi, men luwih semangat diiringi A lagu Garuda Pancasila akulah pendukungmu.
Bagong :
apalagi itu, tambah tidak nasionalis, alangkah lebih baiknya kalau diiringi lagu susis.. wow susis..
Pemusik :
moh-moh, saiki seng pemusiknya yang minta lagu…
DENGAN DIIRINGI LAGU GARENG, PETRUK, DAN BAGONG KELUAR, SETTING BERGANTTI DENGAN RUANG RUMAHNYA TOGOG.
Bilung :
kang…kowe saiki kok alih profesi kang?
Togog :
dadi uwong kuwi kudu bisa melihat prospek kerja yang pas dan akurat,,men ora dadi wong sing selalu merugi…nak musime buah, yo dodolan buah..nek musime tahun baru, yo dodolan trompet…nak musime rambut gondrong, yo daditukang cukur..nak musime akh wong do mati, yo dadi tukang gali kubur…lha nak wayah-wayah koyok ngene iki, musime Ujian Bareng Akhir Nasional, yo dadi dukun Ujian Bareng Akhir Nasional…ngono lho lung…
Bilung :
wah…pencen intelektual kangku siji iki, tapi nak ono sensus penduduk, daftar bagian pekerjaan mbok isi opo kang?
Togog :
yo tak tulis kabeh, men katon kaya profesi
Bilung :
wah opo ora mbingungi petugase kang
Togog :
yo ben, wong bayarane akeh kok, saiki mending kowe melu kerjo aku..
Bilung :
kerjane ngopo kang?
Togog :
dadi jin ujian bareng akhir nasional .. dadi mengko nak ono wong njaluk bantuan, awakmu sing dadi sarana supayane wong wong podo percoyo karo awake dewek
Bilung :
mosok isih ono wong sing percoyo karo jin kang ?
Togog :
eh lung,, tak wenehi ngerti yo,, saiki kuwi akeh uwong sing wis ora percoyo karo gustine dewe apa meneh karo awake dewek,,, wis dadi rahasia umum kuwi lung, uwong luwih percoyo karo bangsane lelembut titimbang ing nggawe lembut,, for example, akeh wong sing biasane nggawe jas ireng,, yp tetep wae merdukun,, opo maneh sing wong sing isih primitive
Bilung :
iyo si kang. Malah iso dadi pangane awake dewe to kang, lha aku mengko kepiye ?
Togog :
(berbisik) ayo saiki uborampene dicakke
TOGOG DAN BILUNG MEMPERSIAPKAN DIRI, DATANG PERTAMA ADALAH GARENG
Togog :
nak tak sawang seko kadohan iki koyo anakku lanang si gareng,, ono opo ngeger ?
Gareng :
ngeten pak dhe, kula anggene sowan teng mriki meniko nggadahi gegayutan bilih kulo meniko ngersanaken supados pulpen kula saged mlampah piyambek kanti dipun isiake.. sahinggo saget nggarap ujian bareng akhira nasional kanti lancer
Togog :
wah,, gampang kuwi.. dienteni sedilit ya..! tak ngundhang ingoningonanku sek ( membaca mentera) sir ngobar gosir, gula-gula jawa,, sir boleh naksir-sir, asalkan abang skam.. (jin Bilung keluar )
Bilung :
smriwing ,, dawuh ndiko jejibahane kula.. wontn ingkang dipun kersakke gusti ?
Togog :
jin ,, iki anakku nduweni pemundutan menawa pulpene iso mlaku dewe pas ujian bareng akhir nasional kanti diisi pulpene.
Bilung :
wah.. gampang (kepada gareng) endi pulpen sing meh diisikke ? iki bakal tak isi nganggo mengsi ajab,, nyoh .. (mengambil da memberikan )
Garaeng :
lho.. menika mengsi opo, kok mboten katingal kangjheng jin ?
Bilung :
bodoh. Kuwi mengsi ajaib, hanya orang-orang yang beriman Alloh SWT yang dapat melihatnyaToogog : lha koe beriman kepada Alloh SWT opo ora ?
Gareng :
(gugup) oh, beriman, beriman,, wah ,,, mengsinipun ngantos torahtorah Toogog : nangin ojo lalikaro biaya ngisi pulpene, kan wis diisi nganti full berate biayani ditambahi
Gareng :
lha kinton-kinton pinten anggene maringi ?
Togog :
murah, RP 95.000 biaya ngisine ,,, RP 5.000 biaya bonuse… jadinya RP 100.000
Gareng :
walah .. kok larang pulpene ?
Togog :
kuwi mau kan mengisi transparan , mengsi langka,, mengsi ajaib… gak ono sing dodolan,, dadine yo rodo mahal
Gareng :
oh,, nak ngoten,, mahalmboten nopo-nopo,, ingkang wigati kula saget nggarap ujian bareng akhir nasional kanti saelan pikantuk biji ingkang sae ugi., menika yatranipun, kula nyuwun pamit (keluar)
Bilung :
endi bagianku kang ?
Togoog :
bagianmu mengko nak wis memenuhi nisab, wis ndang siap-siap! Kayane ono tamu maneh
Petruk :
(dari luar) kula nuwun
Togog :
manga ,,, nak tak sawang seko kadohan ikki koyo anakku lanang si petruk,, ono opo ngger ?
Petruk :
ngeten pak dhe .. kula anggene sowan teng mriki meniko nggadahi gegayutan bilih kulo meniko ngersaaken kula meniko nggadagi kunci jawaban UBAN ,, sahinggo saget nggarap Ujian Bareng Akhir NAsional kanti lancer
Togog :
wah …. Gampang kuwi,, dienteni sedilit ya ! tak ngundang ingoningonanku sek (membaca mantera) sir gobang gosir , gula gula jawa, sir boleh naksir-sir, asalkan abang suka , (jin bilung keluar )
Bilung :
smriwing,,, dawuh ndiko jejibahane kkula ,, wonten ingkang dipun kersaake gusti ?
Togog :
jin .. iki anakku nduweni pamundutan menawa pingin ndiwenii kunci jawaban ujian bareng akhir nasional
Bilang :
wah .. rodo angel .. (kepada petruk )
Togog :
lho kok rodo angel ki kepite critane ?
Bilung :
ampun keseso ,, kulla jabaraken rumiin menawi ngersaaken kunci jawaban UBAN kula kedah tindaan ten Jakarta pinanggih k pegawai kementrian pendidikan nasional, menawi ngebis biayane kintun kintun 500.000n, menawi nyepur kintun kintun 400.000, menawi mabur kintun kintun 1.000.000 kantun milih ingkang biasa napa express
Petruk :
waduh ,, kados tukang pos kemawon, injih, mboten dados masalah, kula nyuwun ingkang express
Togo :
berarti 1.000.000
Bilung :
sendika dawuh .. ditunggu ya (mengambil dan memberikan) ini kunci jawabane
Petruk :
waduh ,, kook cepet sanget kanjeng jin?
Bilung :
katanya pengen cepet……
Petruk :
oh … menawi medikaten kula pamit rumiyin ..
Togog :
oh,,, ya,,, nambah 1.000.000 lung
Bilung :
berarti 1.100.000
Togog :
wis ndang siap siap kena, kayane bagong kae (bagong masuk) nak tak sawang seko kadohan iki koyo anakku lanang si bagong ,, ono opo ngger ?
Bagong :
begini om.. saya kesini mempunyai keinginan bahwa saya itu ingin lulus ujian bareng akhir nasional
Togog :
wah .. gampang kuwi ,, dienteni sedilit ya ! tak ngundang ingon ongonanku sek (membaca mantera) sir gobag gosir , gula gula jawa ,,, sir boleh naksir-sir , asalkan abang suka ,, (jin bilung keluar)
Bilung :
smriwing ,,, dawuh ndiko jejibahanae kula … wonten dipun kersaake gusti ….
Togog :
jon .. iki ankku nduweni pamandhutan menawa pingin lulus ujian bareng akhir nasional
Bilung :
wah ,,, angelle sak polle (kepada bagong)
Togog :
llho kok angelle sak polle ki kepiye critane ?
Bilung :
ampun keseso ,, kula jabaraken rumiyin menawi ngersaake lulus UBAN kula kedah nggadahi pulpen ajaib ingkang larang reginipun lajeng tindaan ten Jakarta pinanggih kaliyan pegawai kementrian pendidikan nasional nyuwun kunci jawabane , lajeng kula bkedah nggarap ujianipun pikantuk gela lulus ,, sedaya menika mbutuhakken yotro ingkang katah sanget
Bagong :
10.000.000 pun saya bayar. Demi lulus
Bilung :
setuju . 10.000.000 ..? secepatnya (mengambil tulisan lulus) ini..
Togog :
waw… cepet men?
Bagong :
terimakasih kanjeng jim… semoga amalmu ditrima disisiNya ,,, amiin … ini uangnya om … mohon diterima .,,, saya mohon pamit .. Assalamualaikum
Togog :
waalaikumsalam ,, kayane wis gak ono wong sing meh ndukun ,, lung , ayo dibagi duite (membagi uang)
Bilung :
kang … kayane wis gak ono wong sing meh ndukun maneh .. piye nak awake dewe pada alih profesi dadi supir monil jenazah wae ?
Togog :
jo ngawur koe lung … alih profesi yo alih profesi tapi ojo sing ono kaitane karo wong mati
Bilung :
pingin sugih opo ora ?
Togog :
iyo to
Bilung :
mulane ,,, tak jelasno kang , aku milih alih profesi dadi mobil jenazah ,, nak tahun iki bakat akih bocah sing bunuh diri amargo ora llus Ujian Bareng Akhir Nasional sing standare wis munggah maneh. Kuwi kan iso dadi proyek besar kang . tahun wingi wae akeh bunuh diri, opo maneh tahun iki , mesti tambah uakih
Togog : wah … bener kuwi lung ,,, nak ngono ayo podo salin seragam putih
..! terus ndaftar dadi supir mobil jenazah ,,, saiki .. (keluar)
TOGOG DAN BILUNG KELUAR DAN SETTING BERGANTI DI SEBUAH TAMAN
Gareng :
akhirnya aku entuk senjata ampuh kanggo lulus neng ujian bareng akhir nasiponal mbesuk
Petruk :
ora iso kang … senjata sig paling mutajhir lulus ujian bareng akhir nasional mung wekku, kuwi kunci jawaban UBAN,, saiki nak mung ngandalke pulpen ajaib, ora iso,, nak pulpenmo selonco, piye ?
Gareng :
lho ,, kowe piye to ? nak mung ngandalake kunci jawabnmu .. tok til.. opo yo biso nggarap tanpo pulpen ? tetep ora iso
Petruk :
ora iso . tetep senjataku sing pal … (bagong memutus pembicaraan)
Bagong :
stop … jika kalian masih memperdebatkan senjata siapa yang paling ampuh dan mutahir ,, maka jawabannya adalah tidak ada… senjata ujian bareng akhir nasional uang paling ampuh dan mutahir adalah kertas ini ( memamerka gulungan kertas )
Gareng dan petruk :
kertas opo kuui gong ?
Bagong :
gulungan bernama kyai kertas yang akan mengalahkan senjata senjata kalian
Gareng :
halllaaah .. mung kertas mengkono wae gong , paling mung kanggo mbuntel kacang .. opo kowe meh lulus tanpo pulpen ajaib ? yo ora mungkin …
Petruk :
opo maneh tanpo kunci jwaban ,, tambah mustahil …
Bagong :
bagiku pulpen ajaib dan kunci jawabn itu sudah tidak perlu. Karena didalam kyai kertas ini sudah tertulis bahwa Alberto Alfariano SontolotyoBagongo sing paling pinter sak alam ndonyo o dinyatakan lulus tanpa satu syarat apapun
Gareng :
lha terus nggarapmu karo opo nak gak karo pulpen ajaib ?
Bagong :
I don’t know ,, yang penting sudah tertulis bahawa Alberto Alfariano Sintoloyo Bagongo o sing paling pinter sak lalma ndoyo o dinyatakan lulus tanpa syarat suatu apapun
Gareng :
Walloh Bishshowaf,, ALbeerto Alfariano SOntoloyo BAgongo sing Paling pinter sak alam ndonyo o dinyatakan lulus tanpa syarat suatu apapun , jangan terlalu tergantung dengan pulpen ajaib dan kuci jwaban, kalau tidak dibenteni dengan kepastian lulus….
Petruk :
wes kang , ora usah ngandel karo wong sing lambene ndomble.. tong kosong berbunyi nyaring
Bagong :
tapi kan bisa dipertanggung jawabkan secara ilmiah dan elketronik
Petruk :
prek …. Saiki pulpenmu dicoba sek kang ,, ajaib opo ora..
Gareng :
pulpene gareng kkkudune ya ajaib,, nk ora ajaib , ojo ngundang jenengku Muhammad Gareng Imamuddin
MENULIS DAN TIDAK BISA KARENA PULPENE KOSONG
Petruk :
lho kang …. Pulpen ajaibmu kok gak mempan ?
Gareng :
opo sangking aajaibe yo truk .. nganti ora katon ..?
Bagong :
hahahahaha …. Orang bodoh juga tahu kalau pulpen yang kosong itu gak bisa buat nulis,, lagian kalau ngerjain Ujian BAreng AKhir NAsional kan gakpakai pul,pen ,,, bodooohhh .. sekarang jelas bahwa senjata paling ampun dan mutahir adalah kyai kertas kepunyaanku
Petruk :
kowe ojo sumbar gong ,,, buktine opo keampuhan kyai kertasmu kuwi ?
Bagong :
itu sudah jelas .. bahwa didalam kyai kertas itu sudah termaktub bahwa Alberto Alfariano SOntoloyo Bagongo Sing Paling Pinter Sak Alam Ndonyo o dinyatakan LULUS tanpa syarat suatu apapun. Biasanya dalam pengumuman UJian Bareng AKhir NAsional kan seperti itu
Gareng :
tapi kan (ragu) tapi ka….
Bagong :
tapi kan lulus
TAK DISANGKA-SANGKA SEMAR DATANG BERPAKAIAN DUKUN
Gareng :
eh … truk … gong … kayane kuwi romo semar
Petruk :
iyo kang .. kuwi romo semar.. wah kok nganti ngerti awake dewe podo ndukun ,, iso remuk ndase awake dewe di keplaki semar
Bagong :
sebentar abang … sepertinya itu bukan bapak semar…
Gareng :
kok ora semar kuwi piye to? Wong wis ceto… mesem tapi kayak wong nangis.
Petruk :
tur awake yo koyo wong wadon, lha wong lanang seng ono nduwe susu yo mung romo Semar tok.
Bagong :
kalau tidak percaya, tak buktikan kalu orang itu (mendekati dan membuka baju semar) bukan bapak semar, tapi (memutar semar) guru spiritual.
Gareng dan petruk :
oh….iyo…. kuwi guru spiritual, dudu Semar..
Semar :
eh, iki bocah kok podo orak duwe sopan santun ing ngatase aku iki wong sekti…tak sabdo dadi kapok kowe kabeh….
Gareng :
sak derange kula nyuwun ngapuntene mbok bilih anggenipun kito sami petingkah ingkang mboten ndamel remene penggelihepun kyai…menawi keparengo kula mangertosi… asmanipun penjenengan meniko sinten?
Semar :
wong takon kuwi wajib dijawab, ngertenono, biasane wong-wong kampong ngundang jenengku Kyai Rames S.Ag, guru spirirtrual orang jawa.
Petruk :
penjenengan menika kados ramene kula asmane Semar
Semar :
neneg ndunya iki akeh rahasia …. Nganti ana rahasia sak jerone rahasia, salah siji contone kuwi, kembar kuwi lumprah…ora mung bapakmu….kemungkinan awak-awakmu yo nduweni kembaran…embuh kuwi neng endi papan panggenan..kuwi istilah kerene doble genger
Petruk :
oh..mekaten to…kyai Rames S.Ag nyambut damele punapa?
Semar :
ya umume wong sing wi sepuh..mung iso ndongakke, menehi pitutur sing apik-apik, nak ono sing njaluk-njaluk pengen munggah pangkat, cedak jodone, cetek rejekine…yo tetep tak bantu sak mampune.
Bagong :
termasuk meluluskan peserta Ujian Bareng Akhir Nasional?
Semar :
termasuk itu juga bisa…itu adalah salah satu keahlianku.
Gareng :
wah..kebeneran menawi mekaten…kula sak adi-adi kula menika bade nglampahi Ujian Bareng Akhir Nasional…kita sedaya ajrih bilih sakmangke mboyen lulus, nak mboten lulus sak mangke nglajenganken ten IAIN.
Semar :
kabeh panggayuhan kuwi ono bebane, nak sanggup nglakoni yo ora masalah.
Petruk :
sanggup kyai.
Semar :
bagus! Dadi cah enom kuwi kudu wani tirakat nak nduweni gegayuhan, ojo mung mbayangke mulyo tampo kerjo,. Saiki sak durunge tak wenehi dongane, awak-awkmu kudu nglakoni pirang-pirang ritual, 1. Moco bismillah, 2. Mengikuti gerakanku (member gerakan yang aneh-aneh), 3.lan sing pungkasan dongo iki wacanen sak durunge nggarap tes. Iki teks e..” ati-ati yo ngger…kuwi ilmu wasilah…nak wis cukup…aku pamit ndisik (keluar)
Gareng :
wah truk, gong….akhhire awake dewe entuk senjata sing kongkrit kanggo ngadepi Ujian Bareng Akhir Nasional.
Petruk :
bener kang, dadi senjatane kayak sing mau, gak karuan nggenahe..
Bagong :
abang…untuk melanyahkan doa ini, mari kita coba doa ini.
Gareng dan petruk :
I agree with you. Mereka menjalan apa yang diperintahkan guru spiritual yang mirip semar tadi.
Gareng, petruk, dan bagong :
(membaca doanya)
SEMAR MASUK SAMBIL MEMARAHI ANAK-ANAKNYA.
Semar :
heh (memanggil dengan membentak) anak-anak durhaka…Nganti ramane dewe wae ora dikenali…rene tak ukum kabeh…Baris! (menghukum). Kowe kabeh disekolahke neng institusi islam kok tingkahmu ora koyo wongislam….ndukun kuwi ora budayamu ngger…ngerti opo ora ?!
mas boleh minta di upload dong naskah dramanya yang lain...
ReplyDeleteMaaf kak, yg bersangkutan sudah menekuni dunia musik...
Deletemantap bisa untuk tampil di acara pentas seni
ReplyDeleteNggih bu..mangga menawi ajeng kangge bahan pentas...
ReplyDelete